Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa Spesial HUT-RI 77

Nagari Ingkang Aman

Lan Tata  Tenteram

Ustadz Wismanto

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا

وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur sumangga tansah kita kunjukaken dhumateng Allah Ta’ala ingkang sampun paring rahmat dumateng sedaya umat ipun saengga wonten siang menika kita tansah manggih rahayu, widada nir ing sambekala. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang menika khatib wasiat sumangga kita tingkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi laranganipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah manggih kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Ing ndalem al-quran Allah nyriosaken sejarah umat jaman rumiyin pinangka piwucal kagem umat manungsa jaman sakmenika. Seperangan ingkang dipun sebataken ing al-quran inggih menika kisah umat- umat ingkang ingkar dumateng Allah SWT. Allah nyebataken sejarah menika supados umat manungsa sami mendet piwucal menggah awonipun lan cilakanipun umat- umat ingkang wantun ingkar lan mbangkang dumateng Allah SWT. Allah ngendika ing ndalem al- quran:

 وَضَرَبَ اللَّهُ مَثَلا قَرْيَةً كَانَتْ آمِنَةً مُطْمَئِنَّةً يَأْتِيهَا رِزْقُهَا رَغَدًا مِنْ كُلِّ مَكَانٍ فَكَفَرَتْ بِأَنْعُمِ اللَّهِ فَأَذَاقَهَا اللَّهُ لِبَاسَ الْجُوعِ وَالْخَوْفِ بِمَا كَانُوا يَصْنَعُونَ

 Lan Allah andamel sanepa ing sawijining negara kang kahanane mbiyen aman lan tata tentrem, rejekine jembar tekane saka ngendi- endi panggonan, ananging para wargane banjur kufur marang kanikmatan- kanikmatan saka Allah mau, banjur Allah nuli ngicipake marang wong- wong mau rasa ngelih (paceklik) lan rasa wedi jalaran perkara kang wus pada ditindakake”. (QS. An Nahl 112)

Ayat menika nerangaken kahanan masyarakat Mekah. Mekah menika nagari ingkang aman tata lan tentrem sinten ingkang mlebet ing nagari menika mesti dipun jamin keslametanipun. Ananging banjur  pendudukipun ingkar marang Allah injih menika nalika dipun utus Muhammad pinangka nabi lan rasul. Penduduk mekah katah ingkang mbangkang lan mengsahi dakwahipun nabi Muhammad SAW. Sahingga nabi lan para sahabat hijrah wonten ing Madinah. Mila mekah ingkang sakwaunipun aman tata lan tentrem banjur dados nagari ingkang mboten aman lan nandang paceklik sahingga pendudukipun sami sengsara.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Kita sedaya mesti pingin nagari kita aman lan tata tentrem sarta pinaringan rejeki ingkang barakah. Margi kagem nggayuh sedaya kalau wau sejatosipun sampun kaserat ing ayat alquran wonten ngginggil. Mila kagem nggayuh panggesangan ingkang sekeca, aman lan tata tenrem saget dipun lampahi kanthi njagi ketaatan dhumateng Allah. Taat dhumateng Allah menika menawi dipun rinci saget kaperang dados kalih perangan:

1.      Nindakaken sedaya dawuhipun.

Allah ngendika ing al- quran:

وَاَطِيْعُوا اللّٰهَ وَالرَّسُوْلَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَۚ

“Lan sira pada ngestakna dawuhing Allah lan Rasule, muga- muga sira kabeh diparingi kawelasan dening Allah”. (QS. Ali Imran:132).

Taat dumatheng Allah menika minangka sebab Allah paring rahmat utawi kawelasan. Menawi gesang kita sampun kaparingan rahmat mila estu kita sedaya badhe ngraosaken ayem tentrem. Sahingga taat dumateng Allah menika wajib kita lampahi menawi kita kepingin pinaringan ayem tentrem lan rejeki ingkang barakah. Taat dumateng Allah menika mboten cekap namung nindakaken ibadah mahdhah, ananging ugi kanti tumindak sae dumateng sesami gesang wonten ing masyarakat minggahipun berbangsa lan bernegara. Kadosdene njagi silaturahmi, njagi persatuan, guyup rukun, remen tulung tinulung, tumindak jujur lan adil. Menawi sedaya warga saget nindakaken kesaenan- kesaenan kados menika estu masyarakat badhe ngraosaken gesang ingkang aman lan tata tentrem.

2.      Nebihi sedaya laranganipun.

Nebihi laranganipun Allah menika dados sebab Allah paring ridha dumateng kita. Kita sedaya warga masyarakat Indonesia menawi kepingin nagari kita tansah aman lan tata tentrem mila kedah sesarengan nebihi laranganipun Allah. Kadosdene: korupsi, mateni tiyang, ngapusi tiyang katah, tulung- tinulung ing laku kemaksiyatan, lan tumindak awon sanesipun. Allah ngendika ing al- quran:

وَتَعَاوَنُوْا عَلَى الْبِرِّ وَالتَّقْوٰىۖ وَلَا تَعَاوَنُوْا عَلَى الْاِثْمِ وَالْعُدْوَانِ ۖوَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِ

“Pada tulung- tinulunga sira ana ing laku kabecikan lan taqwa, lan sira aja pada tulung- tinulung ana ing laku dosa lan memungsuhan. Lan pada wedia sira marang Allah. Satemene Allah iku abot panyiksane.” (QS. Al Maidah: 2)

Jamaah jumah rahimakumullah

Mila kita sedaya warga Indonesia wajib njagi katentreman nagari kita kanthi sareng- sareng nindakaken kesaenan lan nilaraken sedaya tumindak awon. Mugi Allah SWT tansah njagi nagari kita Indonesia saking sedaya laku awon oknum- oknum ingkang bade damel kerisakan wonten ing nagari menika.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

Silahkan download dan sebarluaskan naskah khutbah jum'at singkat bahasa  Jawa spesial HUT RI ke 77 ini dengan format PDF melalui tautan link berikut:

 



Post a Comment

Lebih baru Lebih lama