Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

Qurbanipun Qabil Lan Habil

Ust. Wismanto

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا

وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Maasyiral muslimin jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur sumangga tansah kita kunjukaken dumateng Allah Ta’ala ingkang sampun paring kenikmatan dumateng sedaya umat ipun saengga wonten siang punika kita tansah manggih rahayu, widada nir ing sambekala. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tenggA syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

 Maasyiral muslimin jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib berwasiat sumangga kita tingkataken taqwa dumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi laranganipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah pikantuk kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 Maasyiral muslimin jamaah jumah rahimakumullah

Ing ndalem al- quran wonten setunggal piwucal minulya arupi sejarah putranipun kanjeng nabi Adam a.s rikala pikantuk pacoben saking Panjenenganipun Allah SWT. Inggih punika nalika Allah SWT dawuh supados kekalih putranipun Adam a.s nindakaken ibadah qurban. Allah SWT Ngendika wonten ing setunggal ayat:

وَاتْلُ عَلَيْهِمْ نَبَأَ ابْنَيْ آدَمَ بِالْحَقِّ إِذْ قَرَّبَا قُرْبَانًا فَتُقُبِّلَ مِنْ أَحَدِهِمَا وَلَمْ يُتَقَبَّلْ مِنَ الْآخَرِ قَالَ لَأَقْتُلَنَّكَ قَالَ إِنَّمَا يَتَقَبَّلُ اللَّهُ مِنَ الْمُتَّقِينَ

Artosipun: “He Muhammad, sira macakna marang umat ira bab sejarahe putrane loro nabi Adam(Qabil lan Habil) kalawan bukti sejarah kang bener. Yaiku nalika sakarone padha cahos qurban mangka kang siji katampa lan sijine ora katampa. Deweke kang ora katampa iku ngucap: “satemene aku mesti mateni kowe” Dheweke kang katampa mangsuli: “satemene Allah hamung anampa qurban saka amale wong kang padha taqwa marang Panjenengane.” ( Al Maidah; 27)   

Maasyiral muslimin jamaah jumah rahimakumullah

Miterat Imam Thabari wonten tafsiripun bilih qurban ingkang katampi inggih punika qurbanipun Habil awit Habil cahos qurban saking kewan ternakipun ingkang paling sae. Qurbanipun Qabil mboten katampi Allah amargi piyambakipun cahos qurban saking hasil panen pertanian ingkang  mboten sae.

Miterat Ibnu Asyur wonten tafsiripun bilih Allah SWT mboten nampi qurbanipun Qabil amargi piyambakipun mboten taat dumateng Allah SWT. Ibnu Asyur njelasaken bilih Allah SWT nampi qurbanipun tiyang ingkang taqwa tegesipun tiyang ingkang ngamal kanti ikhlas. Mila qurbanipun Qabil mboten katampi amargi Qabil mboten ikhlas rikala nindakaken dawuhipun Allah SWT.

Imam As- Syatibi njelasaken bilih ruh utawi inti sedaya amal injih punika taqwa. Mila tujuan qurban inggih punika supados manungsa tansaya taat dumateng Allah SWT lan perduli dumateng sesami. (Al- Muwafaqat).

Allah ngendika wonten ing Al quran surat Al Haj ayat 37:

لَنْ يَنَالَ اللَّهَ لُحُومُهَا وَلا دِمَاؤُهَا وَلَكِنْ يَنَالُهُ التَّقْوَى مِنْكُمْ

 Artosipun : “ora bakal katampa ing Allah daginge lan getihe qurban, ananging kang bakal katampa dening Allah iku taqwanira kabeh . . .(Al Haj: 37)

 Ibnu Katsir ngendika: “ayat iku pinangka dalil menawa kang nyebabake qurban iku katampa ing Allah amarga ikhlase lan taqwane shahibul qurban” (Tafsir Al- Quranul Aziim)

Maasyiral muslimin jamaah jumah rahimakumullah

Saking sejarah menika kita saget mendet hikmah bilih inti ibadah qurban lan sedaya ibadah sanesipun inggih punika taqwa. Artosipun ibadah ingkang kita lampahi kedahipun tansaya ndadosaken kita ajrih lan taat dumateng Allah SWT. Sahingga tansaya katah anggen kita nindakaken ibadah kedahipun tansaya sae ketaatan kita dumateng Allah ugi tansaya sae srawung kita dumateng sesami gesang. Menawi ibadah ingkang kita lampahi saget andadosaken kita sedaya kados mekaten insyallah kita sedaya kalebet golonganipun tiyang- tiyang ingkang pikantuk kabegjan.

Mila kanti menika khatib ngajak sumangga ibadah qurban ingkang bade sareng- sareng kita tindakaken wonten wulan ngajeng kita kanteni niat ingkang leres. Kita niat ikhlas ngajeng- ajeng ganjaranipun Allah SWT lan ugi kita niataken kagem ningkataken perduli kita dumateng sanak sederek lan warga masyarakat. Mugi Allah SWT tansah hanampi ibadah qurban kita sami lan ndadosaken kita sedaya tiyang- tiyang ingkang taqwa. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

 

 


Post a Comment

Lebih baru Lebih lama