Teks Khutbah Shalat Gerhana Bulan Bahasa Jawa

Pepiling saking Gerhana

Ustadz Wismanto

 

السَّلِامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِى خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَاْلأَرْضَ. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَ أَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. أَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ. فَياَ عِبَادَاللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَاللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. وَقَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

وَآيَةٌ لَّهُمُ اللَّيْلُ نَسْلَخُ مِنْهُ النَّهَارَ فَإِذَا هُم مُّظْلِمُونَ. وَالشَّمْسُ تَجْرِي لِمُسْتَقَرٍّ لَّهَا ۚ ذَٰلِكَ تَقْدِيرُ الْعَزِيزِ الْعَلِيمِ. وَالْقَمَرَ قَدَّرْنَاهُ مَنَازِلَ حَتَّىٰ عَادَ كَالْعُرْجُونِ الْقَدِيمِ. لَا الشَّمْسُ يَنبَغِي لَهَا أَن تُدْرِكَ الْقَمَرَ وَلَا اللَّيْلُ سَابِقُ النَّهَارِ ۚ وَكُلٌّ فِي فَلَكٍ يَسْبَحُونَ

. [سورة يس، 36: 37-40]

Jamaah shalat gerhana rahimakumullah

Khatib ngajak sumangga kita tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi laranganipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah manggih kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

Jamaah shalat gerhana rahimakumullah

Wonten jamanipun Rasulullah nate kedadosan gerhana srengene rikala putra kakungipun ingkang asma Ibrahim tilar dunia. Rasulullah ngajak para shahabat enggal- enggal shalat gerhana banjur khutbah, ing khutbahipun Rasulullah ngendika:

إِنَّ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَ آيَتَانِ مِنْ آيَاتِ اللهِ لَا يَخْسِفَانِ لِمَوْتِ أَحَدٍ وَلَا لِحَيَاتِهِ، فَإِذَا رَأَيْتُمُوْهُمَا فَافْزَعُوْا إِلَى الصَّلَاةِ

“ Satemene srengenge lan rembulan iku tanda saka tanda- tanda kuasane Allah, ora kedadean gerhana amarga lahire lan matine sawiji uwong. Mula menawa sira anyekseni gerhana enggal- enggala pada shalat” (HR.Bukhari lan Muslim)

Jamaah shalat gerhana rahimakumullah

Gerhana rembulan ugi srengenge punika mboten dipun sebabaken lahiripun utawi ninggalipun setunggal tokoh kados kapitadosan masyarakat jahiliyah ing jaman nabi. Mekaten ugi sanes amargi dipun tedi butha kadhos kapitadhosan masyarakat ing kampung kita jaman rumiyin, sahingga sedaya warga sami nuthuki kentongan supados buthanipun ajrih lajeng mboten sios nedi rembulan. Ananging gerhana punika prastawa astronomi ingkang lumrah rikala srengenge, rembulan lan bumi jejer wonten setunggal garis edar utawi garis lampahipun, sahingga layangan setunggal nutupi sanesipun banjur kedadosan peteng utawi gerhana.

Jamaah shalat gerhana rahimakumullah

Rasulullah ing khutbahipun njelasaken:

وَلَكِنَّهُمَا آيَتَانِ مِنْ آيَاتِ اللهِ يُخَوِّفُ اللهُ بِهِمَا عِبَادَهُ

“Ananging gerhana iku kalebu tanda- tanda kuasane Allah supaya Allah paring pepeling marang para kawulane”

Kanthi gerhana punika Allah badhe paring pepeling dhumateng sedaya kawulanipun supados sami ajrih dhateng Allah banjur nilaraken sedaya tumindak awon, dosa lan maksiyat. Amargi dosa lan maksiyat punika dados sebab cilaka lan sengsaranipun panggesangan umat manungsa. Rikala kedadosan gerhana Rasulullah dawuh supados sedaya penderekipun enggal nindakaken kabecikan, kadosdene: dzikir, istighfar, shalat lan ugi sedekah perduli dumateng sesami gesang.

Gerhana pinangka pepeling tumrap kita sedaya bilih Allah punika Dzat ingkang Maha Agung lan Maha Kuasa, kita sedaya sejatosipun namung makhluk ingkang alit. Mila sampun kewajiban kita selaku makhluk tansah mituhu dhumateng sedaya dhawuhipun Sang Khaliq.   

 Jamaah shalat gerhana rahimakumullah

Mekaten khutbah ingkang khatib aturaken, sumangga kita ndedonga dhumateng Allah, mugi Allah Ta’ala tansah maringi kita sedaya taufiq, hidayah lan istiqamah wonten ing margi islam.

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah Shalat Gerhana Bahasa Jawa  ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama