Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

Bebaya Amargi Ghaflah

Ustadz Sadmonodadi

اَلسَّـــلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُاللهِ وَبَرَكَاتُهُ. إِلَيْهِ.

اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ هَدَانَا لِهَذَا وَمَاكُنَّا لِنَهْتَدِىَ لَوْلاَ اَنْ هَدَانَا اللهِ. اَشْـهَدُ اَنْ لاَاِلهَ اِلاَّاللهُ, وَاَشْـهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ. اَللّهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَىالِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ. اَمَّابَعْدُ : يَااَيُّهَـاالنَّاسُ ! اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِىبِتَقْوَى اللهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ.

Sidang jama'ah Jum'ah ingkang kawula hormati!

Mangga-mangga kita sami ngunjuaken puja puji dhumateng Ngarsa Dalem Allah SWT ingkang sampun ngutus Rasulullah Muhammad SAW Rasul ingkang sedaya perjuanganipun kita tuladhani. Shalawat saha salam mugi katetepna kagem Kanjeng Nabi Muhammad SAW semanten ugi kagem para sahabat lan panderekipun ngantos dinten kiamat. Amin.

Sidang Jum'at rahimakumullah!

Ing dalem Qur’an, Allah mawantu-wantu ngemutaken kita sami supados ngathah-athahaken dzikir. Surah al-Ahzaab ayat 41 nyebataken :

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اذْكُرُوا اللّٰهَ ذِكْرًا كَثِيْرًاۙ

He wong-wong kang padha iman, elinga (kanthi nyebut asma) Allah, dzikir kang sak akeh-akehe”.

Dhawuh supados kita sami dzikir ing mriki nglimputi dzikir manah, lisan saha badanipun. Manahipun tansah emut dhawuh, awisan saha kuwaosipun Allah. Lisanipun tansah ngucapaken pangandikan ingkang sae tur manfaati  dhumateng diri pribadhi lan asanes. Semanten ugi tumindakipun tansah netepi dhawuhing Allah nebihi pedamelan jember lan maksiyat. Kanthi nindaaken dzikir sacara jangkep punika kita badhe pikantuk kesaenan ing gesang donya akherat kita.

Kaum muslimin ingkang dipun rahmati Allah!

Sinaosa dhawuh dzikir ing Allah punika saestu terwaca, kacihna kathah-kathahipun manungsa sami  lena (ghaflah)  dzikir ing Allah SWT lan negari akherat. Donya lan sedaya pepaesipun kasil damel supe. Kathah-kathahipun tiyang sami dipun setir dening pepenginan awon, syetan saha hawa nefsu ingkang tansah ngajak nindaaken lampah cinacat. Cilakanipun tiyang kathah punika mboten sadar menawi tumindak awon, kepara malah rumaosipun nindaaken sak sae-sae pedamelan.

Ing bab punika Imam Ibnu al-Qayyim ngendika : Sing sapa maspadaake kahanane manungsa, mangka bakal nemoake akeh-akehe manungsa klebu golongane wong kang lena saka dzikir ing Allah SWT. Wong-wong mau padha nuruti hawa nefsune sahengga urusan-urusan lan perlune kalirwaake. Tegese wong-wong mau kurang anggone nggape marang perkara-perkara kang manfangati lan nggawa kabecikan, kosok baline malah ngepenke marang perkara-perkara kang ora manfaat malah kepara nyilakaake marang wong mau ing donya lan akherat.

Kasunyatan punika kagambaraken ing al-Qur’an suarah Yunus ayat 92 :

.. وَإِنَّ كَثِيرًا مِنَ النَّاسِ عَنْ ءَايَاتِنَا لَغَافِلُونَ (92)

Lan sak temene akeh-akehe manungsa lali saka tanda-tanda Kuwasaningsun”.

Para sedherek rahimakumullah!

Ndherek Imam Ibnu al-Qayyim lena saking dzikir ing Allah punika mujudaken sebab saking sedaya piawon. Pangandikanipun : Lena saka dzikir ing Allah SWT  lan dina akherat iku bebarengan karo nuruti hawa nefsu mangka bakal nglairake saka lelorone apa wae saka perkara-perkara ala. Sifat ghaflah lan nuruti hawa nefsu iku tansah gegandhengan lan ora nate bisa pisah. Sing sapa maspadaake rusake alam donya iki, umume disebabi dening loro perkara mau. Lenane wong saka dzikir ing Allah dadi pepalang kanggo meruhi lan faham ing kabecikan, sahengga dheweke kalebu wong-wong kang kesasar.

Al-Qur’an suko keterangan bilih ghaflah menawi sampun nguwaosi manah badhe nyebabaken setunggaling tiyang ridha dhumateng tumindak kufur, kori-kori hidayahipun Allah katutup rapet lan kinunci. Allah SWT ngendika ing surah an-Nahl ayat 106-108 :

... وَلَكِنْ مَنْ شَرَحَ بِالْكُفْرِ صَدْرًا فَعَلَيْهِمْ غَضَبٌ مِنَ اللَّهِ وَلَهُمْ عَذَابٌ عَظِيمٌ (106)  ذَلِكَ بِأَنَّهُمُ اسْتَحَبُّوا الْحَيَاةَ الدُّنْيَا عَلَى الْآخِرَةِ وَأَنَّ اللَّهَ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الْكَافِرِينَ (107)  أُولَئِكَ الَّذِينَ طَبَعَ اللَّهُ عَلَى قُلُوبِهِمْ وَسَمْعِهِمْ وَأَبْصَارِهِمْ وَأُولَئِكَ هُمُ الْغَافِلُونَ (108)  

Ananging wong kang wus gumolong atine dadi kafir, mangka Allah bakal paring bebendu kang gedhe. Kang mangkono mau amarga padha luwih tresna kadonyan tinimbang akherat, lan maneh Allah iku ora kersa paring pituduh marang wong-wong kang kafir. Wong-wong mau ati, pangrungu lan pandelenge wus kinunci mati dene Allah, lan wong-wong iku klebu wong kang lali”.


Jama'ah Jum'at ingkang minulya!

Lena saking dzikir ing Allah nggadhahi kathah titikan. Manawi ing antawisipun titikan sewau tumanduk dhumateng kita sami, saestu kita ing dalem bebaya. Sak lajengipun, sae tumrap kita cepet-cepet muhasabah, mertobat lan cumaket dhumateng Allah SWT kanthi ngathah-athaken amal pangibadahan kita.

Nyekuthoaken Allah SWT punika kalebet ghaflah ingkang paling ageng. Tumindak maksiyat, tumindak ingkang njemberi, zina, apus krama, nganiaya asanes punika kalebet ghaflah. Nilaraken sholat, sekedhik maos al-Qur’an, mboten remen  ndedonga kalebet ghaflah. Luru arta bandha kanthi cara-cara ingkang nalisir syarak, kekancan kaliyan tiyang jahat lan tiyang ingkang tebih saking pitedah agami ugi kalebet ghaflah. Kalebet ghaflah ugi ngathah-athahaken dhahar, ngunjuk, sare, mirsani TV, midhangetaken musik saha dedolanan ingkang nyebabaken risakipun manah lan aras-arasen ing badan kangge nindaaken mapinten-pinten ketaatan.

Kaum muslimin ingkang dipun rahmati Allah!

Dhumateng tiyang ingkang nindaaken ghaflah Allah SWT sampun nyiapaken piwalesipun arupi papan padunungan ingkang murwat tumrap ahli ghaflah ingkang dipun wastani neraka jahanam. Makatena amargi tetiyang wau nggadhahi manah ananging dipun kendelaken mbledēs : mboten saged nyesep tetesing pitedah-pitedah agami. Nggadhahi paningal ingkang saged kangge mirsani kawontenan dhahir, ananging mboten kuwawi mirsani hakekatipun samukawis lir : mboten saged mbentenaken pundi ingkang manfaat pundi ingkang mbebayani. Tetiyang wau nggadhahi talingan ananging anamung dipun kulinaaken kangge midhanget suwanten-suwanten bathil kadosta ghibah, namimah, dusta lan suwanten ingkang jemberi,  sanes  kangge midhanget pitedah-pitedah agami. 

Allah ngendika ing serat al-A’raf ayat 179 :

وَلَقَدْ ذَرَأْنَا لِجَهَنَّمَ كَثِيرًا مِنَ الْجِنِّ وَالْإِنْسِ لَهُمْ قُلُوبٌ لَا يَفْقَهُونَ بِهَا وَلَهُمْ أَعْيُنٌ لَا يُبْصِرُونَ بِهَا وَلَهُمْ آَذَانٌ لَا يَسْمَعُونَ بِهَا أُولَئِكَ كَالْأَنْعَامِ بَلْ هُمْ أَضَلُّ أُولَئِكَ هُمُ الْغَافِلُونَ

Lan sak temene Ingsun wus ndadekake isin-isne neraka jahanam iku akeh-akehe saka golongane jin lan manungsa, dheweke nduweni ati, ananging ora digunaake kanggo mangerteni (ayat-ayate Allah) lan dheweke nduweni mripat (ananging) ora digunaake kanggo meruhi (tandha-tandha kuwasane Allah), lan dheweke nduweni kuping ananging ora digunaake kanggo ngrungokake (ayat-ayate Allah). Dheweke iku kaya dene khewan rajakaya kepara ngluwihi sasare. Wong-wong mau iku kalebu wong-wong kang lali”.

Kaum muslimin ingkang dipun rahmati Allah!

Mungkasi  khutbah punika, kula ngajak dhumateng kula panjenengan sami mangga kita sami maspadaaken wekdal-wekdal ing pagesangan kita. Sampun ngantos kathah-kathahipun gesang ingkang sekedhap punika  kita telasakan kangge perkawis-perkawis ingkang mboten manfaati lan mboten wonten pentingipun tumrap gesang donya akherat kita. Kanthi makaten Insya Allah kita badhe uwal saking golonganipun tiyang-tiyang ghafilun.

Mugi-mugi Allah SWT paring pitedah dhumateng kita sami.

جَعَلَنَا اللهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ  الْفَا ئِــزِيْنَ اْلآمِنِيْنَ وَادْخَلَنَا فِى زُمْرَةِ الْمُوَحِّدِيْنَ. أَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ الَّذِيْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ هُوَ الْحَيُّ الْقَيُّوْمُ وَأَتُوْبُ إِلَيْهِ.

 

KHUTBAH 2

لْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَ هُدَاهُ. أَمَّا بَعْدُ؛ فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ بِتَقْوَى اللهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا لاَ تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


Post a Comment

Lebih baru Lebih lama