Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

Gegancangan Nindaaken

Amal Shalih

Ustadz Sadmonodadi

 

الْحَمْدُ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن. يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ، أَمّا بَعْدُ :

Maasyiral muslimin rahimakumullah.

Syukur lan pangalembana konjuk dhumateng Allah subhanahu wa ta'ala Ingkang Maha Mulya lan Maha Agung. Shalawat saha salam mugi tansah kaparingna dhumateng Rasulullah Muhammad shallallahu 'alaihi wassalam, dhumateng kulawarga nabi, dhumateng para shahabat lan mugi-mugi lumeber ugi dhumateng kula panjenengan sami.

Mangga kita tansah ikhtiar ningkataken taqwa dhumateng Allah SWT kanthi nindaaken sedaya dhawuh-Ipun lan saestu-estu nilaraken sedaya awisanipun. Lan prayogi kita sami ngencengaken anggen kula-panjenengan sami cecepengan dhumateng al-Qur'an lan sunnah-sunnah Rasulullah shallallahu 'alaihi wassalam.

Sedherek-sedherek jama'ah Jum'at ingkang minulya

Agami suka piwucal bilih gesang wonten donya punika mboten langgeng. Setunggal wekdal manungsa punika badhe pejah lan badhe lumebet dhumateng gesang ingkang saestu inggih punika gesang ing akhirat. Miterat ahli ilmu, ad-dunya mazra'atul aakhirah – donya iku sawahe akhirat. Wonten donya manungsa nanem kathah-kathahipun winih, hasilipun badhe kapanen wonten akhirat samangke. Hasil ingkang dipun panen gumantung wiji ingkang dipun tanem. Wohipun kesaenan awujud kesaenan ugi. Dosa lan maksiyat badhe ngasilaken kathah-kathahipun siksa lan panandhang.

Agami ngersaaken tiyang ingkang iman ngisi wekdal wonten donya punika kanthi kesaenan. Ikhtiar ngisi dinten-dintenipun kanthi sakathah-kathahipun lan sasae-saenipun amal. Anamung kanthi nanem winih ingkang sae manungsa pantes  ngajeng-ajeng gesang kebak kabingahan ing akhirat. Allah Ta'ala ngendika ing ayat 26 saking surah Yunus :

لِلَّذِيْنَ اَحْسَنُوا الْحُسْنٰى وَزِيَادَةٌ ۗ وَلَا يَرْهَقُ وُجُوْهَهُمْ قَتَرٌ وَّلَا ذِلَّةٌ ۗ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْجَنَّةِ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ

"Tumrap wong-wong tumindak becik, ana nugraha kang becik (arupa swarga) lan  tambahing nikmat (arupa mriksani Allah). Lan raine wong-wong mau ora katutupan bledug ireng lan ora (uga) ing kahanan ina. Wong-wong iku penduduk swraga, wong-wong iku langgeng ing njerone."

Kaum muslimin rahimakumullah!

Mboten anamung ndhawuhaken para mukmin supados ngathah-ngathahaken amal sholih, Allah ugi paring dhawuh murih amal shalih wau dipun tindaaken kanthi gegancangan.

Pangandikan  Allah ing ayat 114 saking surat Ali Imran :

يُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَيَأْمُرُوْنَ بِالْمَعْرُوْفِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ وَيُسَارِعُوْنَ فِى الْخَيْرٰتِۗ وَاُولٰۤىِٕكَ مِنَ الصّٰلِحِيْنَ

"Wong-wong mau padha iman marang Allah lan dina akhir, ajak-ajak marang kang ma'ruf lan nglarang kang mungkar lan gegancangan (nindaake) bebener. Wong-wong mau kalebu wong-wong kang shalih".

Ing dalem setunggal kalodhangan, Rasulullah SAW paring nasehat dhumateng para shahabat murih gegancangan nindaaken amal shalih, sinaosa para shahabat punika mujudaken tetiyang ingkang sampun peng-pengan imanipun. Ngendikanipun Rasulullah :

بَادِرُوا بِالْأَعْمَالِ فِتَنًا كَقِطَعِ اللَّيْلِ الْمُظْلِمِ يُصْبِحُ الرَّجُلُ مُؤْمِنًا وَيُمْسِي كَافِرًا أَوْ يُمْسِي مُؤْمِنًا وَيُصْبِحُ كَافِرًا يَبِيعُ دِينَهُ بِعَرَضٍ مِنْ الدُّنْيَا

"Gegancangana nindaake ama-amal shalih. Sebab sawiji fitnah bakal tumeka kaya dene bengi kang peteng. Sawiji wong kang esuke mukmin, sorene dadi kafir. Lan sawiji wong sorene kafir, esuke dadi mukmin. Dheweke ngedol agamane kanthi rega donya." (Hadits Riwayat Muslim).

Kautamen setunggal tiyang ing Ngarsanipun Allah SWT, kejawi gumantung dhumateng iman lan amal shalihipun ugi kapiji saking anggenipun gegancangan anggenipun iman lan nindaaken amal shalih. Mboten sami antawisipun tiyang-tyang ingkang rumiyin anggenipun mlebet Islam (as-sabiqunal awwalun) kaliyan tiyang-tiyang ingkang kentun. Mboten sami jama'ah ingkang wonten shaf awal ing dalem shalat kaliyan tiyang ingkang wonten barisan wingking. Benten derajadipun tiyang ingkang ngrawuhi Jum'at paling awal dibanding ingkang akhir.

Jama'ah Jum'at rahimakumullah!

Ing antawisipun sebab tiyang iman perlu gegancangan ing dalem nindaaken amal shalih inggih punika :

Sepisan, amargi wekdal kita  estunipun anamung wekdal menika.

Kesempatan kita kangge nindaaken amal anamung saat menika. Kala wingi sanes gadhahan kita malih. Ingkang sampun kelampahan mboten saged dipun wangsuli. Piawon kala wingi mboten saged dipun dandani, wondene kesaenanipun mboten saged dipun wangsuli. Sedaya anamung kantun sejarah. Piawonipun anamung nilaraken getun, kesaenanipun nuwuhaken raos syukur.  

Wondene wekdal benjang dereng dados gadhahan kita. Kita mboten mangertos menapa kita taksih  dipun kersaaken saged mangertos jumedhulipun srengenge benjang.  Mangka saestu tuna tiyang-tiyang ingkang nglirwaaken wekdal punika tanpa tumindak sae. Cilaka sanget tetiyang ingkang wekdalipun katelasaken kangge tumidak awon ingkang tundhonipun anamung ndumugekaken kacilakan lan panandhang ing akherat samangke.

Jama'ah Jum'at rahimakumullah!

Sebab kaping kalih kenging menapa kita kedah cekat-ceket nindaaken amal shalih inggih punika amargi Allah ndhawuhaken dhumateng tiyang iman murih gegancangan nindaaken dhawuh. Sinten ingkang gegancangan tumindak sae, mangka Allah njanjeaken dhumateng tetiyang wau nugraha ingkang agung. Allah Ta'ala ngendika :

وَسَارِعُوا إِلَى مَغْفِرَةٍ مِنْ رَبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمَوَاتُ وَالْأَرْضُ أُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِينَ

Pada gegancangana sira marang pangapurane Allah lan marang swarga kang jembare kaya jembare langit lan bumi kang dicawisake tumrap wong-wong kang takwa." (QS. Ali Imran: 133).

Jama'ah rahimakumullah!

Kaping tiga, kenging menapa kita perlu gegancangan ing dalem tumindak sae inggih punika amargi saben-saben amal punika nggadhahi wekdalipun piyambak.

Saben-saben wekdal punika wonten amalipun piyambak. Kanyata kathah amal shalih ingkang nggadhahi wekdal ingkang sampun tartamtu. Nalika wekdalipun telas mangka pungkas ugi kesempatan kangge nindaaken. Shalat umpaminipun nggadhahi wekdal khusus kangge nindaaken. Sholat dhuhur anamung saged dilampahi ing wekdalipun inggih punika nalikanipun srengenge sampun ngglewar ngantos wewayangan setunggal barang langkung panjang tinimbang barang aslinipun. Makaten ugi shiyam, haji, qurban lan ibadah sanesipun ingkang anamung saged katindaaken ingkang sampun gumathok.

Ma'asyiral muslimin rahimakumullah!

Sebab ingkang kaping sekawan  inggih punika amargi kesempatan kangge nindaaken amal dipun paringaken dhumateng setunggal tiyang anamung ing dalem kesempatan  ingkang tartamtu kemawon. Tiyang sugih dipun paring kesempatan nindaaken amal ngginaaken bandhanipun. Tiyang-tiyang ingkang pinter dipun paringi kesempatan   nindaaken amal kanthi ilmunipun. Pemimpin dipun paring kesempatan nindaaken amal kanthi kuwaosipun. Sampun ngantos Allah mendhet kesempatan wau lan kita dereng tumindak sae.  Kesehatan, wekdal , gesang, arta bandha, kuwaos, kalenggahan punika mujudaken kesempataa kangge nindaaken amal.

Jama'ah Jum'at rahimakumullah!

Mboten wonten wekdal malih kangge nimbang-nimbang. Anamung sak menika wekdal kita. Prayogi kita sami gegancanagn nindaaken amal shalih netepi kaliyan wekdalipun. Mangga kita sami gegancangan nindaaken kesaenan ngantos takdir nemtoaken wekdal kita sampun dumugi akhir.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، وَادْعُوْهُ يَسْتَجِبْ لَكُمْ.

KHUTBAH KEDUA:

اَلْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَالْعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ، وَلَا عُدْوَانَ إِلَّا عَلَى الظَّالِمِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ   الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ ، وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الصَّادِقُ الْوَعْدُ الْأَمِيْنُ. عِبَادَ اللهِ ، أُوْصِيْكُمْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.

Jamaah Jum'at ingkang dipun rahmati Allah!

Mawantu-wantu kula ngemutaken dhumateng pribadhi kula piyambak lan para jama'ah sami, mangga tanpa kendhat kita ngaturaken panyuwunan dhumateng Allah, murih kawilujengan lan kasantosan tansah kaparingaken dhumateng Rasulullah SAW, keluarganipun, para shahabat lan dhumateng sedaya pendherekipun ngatos akhir zaman. 

Allah sampun ngemutaken ing dalem al-Qur'an :

إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً

"Satemene Allah lan malaikat-malaikat-E shalawat tumrap Nabi. He wong-wong kang padha iman, shalawata sira tumrape Nabilan padha shalawata sira  kanggone Nabi  lan padha uluka salam kurmat marang piyambake Nabi".  (Al-Ahzab: 56).

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ.

. للَّهُمَّ أَعِزَّ الْإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. اَللهُمَّ تَقَبَّلْ مِنَّا صَلاَتَنَا وَصِيَامَنَا وَأَعْمَالَنَا وَجَمِيِعَ عِبَادَاتَنَا بِرَحْمَتِكَ يَا َأرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِوَالِدِيْنَا وَاْرحَمْهُمَا كَمَا رَبَّيَانَا صِغَارًا. رَبَّنَا اتِنَـا فِى الدُّنْيـَا حَسَنَةً وَّفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَـا عَذَابَ النَّارِ. وَ اَلْحَمْدُ ِللهِ رَبّ الْعَالَمِينَ

Silahkan download dan sebarluaskan naskah khutbah jum'at singkat bahasa  Jawa format PDF melalui tautan link berikut:



Download PDF  

 

 


Post a Comment

Lebih baru Lebih lama