Teks Khutbah Jumat
Singkat Bahasa
Jawa
Gayut Sengkud Tumuju Kesaenan
Ustadz Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ
مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ
فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Puji syukur sumangga tansah kita kunjukaken dhumateng
Allah Ta’ala ingkang sampun paring kanikmatan dhumateng sedaya umat ipun satemah
wonten siang punika kita tansah manggih rahayu, widada nir ing sambekala. Shalawat
ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat
sumangga kita tingkataken taqwa kanthi nindakaken dhawuhipun Allah lan nebihi
laranganipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah manggih kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Kalebet cirinipun tiyang muslim ingkang sae inggih punika gumbregah nindakaken kesaenan. Tiyang kasebat ngrumaosi bilih gesang punika nikmat ingkang kedhah dipunsyukuri kanthi tumindak sae. Tiyang punika yakin bilih gesang wonten dunya namung sekedap lan ajal utawi pati punika haq. Mila muslim ingkang wasis sejatosipun muslim ingkang ngginaaken wekdalipun kagem enggal- enggal tumindak sae sakderengipun dumugi rubeda utawi alangan. Amargi menawi dumugi alangan lan ajal temtu sampun mboten saget malih nindakaken kesaenan. Allah dawuh ing al- quran:
وَلِكُلٍّ وِّجْهَةٌ هُوَ مُوَلِّيْهَا فَاسْتَبِقُوا الْخَيْرٰتِۗ اَيْنَ مَا تَكُوْنُوْا يَأْتِ بِكُمُ اللّٰهُ جَمِيْعًا ۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ
“Lan tumraping saben-
saben uwong iku kudu andarbeni qiblat kang diadhepake, mula saka iku sira pada
bebalapana tumindak kabecikan, ana ing ngendi wae dunungira Allah bakal
ngumpulake sira kabeh, satemene Allah iku Maha Kuasa ing atase apa wae.”
(QS. Al Baqarah: 148)
Jamaah jumah rahimakumullah
Perkawis ingkang dipun anjuraken Rasulullah supados kita gayut sengkud ingantawisipun:
1. Lelomban tumuju shaf ing shalat.
Rasulullah ngendika:
“Menawa manungsa iku ngerti ganjarane azan lan shalat ana shaf ngarep dewe
banjur ora ana cara tumju iku kejaba kanthi undian mula kabeh uwong mesthi
bakal ngundi amal iku. Lan menawa uwong- uwong iku pada ngerti ganjarane
enggal- enggal tumuju shalat jamaah mula mesthi bakal pada lelomban tumuju
shalat jamaah. Lan menawa wong- wong iku ngerti ganjarane shalat isyak lan
subuh jamaah mula mesthi kabeh bakal nekani salat jamaah iku senajan kanthi
mbrangkang.” (HR. Bukhari lan Muslim)
Umar bin Khatab ngendika: “Sawiji dina Rasulullah dhawuh marang aku lan para shahabat supaya
nindakake shadaqah. Ing waktu iku, aku ana ing kahanan nduweni rejeki kang
longgar banjur aku niat ngungguli Abu Bakar ana ing shadaqah dina iku. Mula aku
sowan Panjenengane Rasul kanthi nggawa setengah saka bandhaku. Banjur
Panjenengane Rasul Ngendika: “apa kang sira tinggalake kanggo keluarganira?”
aku njawab: “Kula tinggalaken setengah saking bandha kula”. Banjur Abu Bakar
rawuh kanthi nggawa kabeh bandhane. Panjenengane Rasul ngendika: “He Abu Bakar
apa kang sira tinggalake kanggo keluarganira?”. Abu Bakar wangsulan: “Kula
tinggalaken Allah lan Rasulipun kagem keluarga kula”. Demi Allah aku ora bisa ngungguli
kabecikane Abu Bakar ing bab apa wae”. (HR. Turmudzi)
Abu Hurairah ngendika: “Sawiji dina sowan marang Rasulullah wong- wong fakir banjur matur:
“Duh Rasulullah, tiyang- tiyang sugih estu sampun nggayuh derajat ingkang
inggil lan nikmat ingkang agung kanthi bandhanipun. Tiyang- tiyang kasebat
shalat kadhos kula sami shalat, tiyang kasebat shiyam kadhos kula sami shiyam
lan tiyang tiyang punika kagungan bandha sahingga saget nindakaken haji, umrah,
jihad lan shadaqah. Rasulullah ngendika: “apa sira kabeh gelem menawa ingsun menehi
amalan kang menawa sira nindakake mesti bisa nyusul derajate wong- wong sugih
iku mau, lan ora bakal bisa nusul sira kabeh kejaba wong- wong kang uga
ngamalake amalan iku. Yaiku saben- saben rampung shalat sira pada maca tasbih,
tahmid lan takbir kaping telung puluh telu”. (HR. Bukhari lan Muslim)
Mila kanti punika sumangga kita tansah gumbregah lelomban
nindakaken kesaenan. Mugi Allah SWT tansah maringi kita pitedhah lan hidayah
kagem kita sedaya gampil nindakaken kesaenan- kesaenan. Amiin.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ
Khutbah
Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ
إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهُمَّ
اغْفِرْ
لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالمسْلِمَاتِ
وَالمؤْمِنِيْنَ
وَالمؤْمِنَاتِ
الأَحْيَاءِ
مِنْهُمْ
وَالأَمْوَاتِ
إِنَّكَ
سَمِيْعٌ
قَرِيْبٌ
مُجِيْبُ
الدَّعْوَةِ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
Posting Komentar