Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

Hakikatipun Syukur

Ustadz Wismanto



Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ


Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur sumangga tansah kita kunjukaken dhumateng Allah Ta’ala ingkang sampun paring kanikmatan dhumateng sedaya umat ipun satemah wonten siang punika kita tansah manggih rahayu, widada nir ing sambekala. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga kita tingkataken taqwa kanthi nindakaken dhawuhipun Allah lan nebihi laranganipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah manggih kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

Jamaah jumah rahimakumullah
Syukur dhumateng Allah SWT punika mujudaken kewajiban sedaya makhluk. Jalaran sedaya ingkang tinitah dhumateng kita sejatosipun namung peparingipun Allah. Allah Ta’ala ngendika :

وَمَا بِكُمْ مِنْ نِعْمَةٍ فَمِنَ اللَّهِ ۖ ثُمَّ إِذَا مَسَّكُمُ الضُّرُّ فَإِلَيْهِ تَجْأَرُونَ

Artosipun: “Lan sadhengah kanikmatan kang teka marag sira iku saka ngarsaning Allah, banjur menawa sira kabeh kataman kasusahan hiyamung marang panjenengane Allah sira nyuwun pitulungan” (QS. An Nahl :53)

Wonten ing kitab Tafsir Muyassar Syaikh Shalih bin Muhammad Alu Syaikh ngendika: “Ayat iku njelasake menawa nikmat hidayah, sehat badan, nikmat rejeki lan anak turun lan uga nikmat liyane iku asale saka Allah SWT. Panjenengane Allah kang maringake nikmat iku marang sira kabeh.”

Jamaah jumah rahimakumullah
Hakikatipun syukur inggih punika kita kedah nyumerapi bilih mboten wonten ingkang paring nikmat kejawi namung Allah Ta’ala. Mboten namung nikmat ingkang dhumawah wonten jiwa lan raga, ananging ugi sedaya perkawis ingkang saget nyekapi kebutuhan gesang lan sak panunggalanipun. Lajeng sarana nikmat kalawau, kita gumregah tumandang nindakaken kesaenan, ingkang nuju dhateng ridhanipun Allah Ta’ala

Ngendika Allah ing surah al Baqarah ayat 152.

فَاذْكُرُوْنِيْٓ اَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْا لِيْ وَلَا تَكْفُرُوْنِ ࣖ

Artosipun: “Mula elinga sira marang ingsun, temen ingsun Allah bakal eling marang sira, lan pada syukura sira marang ingsun lan aja pada kufur.”

Sayikh Abdurrahman bin Nashir As Sa’di ngendika : “ Syukur wajib katindakake kanthi ati yaiku yakin menawa sakabehing kanikmatan iku asale saka Allah, banjur kanti lisan yaiku kanthi dzikir lan puji- pujian marang Allah, banjur kanthi anggota badan yaiku nindakake ketaatan marang Allah arupa nindakake dawuhe Allah lan ninggalake larangane”. (Taisirul Karimirrahman).

Ibnu Taimiyah ngendika: “Syukur wajib katindakake kanthi ati, lisan lan anggota badan” (Majmu’ah Al-Fatawa, 11:135)

Imam Ghazali ngendika: “Syukur iku nduweni 3 rukun: ilmu, hal an amal.

1. Ilmu : yaiku nyumerapi menawa kabeh nikmat iku peparinge Allah
2. Hal : yaiku rumangsa seneng nalika nampa kanikmatan.
3. Amal : nindakake sakabehing kabecikan kang ditresnani Allah.

Jamaah jumah rahimakumullah
Mila kanti punika sumangga kita bersyukur dumateng Allah kanthi syukur ingkang leres. Mugi kanthi syukur Allah tansah nambahi peparingipun dhumateng kita sedaya. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ


Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 





Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :

 

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama