Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa
Pemimpin Ingkang Sae
Ustadz Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ
وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ
فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ ,وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى
نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ
الدِّيْنِ أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ
ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ
وَلاَ تَمُوْتُنَّ
إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur sumangga tansah kita kunjukaken dhumateng Allah Ta’ala ingkang
sampun paring rahmat dumateng sedaya umat ipun saengga wonten siang menika kita tansah manggih rahayu,
widada nir ing sambekala. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW
ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing
dinten kiyamah.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang menika khatib wasiat sumangga kita
tingkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi
laranganipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah manggih kamulyan fiddunya wal
akhirah. Amiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Islam njelasaken
bilih saben- saben kita menika pemimpin lan badhe pun tuntut menggah sae lan awonipun
rikala kita nindakaken jejibahan. Menawi sae anggen kita ngayahi jejibahan dados pemimpin mila kamulyan
ingkang badhe kita tampi. Ananging menawi awon anggen kita ngayahi jejibahan
menika mila kacilakan ingkang badhe kita tampi. Mila wonten khutbah siang
menika badhe khatib aturaken kadospundi ciri- ciri pemimpin ingkang sae menika.
1.
Adil
Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika:
....سَبْعَةٌ يُظِلُّهُمْ
اللهُ فِي ظِلِّهِ يَوْمَ لاَ ظِلَّ إِلاَّ ظِلُّهُ: اْلإِمَامُ الْعَادِلُ
” Pitung
golongan kang bakal oleh pitulungane Allah ana ing dina kang ora ana pitulungan
kejaba pitulungan Panjenengane Allah: Yaiku pemimpin kang adil . . ” (HR.
Al Bukhari lan
Muslim)
Adil menika tegesipun mboten
pilih sih nalika ngladosi rakyatipun. Adil kedah dados ciri pokok setunggalipun
pemimpin. Kanthi sifat adil badhe andadosaken warga masyarakat rumaos ayem
tentrem amargi dipun ayomi lan dipun ladosi kanthi sae. Sahingga sifat adil
menika saget andadosaken inggilipun derajad tiyang kasebat wonten ngarsanipun
Allah SWT.
Allah
Ta’ala ngendika:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
كُونُوا قَوَّامِينَ لِلَّهِ شُهَدَاءَ بِالْقِسْطِ ۖ وَلَا يَجْرِمَنَّكُمْ
شَنَآنُ قَوْمٍ عَلَىٰ أَلَّا تَعْدِلُوا ۚ اعْدِلُوا هُوَ أَقْرَبُ لِلتَّقْوَىٰ
ۖ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ
إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا
تَعْمَلُونَ
“He para wong mukmin, sira iku padha dadia wong kang tumindak adil amrih
tansah ngedegake barang kang bener karana Allah, lan dadi saksi kalawan adil;
lan aja nganti anggonmu gething marang sawijining golongan nyebabake sira ora
tumindak adil, sira padha tumindaka adil jalaran adil iku luwih cedhak marang
taqwa, lan padha taqwaa ing Allah jalaran Allah iku Maha Waspada ing samubarang
kang padha sira tindakake” (QS.Al Maidah: 8)
2.
Pinitados (Amanah)
Pemimpin
menika kedhah kagungan watak pinitados (Amanah), ateges nindhakaken sedaya
tanggeljawabipun kanthi estu. Mboten pareng setunggal pemimpin menika
angginaaken wewenangipun kagem tumindhak khianat, ngapusi rakyat, lan namung
pados keuntungan pribadi. Ngendika Allah ing al- quran surah al-qassas (28) ayat 26:
قَالَتْ إِحْدَاهُمَا يَا أَبَتِ
اسْتَأْجِرْهُ ۖ إِنَّ خَيْرَ مَنِ اسْتَأْجَرْتَ الْقَوِيُّ الْأَمِينُ
“Salah sawijining bocah wadon loro iku matur marang
Ramane: :Dhuh Rama! Mugi tiyang anem menika panjenengan berahi dados pangen
menda kita, jalaran sae-saenipun tiyang ingkang dipun berahi menika, tiyang
ingkang kiyat tur pinitados”.( QS al-Qassas; 26)
Ngendika
Rasulullah :
أَدِّ الأَمَانَةَ إِلَى مَنِ
ائْتَمَنَكَ
“Tindhakna
amanat marang wong kang nitipake amanat marang sira”. (HR. Abu Daud no. 3535, At
Tirmidzi no. 1624, hasan shahih)
Hadirin jamaah jumah
Mekaten seperangan ciri
pemimpin ingkang sae miterat islam. Mugi Allah SWT tansah paring pitedhah
dumatheng kita sedaya saengga kita saget dados pemimpin ingkang sae amargi
saben- saben kita menika sejatosipun pemimpin.
أَقُوْلُ
قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ لِي وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kedua
لحَمْدُ
للهِ
رَبِّ
العَالمِيْنَ
وَالصَّلاَةُ
وَالسَّلاَمُ
عَلَى
أَشْرَافِ
الأَنْبِيَاءِ
وَالمرْسَلِيْنَ
نَبِيِّنَا
مُحَمَّدٍ
وَعَلَى
آلِهِ
وَصَحْبِهِ
أَجْمَعِيْنَ
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ
بِهِ
وَالْأَرْحَامَ
إِنَّ
اللَّهَ
كَانَ
عَلَيْكُمْ
رَقِيبًا
اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ
يُصَلُّوْنَ
عَلىَ
النَّبِىْ
يَاَ
يُّهَاالَّذِيْنَ
آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ
وَسَلِّمُوْا
تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ
وَعَلَى
آلِ
إِبْرَاهِيْمَ،
إِنَّكَ
حَمِيْدٌ
مَجِيْدٌ.
وَبَارِكْ
عَلَى
مُحَمَّدٍ
وَعَلَى
آلِ
مُحَمَّدٍ
كَمَا
بَارَكْتَ
عَلَى
إِبْرَاهِيْمَ
وَعَلَى
آلِ
إِبْرَاهِيْمَ،
إِنَّكَ
حَمِيْدٌ
مَجِيْدٌ
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالمسْلِمَاتِ
وَالمؤْمِنِيْنَ
وَالمؤْمِنَاتِ
الأَحْيَاءِ
مِنْهُمْ
وَالأَمْوَاتِ
إِنَّكَ
سَمِيْعٌ
قَرِيْبٌ
مُجِيْبُ
الدَّعْوَةِ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ وُلَاةَ أُمُوْرِنَا،
اَللَّهُمَّ
وَفِّقْهُمْ
لِمَا
فِيْهِ
صَلَاحُهُمْ
وَصَلَاحُ
اْلإِسْلَامِ
وَالْمُسْلِمِيْنَ
اَللَّهُمَّ
أَبْعِدْ
عَنْهُمْ
بِطَانَةَ
السُّوْءِ
وَالْمُفْسِدِيْنَ
وَقَرِّبْ
إِلَيْهِمْ
أَهْلَ
الْخَيْرِ
وَالنَّاصِحِيْنَ
يَا
رَبَّ
الْعَالَمِيْنَ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
Posting Komentar