Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa
KAUTAMAN 10 DINTEN AWAL DZULHIJJAH
Ust. Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ
الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ
مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا
وَ مِنْ
سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ
فَلاَ هَادِىَ لَهُ
وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
اللّهُمَّ
صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ
إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا
وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Maasyiral muslimin jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur
sumangga tansah kita kunjukaken dumateng Allah Ta’ala ingkang sampun paring
kenikmatan dumateng sedaya umat ipun saengga wonten siang
punika kita tansah manggih rahayu, widada nir ing sambekala. Shalawat ugi salam
mugi tansah katetepaken dumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.
Maasyiral muslimin jamaah jumah rahimakumullah
Wonten
kesempatan khutbah siang puniko khatib berwasiat sumangga kita tingkataken taqwa dumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan
nebihi laranganipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah pikantuk
kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Maasyiral muslimin jamaah jumah rahimakumullah
Salah setunggal
wekdal ingkang dipun mulyaaken Allah Ta’ala inggih punika 10 dinten awal wulan Dzulhijjah. Awit mulyanipun dinten- dinten punika Allah ngantos ngendika wonten ing Al- Quran.
وَالْفَجْرِ
- وَلَيَالٍ عَشْرٍ - وَالشَّفْعِ وَالْوَتْرِ
Artosipun; Demi fajar, Demi sepuluh wengi saka sasi besar, Demi cacah genep lan cacah ganjil. (QS. Al
Fajr:1-3)
Rasulullah SAW
ugi nate
paring pangandika babagan kautaman 10
dinten awal sasi Dzulhijjah:
مَا مِنْ أَيَّامٍ
الْعَمَلُ الصَّالِحُ فِيْهَا أَحَبَّ إِلَى اللهِ مِنْ هَذِهِ اْلأَيَّامِ -
يَعْنِي أَيَّامَ الْعَشْرِ. قَالُوْا: يَا رَسُوْلَ اللهِ، وَلاَ الْجِهَادُ فِي
سَبِيْلِ اللهِ؟ قَالَ: وَلاَ الْجِهَادُ فِي سَبِيْلِ اللهِ إِلاَّ رَجُلاً
خَرَجَ بِنَفْسِهِ وَمَالِهِ ثُمَّ لَمْ يَرْجِعْ مِنْ ذَلِكَ بِشَيْءٍ
Artosipun: “ora ana dina sing amal
shaleh iku luwih ditresnani Allah ngungkuli amal shaleh kang dilakoni ana ing dina-dina iki yaiku 10 dina awal saka wulan
dzulhijah..” Para sahabat tanglet: “mboten ugi jihad wonten marginipun Allah?”
Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika: “ uga udu jihad, kejaba wong kang jihad
kanti jiwa lan bandhane ananging banjur ora mulih (syahid). (HR. Bukhari)
Ibnu Rajab Al Hambali ngendika: “Hadits iku njelasake menawa amalan ing 10 dina awal wulan Dzulhijjah luwih ditresnani
Allah SWT tinimbang ana ing dina liyane” (Lathoifu Al Ma’arif : 469)
Maasyiral muslimin jamaah jumah rahimakumullah
Lajeng punapa kemawon amalan
ingkang dipun anjuraken wonten ing 10 dinten awal wulan Dzulhijjah?
Sepisan
: Shiyam Sunnah
Inggih punika nindakaken
shiyam Arafah utawi shiyam wonten ing tanggal 9 Dzulhijjah. Rasulullah SAW ngendika:
صِيَامُ يَوْمِ عَرَفَةَ أَحْتَسِبُ عَلَى اللَّهِ أَنْ
يُكَفِّرَ السَّنَةَ الَّتِى قَبْلَهُ وَالسَّنَةَ الَّتِى بَعْدَهُ وَصِيَامُ
يَوْمِ عَاشُورَاءَ أَحْتَسِبُ عَلَى اللَّهِ أَنْ يُكَفِّرَ السَّنَةَ الَّتِى
قَبْلَهُ
Artosipun: “Pasa Arafah (9 Dzulhijjah) pinangka panglebur dosa setahun sing wus kapungkur lan setahun sing
bakal tumeka. Puasa Asyura (10 Muharram) pinangka panglebur dosa setahun sing wus kapungkur” (HR. Muslim: 1162)
Kaping Kalih: Dzikir
Wonten ing 10 dinten awal
wulan Dzulhijjah punika kita dipun anjuraken
ngatah- atahi dzikir lan maos kalimat thayibah.
Allah paring pangandikan
wonten ing Al- Quran:
وَيَذْكُرُوا اسْمَ
اللهِ فِي أَيَّامٍ مَعْلُوْمَاتٍ
Artosipun: “Lan
supaya padha nyebut asmane Allah ana ing dina- dina kang wus ditemtokake (dina-
dina qurban)” (Al-Hajj: 28)
Wonten ayat sanes Allah SWT ugi ngendika:
وَاذْكُرُوا اللهَ فِي أَيَّامٍ مَعْدُوْدَاتٍ
Artosipun: “Lan
padha nyebuto anmane Allah ana in dina- dina kang wus ditemtokake” (Al-Baqarah: 203)
Kalebet dzikir ingkang dipun
anjuraken inggih punika ngatah- ngatahi maos
istighfar amargi wonten dinten dinten punika utami sanget kita nyuwun
pangapura dumateng Allah Ta’ala.
Rasulullah SAW paring pangandikan:
مَا مِنْ يَوْمٍ
أَكْثَرَ مِنْ أَنْ يُعْتِقَ اللهُ فِيْهِ عَبْدًا مِنَ النَّارِ مِنْ يَوْمِ
عَرَفَةَ
Artosipun: “ora ana dina, kang Allah mbebasake kawulane
seka neraka luwih akeh tinimbang dina Arafaf.” (HR. Muslim)
Kaping Tiga: Ngatah- ngatahi sedaya amal
kesaenan
Kalebet nderek sunnah inggih
punika kanti ngatah- ngatahi sedaya amal kesaenan punapa kemawon kadosdene: shalat
sunnah, sedekah, lan tumindak becik dumaten tiyang sanes. Sedaya amalan kala wau menawi
katindakaken ikhlas insyaallah bade dados sebab Allah SWT paring kamulyan dumateng kita sedaya.
Maasyiral muslimin jamaah jumah rahimakumullah
Mekaten khutbah ingkang
khatib aturaken wonten siang punika. Sumangga kita ngginaaken 10 dinten wonten
ing wulan Dzulhijjah ingkang bade dateng kagem ngatah- ngatahi amal shalih. Mugi
Allah tansah paring kamulyan dumateng kula lan panjenegan sami. Amiin .
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ
رَبِّ العَالمِيْنَ
وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ
عَلَى أَشْرَافِ
الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ
نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِهِ
وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ
إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
اِنَّ اللهَ
وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ
عَلىَ النَّبِىْ
يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ
آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ
عَلَى مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِ
مُحَمَّدٍ كَمَا
صَلَّيْتَ عَلَى
إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى
آلِ إِبْرَاهِيْمَ،
إِنَّكَ حَمِيْدٌ
مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى
مُحَمَّدٍ وَعَلَى
آلِ مُحَمَّدٍ
كَمَا بَارَكْتَ
عَلَى إِبْرَاهِيْمَ
وَعَلَى آلِ
إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ
حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ
وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ
الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ
وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ
سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ
مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ
اللَّهُمَّ إِنَّا
نَسْأَلُكَ الهُدَى
وَالتُّقَى وَالعَفَافَ
وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ
لَنَا مِنْ
أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا
قُرَّةَ أَعْيُنٍ
وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ
إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا
فِي الدُّنْيَا
حَسَنَةً وَفِي
الْآخِرَةِ حَسَنَةً
وَقِنَا عَذَابَ
النَّارِ
وَصَلَّى اللهُ
عَلَى نَبِيِّنَا
مُحَمَّدٍ وَعَلَى
آلِهِ وَصَحْبِهِ
ومَنْ تَبِعَهُمْ
بِإِحْسَانٍ إِلَى
يَوْمِ الدّيْن
Posting Komentar