Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

Bekti Dateng Tiyang Sepuh

Ustadz Wismanto

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ,  أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur sumangga tansah kita kunjukaken dhumateng Allah Ta’ala ingkang sampun paring rahmat dumateng sedaya umat ipun saengga wonten siang menika kita tansah manggih rahayu, widada nir ing sambekala. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang menika khatib wasiat sumangga kita tingkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi laranganipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah manggih kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.


Jamaah jumah rahimakumullah

Bekti dateng tiyang sepuh mujudaken perkawis ingkang pokok menggah agami islam. Islam ndadosaken bekti dateng tiyang sepuh menika setunggal kewajiban tumrap saben muslim. Bekti dateng tiyang sepuh ugi dados ciri lampah gesangipun muslim lan mukmin. Ngendika Allah ing surah al- isra ayat kaping 23:

وَقَضَىٰ رَبُّكَ أَلَّا تَعْبُدُوٓا۟ إِلَّآ إِيَّاهُ وَبِٱلْوَٰلِدَيْنِ إِحْسَٰنًا ۚ إِمَّا يَبْلُغَنَّ عِندَكَ ٱلْكِبَرَ أَحَدُهُمَآ أَوْ كِلَاهُمَا فَلَا تَقُل لَّهُمَآ أُفٍّ وَلَا تَنْهَرْهُمَا وَقُل لَّهُمَا قَوْلًا كَرِيمًا

Lan Pengeranira dawuh supaya sira aja pisan- pisan nyembah kejaba mung marang Panjenengane, sarta paring dawuh supaya sira tumindak becik marang wong tuanira loro, menawa salah sijine utawa sakarone mau dadi kukubanmu mangka wus tua, mula aja pisan- pisan nguneke “hus” lan aja nyentak marang sakarone, nanging ngucapa marang sakarone kanthi tembung- tembung sing becik”. (QS. Al Isra’: 23).

Ing katah ayat Allah Ta’ala nyebataken dhawuh ngibadah dateng Panjenegnipun sesarengan kaliyan dawuh bekti marang tiyang sepuh. Ayat menika dipun sebataken sesarengan amargi wontenipun kita sedaya ing alam dunya menika amargi dipun titahaken Allah lajeng lantaranipun tiyang sepuh kekalih. Mekaten ugi tiyang sepuh kekalih menika mboten saget dipun ukur jasa- jasanipun dumateng kita sedaya. Menawi tauhid menika kunci utama surga, mila bekti dateng tiyang sepuh menika kunci kaping kalih kagem lumebet surga.

Kasebat ing kitab Shahihain saking Abdullah bin Mas’ud Radhiyallahu’anhu ngendika :

سَأَ لَتُ النَّبِيُّ ص م أَيُّ اْلعَمَلِ أَحَبُّ إِلَى اللهِ قَالَ الصَّلاَةُ عَلَى وَقْتِهَا قَالَ ثُمَّ أَيٌّ قَالَ بِرُ اْلوَلِدَيْنِ قَالَ ثُمَّ أَيٌّ قَالَ اْلجِهَادُ فِيْ سَبِيْلِ اللهِ

“Kula nyuwun pirsa dateng Nabi Shallallahu’alaihiwasalam :”amalan punapa ingkang langkung utami?” Kanjeng Nabi Ngendika :”Shalat pas wektune”. Kula nyuwun preksa malih :”lajeng punapa malih?” Kanjeng Nabi Ngendika malih :”Bekti marang wong tua sakarone”. Kula tasih nyuwun preksa malih :”lajeng punapa malih?” Kanjeng Nabi lajeng ngendika malih ;”Jihad ing dalaning Allah.”

Jamaah jumah rahimakumullah

Cara bekti dateng tiang sepuh kekalih inggih menika kanthi sae ing pangucap, tumindak saha banda.

Tumindak sae kanti pangucap inggih menika tansah ginakaken tetembungan ingkang prayogi kanthi sopan santun saha susila.

Tumindak sae kanthi patrap inggih menika tansah leladi dateng kekalihipun kanthi tenaga, bahu suku, penggalihan kangge anyekapi sedaya kabetahanipun tiang sepuh kekalih, kangge gampilaken sedaya urusanipun.

Tumindak becik kanthi banda, inggih menika kanthi raos ikhlas caos pambiantu ingkang arupi banda sakcekapipun ing pangajab sageta amewahi kabagyanipun tiang sepuh kekalih kanthi mboten ngucik-ucik sedaya ingkang sampun dipun caosekan, supadhos mboten gerah ing panggalih.

Hadirin jamaah jumah rahimakumullah

Mekaten seperangan perkawis bekti dateng tiyang sepuh ingkang khatib aturaken wonten khutbah siang menika. Mugi Allah SWT tansah paring pitedhah dumatheng kita sedaya saengga kita saget dados putra- putri ingkang bekti dateng tiyang sepuh.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ


Khutbah Kedua

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 


Silahkan download dan sebarluaskan naskah khutbah jum'at singkat bahasa  Jawa format PDF melalui tautan link berikut:



Download PDF  

 

 

 

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama