img : pexels.com


Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

Mahargya Warsa Enggal 1444 H

Ust. Sadmonodadi

 

إِنّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. اَشْـهَدُاَنْ لاَاِلهَ اِلاَّاللهُ هَدَى مَنْ شَـاءَ اِلَالصِّـرَاطِ الْمُسْـتَقِيْمِ, وَاَشْـهَدُاَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ خَيْرُدَاعٍ اِلَىالطَّـرِيْقِ الْقَوِيْمِ. اَللّهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ. اَمَّابَعْدُ : يَااَيُّهَـاالنَّاسُ ! اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِىبِتَقْوَى اللهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ. قَالَ تَعَالَى: يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Jama'ah Jum'at ingkang minulya!

Alhamdulillah, sedaya puji lan pangalembana kunjuk dhumateng Ngarsa Dalem Allah. Shalawat saha salam mugi katetepna dhumateng Rasulullah, dhumateng keluarganipun, dhumateng para sahabat lan  sumrambahipun dhumateng kita sami. Mangga kita sami tansah ngepenaken anggen kita ngibadah dhumateng Allah murih kita sami cinathet minangka ewonipun tiyang-tiyang ingkang taqwa.

Kaum muslimin ingkang dipun rahmati Allah!

Mboten dangu malih kita sami badhe lumebet  ing warsa enggal 1444 H.  Warsa enggal punika  prayogi kapahargya kanthi kebak pangajeng-ajeng, kanthi kebak raos optimis. Kita sami gadhah panyuwunan, tahun 1444 hijriyah mugiya mbekta kathah-kathahipun kesaenan tumrap sedaya manungsa umumipun lan umat Islam khususipun.

Mboten anamung mbetahaken pangajeng-ajeng sae kemawon, wekdal ingkang badhe dumugi kedah dipun rencana murih ndumugeaken bebathen menggahing gesang kita donya akhirat. Ing bab pentingipun  nggadhahi rencana  Allah ngendika ing dalem ayat 18 saking serat al-Hasyr :

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَا قَدَّمَتْ لِغَدٍ ۖ وَاتَّقُوا اللَّهَ  إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ  

He wong-wong kang padha iman, padha taqwaa ing Allah dan saben-saben pribadhi padha gatekna apa kang wus sira tindaake kanggo dina sesuk (akherat). Padha bektia ing Allah, saktemene Allah iku Maha Priksa  marang samubarang kang padha sira lakoni”.

Midherek Imam Ibnu Katsir ayat punika nggadhahi pangertosan : hisaben pribadhimu sakdurunge dihisab dening Allah ing akherat sesuke lan padha gatekna amal shaleh kang wus sira kumpulake kanggo sangu bali marang Allah.

Kaum muslimin rahimakumullah!

Saking pangandikan Imam Ibnu Katsir saged kita pendhet pangertosanipun bilih wonten kalih perkawis ingkang kedah kita tindaaken ing wekdal gantosing warsa. Kalih perkawis kasebat inggih punika :

Sepisan, muhasabah.

Muhasabah utawi mawas diri mujudaken perkawis ingkang wigatos  tumrap sedaya muslim. Awit kanthi mawas diri, saben-saben muslim saged mirsani kekirangan lan kalepatanipun. Kanthi priksa kekirangan lan kalepatanipun, saben-saben muslim saged ikhtiar kangge njangkepi kekirangan, ngleresaken ingkang lepat,  munggel ingkang kepanjangen, nyambung ingkang cupet.

Mawas diri punika saged nyekedhikaken kalepatanipun manungsa. Soksintena tiyang ingkang ngetang-etang amalipun sak derengipun dipun hisab (etang) dening malaikat,  soksintena tiyang purun  nimbang amalipun sak derengipun dinten panimbangan amal (kiamat), mangka piyambakipun kalebet tiyang ingkang beja. Wondene sinten lirwa ing mawas diri, badhe pikantuk kacilakan. Sayyidina Ali r.a. nate ngendika :

مَنْ حَا سَبَ نَفْسَهُ رَبِحَ وَمَنْ غَفَلَ عَنْهَا خَسِرَ

Sapa kang mawas dhiri bakal bathi. Sapa kang nglirwaake bakal tuna”.

Menggah wigatosing mawas dhiri, wonten satunggal kalodhangan Amirul Mu’minin Sayyidina Umar r.a. ngemutaken :

حَاسِبُوا أَنْفُسَكُمْ قَبْلَ أَنْ تُحَاسَبُوا وَزِنُوهَا قَبْلَ أَنْ تُوزَنُوا وَتَأَهَّبُوا لِلْعَرْضِ الْأَكْبَرِ عَلَى اللهِ يَومَئِذٍ تُعْرَضُونَ لَا يَخْفَى مِنْكُمْ خَافِيَة.

 “Padha pepetunga kowe kabeh sak durunge kowe padha dipetung. Timbangen amalmu sak durunge amalmu  ditimbang. Lan padha cecawisa sangu kanggo patemon gedhe. Dina nalikane bakal diketokke apa wae saka sira lan ora ana kang ketutupan”.

Miterat Imam al-Ghazali muhasabah dipun tindaaken ing tigang papan. Tiga papan wau inggih punika :  mawas diri ing babagan nindaaken kewajiban-kewajiban ingkang sampun dipun dhawuhaken dening Allah (al-faraidh), mawas diri ing babagan  tumindak ingkang nyebabaken dosa (al-ma’ashi) lan mawas diri ngengingi umur ingkang sampun kelampahan

Kaum Muslimin rahimakumullah!

Kaping kalih, ayat 18 saking serat al-Hasyr ngemutaken supados saben-saben muslim nyiapaken sangu kangge perlunipun gesang akhirat.

Midherek kanjeng Rasul, donya punika papan kangge tetanem, panenipun wonten akhirat (ad-dunya  mazraatul aakhirah – donya iku sawahe akhirat). Allah ndadosaken donya punika pinangka margi tumuju dhumateng akhirat. Donya punika sanes akhiring gesang kita, ananging amanung mujudaken margi sakderengipun kita nglampahi gesang ingkang saestu, gesang ingkang langgeng ingkang mboten wonten akhiripun. 

Sok sintena tiyang ngisi gesang punika kangge thaat dhumateng Allah kanthi nyawijeaken ing Allah, lan netepi  sunnah Rasulullah, piyambaaken badhe pikantuk kesaenan gesang ing akherat. Kosok wangsulipun, tetiyang ingkang ngginaaken gesang donyanipun kangge nuruti hawa nefsu lan ajakanipun syetan, tetiyang wau badhe wangsul dhumateng ngarsanipun Allah kanthi mustaka tumungkul. Tiyang wau badhe pikantuk gesang  ingkang awrat lan  mboten nyekecaaken.

Pramila penting menggahing mukmin-muslim sami nindaaken amal shalih. Ngisi wekdal-wekdal ing dalem gesangipun kanthi kathah-kathahipun kesaenan.

Kaum muslimin rahimakumullah!

Estunipun Allah sampun paring pitedah murih tiyang iman mboten tuna gesangipun. Ing dalem serat al-Ashr ayat 1 ngatos 3 Allah ngendika :

وَالْعَصْرِۙ. اِنَّ الْاِنْسَانَ لَفِيْ خُسْرٍۙ.  اِلَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ ەۙ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ.   

"Demi wektu, temen, manungsa iku tansah ana ing kahanan tuna, kejaba wong kang iman lan nindaake kebecikan lan padha ajak-ajak marang bebener  lan padha ngajak-ajak marang sabar".

Menawi mboten kepengin pikantuk kapitunan ing dalem gesangipun, tiyang iman kedah tansah nindaaken amal shalih, ngajak-ajak dhumateng tumindak leres lan  ngajak-ajak sabar ing dalem nindaaken thaat.

Jama'ah Jum'at rahimakumullah!

Ing ndalem ngginaaken wekdal murih pikantuk bebathen, Kanjeng Rasul kepareng paring pemut :

اغْتَنِمْ خَمْسًا قبلَ خَمْسٍ: شَبابَكَ قبلَ هِرَمِكَ، وصِحَّتَكَ قبلَ سَقَمِكَ، وغِناكَ قبلَ فَقْرِكَ، وفَرَاغَكَ قبلَ شُغْلِكَ، وحَياتَكَ قبلَ مَوْتِكَ

"Manfaatna limang perkara sak durunge limang perkara : Enommu sak durunge tumeka  tuamu, kahanan sehatmu sak durunge tumeka kahanan laramu, kahanan sugihmu sakdurunge kahanan fakirmu, kahanan lodhangmu sakdurunge kahanan rupekmu lan uripmu sakdurung tumeka patimu". 

Makaten khutbah ing Jum'at dinten punika. Mugi-mugi warsa enggal 1444 H dados sarana tumuruning kabegjan ingkang kebak rahmat dhumateng kita sami. Mugi-mugi ing tahun 1444 kita dipun paring kasantosan iman, kasarasan lan dipun  gampilaken nindaaken kathah-kathahipun ibadah lan amal shalih.

 أَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ الَّذِيْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ هُوَ الْحَيُّ الْقَيُّوْمُ وَأَتُوْبُ إِلَيْهِ.

Khutbah 2

اَلْحَمْدُ ِللهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْـهَدُ أَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ  وَاَشْـهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَىخَاتَمِ اْلأَ نْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.  اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ.  رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلّاً لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَّحِيمٌ  رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنفُسَنَا وَإِن لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ. رَبَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَا إِن نَّسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا ۚ رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِن قَبْلِنَا ۚ رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ ۖ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا ۚ أَنتَ مَوْلَانَا فَانصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ.  رَبَنَا ءَاتِنَا فِي الدّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النّارِ. وَصَلى الله وسَلم عَلَى مُحَمد تسليمًا كَثيْرًا  وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ ..

 

 

Silahkan download dan sebarluaskan naskah khutbah jum'at singkat bahasa  Jawa format PDF melalui tautan link berikut:



Download PDF 

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama