Source: pexels.com

Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa                                                

Pepeling Akhir Tahun

Ust. Wismanto

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا

وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur sumangga tansah kita kunjukaken dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat dhumateng sedaya umat ipun saengga wonten siang menika kita tansah manggih rahayu, widada nir ing sambekala. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamat.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang menika khatib wasiat sumangga kita tingkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuh lan nebihi laranganipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah manggih kamulyan fidunya wal akhirah. Amiin.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Pinten dinten malih kita sedaya bade nilaraken tahun 1443 H tumuju tahun enggal 1444 H. Mila, khatib ngajak sumangga kita sedaya sami ngevaluasi (permati ing sarira) dhumateng badan kita piyambak- piyambak. Sepinten dhawuhipun Allah SWT ingkang sampun kita lampahi wonten tahun menika, lan sepinten ingkang dereng kita lampahi. Mekaten ugi sepinten awisanipun Allah ingkang sampun kita tebihi, lan sepinten ugi ingkang tasih kita langgar. Amargi permati ing sarira mujudaken sarana kagem kita ningkataken ketaatan dhumateng Allah SWT. Allah sampun ngendika:

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌ ۢبِمَا تَعْمَلُوْنَ

Artosipun: “He wong mukmin kabeh!, sira padha wedia ing Allah, lan saben sira kudu permati ing sarira apa kang dilakoni kanggo sangu ing dina besuk, lan sira pada wedia ing Allah, sanyata Allah iku maha waspada marang kang pada sira lakoni.” (Al Hasyr: 18).

Ngendika Ibnu Katsir wonten tafsiripun:”yaiku pada hisaben (etungen) amalmu sadurunge sira dihisab. Lan pada gatekna sangunira arupa amal kabecikan kanggo ngadep sowan ing Allah ana ing dina akhir.” (Tafsir Alquranul, Azim).

 Jamaah jumah rahimakumullah

Wekdal menika lumampah terus, mboten badhe kendel napa malih wangsul mundur. Punapa ingkang sampun kita lampahi ing wekdal wingi mboten saget pun wangsuli. Menawi kala wingi nglampahi kebecikan mila sagetipun namung kita syukuri lan kita tingkataken ing dinten menika. Mekaten ugi menawi kala wingi nglampahi tumidak awon, mila sagetipun namung dipun dandosi kanthi mertobat lan nindakaken kebecikan ing dinten menika. Mila tiyang ingkang beja menika tiyang ingkang saget permati ing sarira lajeng ningkataken kabecikan- kabecikanipun. Kosok wangsulipun tiyang ingkang cilaka inggih menika tiyang ingkang babar blas mboten saget permati ing sarira lan mboten saget ningkataken kabecikanipun.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Panjenegan sedaya mesti ngersaaken pikantuk kabegjan lan slamet saking kacilakan. Mila wonten ing akhir tahun menika sumangga kita hisab sedaya lampah panggesangan ing wekdal ingkang sampu kapengker lajeng kita ginaaken wekdal ingkang tasih kaparingaken dhumateng kita sedaya kagem nindakaken kabecikan. Rasulullah sampun nate paring pepeling dhumateng sedaya umatipun:

اِغْتَنِمْ خَمْسًا قَبْلَ خَمْسٍ : شَبَابَكَ قَبْلَ هَرَمِكَ وَ صِحَّتَكَ قَبْلَ سَقَمِكَ وَ غِنَاكَ قَبْلَ فَقْرِكَ وَ فَرَاغَكَ قَبْلَ شَغْلِكَ وَ حَيَاتَكَ قَبْلَ مَوْتِكَ

Artosipun: “Sira pada gunakna limang perkara sadurunge teka limang perkara: waktu enommu sadurunge teka waktu tuamu, waktu sehatmu sadurunge waktu laramu, waktu sugihmu sadurunge teka waktu mlaratmu, waktu longgarmu sadurunge waktu sempitmu, lan waktu uripmu sakdurunge teka patimu”. (HR. Al Hakim)

Ghanim bin Qais ngendika: “ing waktu awal islam para shabat pada seneng aweh  pepeling:”He para manungsa, sira pada nindhakna amal ing waktu longgar sadurunge teka waktu sempitmu, lan pada nindhakna amal ing wektu enomu sadurunge teka waktu tuamu, lan pada nindhakna amal ing waktu sehatmu sadurunge teka waktu laramu, lan pada nindhakna amal ing dunya kanggo akhiratmu”. (Jaami’ul Ulum Wal Hikam: 2:387-388)

Ibnul Qayyim ngendika: “Sapa wonge anggunaake waktune kanggo taat ing Allah lan ibadah, mula satemene deweke wus oleh umur kang becik.Lan sapa wonge anggunaake umure kanggo urusan kang muspra, nuruti syahwat, lan tumindak kang olo, mula satemene mati iku luwih becik tumrap deweke.” ( Az Zuhdu lil Ahmad bin Hambal:3;381)

 Jamaah jumah rahimakumullah

Kanti menika khatib ngajak sumangga kita tansah angginaaken wekdal kagem nindakaken ketaatan dhumateng Allah, mugi kita sedaya tansah pikantuk pitedah lan taufiq saengga saget istiqamah ing ndalem nindakaken ketaatan, kabecikan lan sedaya kesaenan, Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih


الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

 

Silahkan download dan sebarluaskan naskah khutbah jum'at singkat bahasa  Jawa format PDF melalui tautan link berikut:



Download PDF 

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama