Teks Khutbah Jumat Singkat Basa Jawa

Kalenggahan Ibu Ing

dalem Agami Islam

Ustadz Sadmonodadi

 

Khutbah Awal

 

اَلسَّـــلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُاللهِ وَبَرَكَاتُهُ.

اَلْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ هَدَانَا لِهَذَا وَمَاكُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلاَ اَنْ هَدَانَا اللهِ. اَشْـهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ هَدَى مَنْ شَـاءَ اِلَى الصِّـرَاطِ الْمُسْـتَقِيْمِ, وَاَشْـهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ خَيْرُ دَاعٍ اِلَى الطَّـرِيْقِ الْقَوِيْمِ. اَللّهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى الِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ.  اَمَّابَعْدُ : يَااَيُّهَـاالنَّاسُ ! اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ.

Jamaah Jumat rahimakumullah

Puji syukur lan sedaya pangalembana namung kunjuk dhumateng Ngarsanipun Allah subhanahu wa ta'ala, awit ngantos wekdal punika kita taksih pinaringan nikmat Islam, iman, lan kesehatan. Kanthi sedaya nikmat kala wau, wekdal punika kita saget mekempal wonten masjid mriki, saperlu nindakaken satunggaling kewajiban kita, inggih punika ibadah Jumat. Shalawat lan salam mugi tansah kaparingna dhumateng  Kanjeng Rasul, Muhammad saw. Kanthi ndherek piwucal lan tuladha kasugenganipun, mugi-mugi kita kalebet ewonipun tiyang ingkang pikantuk  syafaatipun wonten ing yaumul qiyamah samangke. Amin ya rabbal ‘alamiin.

Jama’ah Jumat rahimakumullah!

Saben-saben tanggal 22 Desember kita sami mengeti Dinten Ibu. Ing antawisipun hikmah saking pengetan Dinten Ibu inggih punika kita dipun emutaken murih migatosaken  dhumateng perjuanganipun ibu anggenipun ngupakawis putra-putranipun. Kanthi  migatosaken sedaya panandhanipun ibu anggenipun nglairaken lan ngupakawis putranipun kaajab sageda nambahi bektinipun putra dhumateng ibu.

Jama'ah Jum'at rahimakumullah!

Islam punika agami ingkang paring kalenggahan ingkang inggil dhumateng ibu. Kados pundi utaminipun kalenggahan ibu kagambaraken wonten riwayat ingkang badhe kaaturaken.  Wonten satunggal wekdal, makaten ndherek hadits ingkang dipun riwayataken dening Imam Nasa’i  lan Imam Ahmad, shahabat Jahimah sowan dhumateng Rasulullah saw. Piyambakipun matur : “Ya Rasulallah saw, kula kepengin ndherek perang, kula nyuwun pamrayogi panjenengan?”. Kanjeng Rasul kepareng mundhut priksa : “Apa ibumu isih sugeng?”. Shahabat Jahimah matur malih : “Taksih ya Rasul”. Midhanget aturipun shahabat Jahimah wau Kanjeng Rasul ngendika :

 فَالْزَمْهَا، فَإِنَّ الْجَنَّةَ تَحْتَ رِجْلَيْهَا 

Jaganen ibumu, karana swarga iku dumunung ana ing tlapakan sikile ibumu”.

Jama’ah Jum’at rahimakumullah!.

Kanjeng Rasul saestu paham kados pundi kangenipun shahabat Jahimah saged syahid  ing madyaning perang mbela agami. Ananging sesarengan kaliyan punika Rasul ugi priksa bilih ibunipun shahabat Jahimah sampun sepuh sanget lan betah dipun jagi lan dipun cekapi sedaya perlunipun. Kangge perlunipun perang, taksih wonten sedherek sanes ingkang saged nandangi. Ananging mboten wonten ingkang saged njagi setunggal ibu kanthi kebak katresnan lan pangatos-atos kejawi anamung putranipun piyambak. Pramila kanthi wicaksana Kanjeng Rasul saw paring dhawuh dhumateng shahabat Jahimah supados njagi ibunipun. Mboten katalompen Kanjeng Rasul saw ugi suka keterangan bilih ngupakara lan nyekapi perlunipun ibu punika ganjaranipun ageng sanget kados ganjaran syahid nun inggih swarga papanipun sedaya nikmat.

Jama’ah rahimakumullah!

Ing mapinten-pinten ayat, Allah paring dhawuh dhumateng mukmin muslim supados nyrawungi dhumateng kalih tiyang sepuh kanthi sae. Malah-malah kewajiban tumindak sae dhumateng tiyang sepuh wau dipun  papanaken sasampunipun kewajiban thaat dhumateng Allah SWT. Ing dalem Al-Qur’an surah Isra’ ayat 23  Allah SWT ngendika :

وَقَضَىٰ رَبُّكَ أَلَّا تَعْبُدُوا إِلَّا إِيَّاهُ وَبِالْوَالِدَيْنِ إِحْسَانًا

“Lan Pangeranira wus dhawuh supaya sira aja nganti manembah saliyane Panjenengane lan supaya sira agawe becik marang ibu bapak ira kanthi sabecik-becike”.

Ndherek mufassir Rasyid Ridha, ihsaan dhumateng tiyang sepuh inggih punika patrap sopan ing dalem wicantenan lan tumindak, jumbuh kaliyan adat kebiasaan masyarakat, sahengga tiyang sepuh rumaos remen dhumateng putra, saha nyekapi kabetahanipun tiyang sepuh secara wajar trep kaliyan kawontenanipun putra.

 Jama’ah rahimakumullah!

Kejawi ndhawuhi supados kula panjenengan sami bekti dhumateng tiyang sepuh kekalih, agami ugi suka pitedah supados kula-panjenengan sami langkung ngutameaken bekti dhumateng ibu sasanesipun bekti dhumateng bapak. Shahabat Abu Hurairah r.a. nate ngendika ing dalem hadits ingkang dipun riwayataken dening Imam Bukhari lan Imam Muslim :

عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ رَضِيَ اللَّهُ عَنْهُ قَالَ جَاءَ رَجُلٌ إِلَى رَسُولِ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ فَقَالَ يَا رَسُولَ اللَّهِ مَنْ أَحَقُّ النَّاسِ بِحُسْنِ صَحَابَتِي قَالَ أُمُّكَ. قَالَ ثُمَّ مَنْ؟ قَالَ ثُمَّ أُمُّكَ. قَالَ ثُمَّ مَنْ؟ قَالَ ثُمَّ أُمُّكَ. قَالَ ثُمَّ مَنْ؟ قَالَ ثُمَّ أَبُوكَ

“Saka Abu Hurairah piyambake ngendika : Wus sowan sawiji wong lanang marang Rasulullah saw banjur nyuwun priksa : Sinten tiyang  ingkang kedah kula bekteni kanthi sae ya Rasulallah?; Kanjeng Rasul paring jawaban : Ibumu. Wong mau pitakon maneh : Lajeng sinten; Rasulullah ngendika : ibumu. Wong mau pitakon maneh : Lajeng sinten; Rasulullah ngendika : ibumu. Wong mau terus pitakon maneh : Lajeng sinten; Rasulullah ngendika : bapakmu”.

Kaum muslimin ingkang minulya!.

Lajeng kenging punapa kula-panjenengan sami dipun dhawuhi ngepenaken bektos dhumateng ibu tinimbang bapak?. Agami  ndhawuhaken putra supados langkung bektos dhumateng ibu tinimbang bapak amargi ibu dipun paringi tugas ingkang awrat. Ibu sampun ngandhut putra lawasipun 9 wulan ing dalem kawontenan rekaos. Kadhang kala wonten ibu ingkang nalika ngandhut ngalami kawontenan ingkang mboten biasa : lemes, buyer, mutah-mutah lan mboten ngraosaken  eca dhahar.

Kawontenan awrat ugi dipun raosaken ibu nalika mbabaraken putra. Raos sakit ingkang mboten saged kagambaraken ngantheni lairipun jabang bayi. Malah-malah mboten sekedhik ibu ingkang seda nalika nglairaken putranipun.

Sasampunipun bayi lair, anamung ibu ingkang saged kathi kebak tresna lan pangatos-atos nyekapi perlunipun putra ingkang tanpa daya lan mboten saged menapa-menapa : maringi ASI nalika ngelak lan luwe,  paring kemul nalika kadhemen,  paring obat nalika sakit, meteki nalika sayah lan sanes-sanes pangorbanan ibu.  Ayat 26 saking surah al-Ahqaf suko keterangan :

وَوَصَّيْنَا الْاِنْسَانَ بِوَالِدَيْهِ اِحْسَانًا ۗحَمَلَتْهُ اُمُّهُ كُرْهًا وَّوَضَعَتْهُ كُرْهًا

" Ingsun prentahake marang manungsa supaya agawe becik  marang ibu bapakne, ibune kang wis ngandhut dheweke kanthi rekasa, lan anggone mbabarake dheweke uga kanthi rekasa”. 

Kaum muslimin rahimakumullah!

Kejawi saking punika, miturut mufasir Quraish Shihab, bekti dhumateng ibu langkung dipun utameken tinimbang bekti dhumateng bapak, amargi ibu dipun paringi jejibahan kangge nyipta pemimpin-pemimpin umat . “Ibu” ing dalem bahasa al-Qur’an dipun sebat umm. Saking umm punika karipta tembung imam (pemimpin) lan ummat. Sedaya wau tumuju dhumateng pangertosan “ingkang dipun tuju” utawi “ingkang dipun tuladhani”.

Pramila umm utawi “ibu” nggadhahi jejibahan paring kawigatosan ingkang saestu dhumateng putra. Ibu ugi kadhawuhan njejegaken akhlakul karimah ing dalem pribadhinipun awit estunipun ibu punika dados tuladha utami tumrap putranipun. Kanthi kawigatosan  ingkang ageng dhumateng putra  sarta akhlaqul karimah ingkang tinuladha dening putra, ibu badhe  nuwuhaken  pemimpin-pemimpin umat. Menawi ibu cekap anggenipun paring kawigatosan dhumateng pendidikan putra, lan menawi ibu saged dados tuladha sae menggahipun putra, mangka saestu ibu sampun nuntun putranipun ing dalem margi tumuju sukses gesang donya-akhirat. Kosok wangsulipun, manawi ibu nglirwaaken pendidikan putra lan remen nindaaken perkawis ingkang mboten pantes, mangka saestu ibu sampun nyawisaken margi ingkang rupeg lan rekaos.

Kaum muslimin rahimakumullah!

Mbokmenawi kita sami sampun rumaos nindaaken kuwajiban pinangka putra kanthi sae. Saged ugi kita sampun rumaos cekap anggen kita tumindak sae (ihsaan) dhumateng tiyang sepuh kekalih : njagi sopan santun ing dalem wicanten lan tumindak sarta nyekapi sedaya kabetahanipun tiyang sepuh. Cekakipun kados-kados mboten wonten kekirangan malih anggen kita bektos dhumateng tiyang sepuh kekalih.

Ewa semanten, wonten saenipun kita migatosaken setunggal riwayat ingkang badhe kula aturaken. Setunggal wekdal, nalika nembe nindaaken thawaf, Rasulullah saw pinanggih setunggal nem-neman ingkang pundhakipun mlecet-mlecet. Sapurnanipun nindaaken thawaf, Rasul saw ndangu dhumateng nem-neman wau : “Kena apa pundhakmu iku?”. Jawabibun nem-neman wau : “Ya Rasulullah, kula saking Yaman, kula nggadhahi ibu ingkang sampun udzur.Kula saestu tresna dhumateng ibu kula. Ibu kula tansah kula gendhong kejawi anamung nalika bebucal, shalat tuwin sare”. Salajengipun nem-neman wau nyuwun priksa : “Dhuh Rasul, menapa kanthi makaten kula sampun kalebet ewonipun tiyang-tiyang ingkang bektos dhumateng tiyang sepuh?”. Kanjeng Rasul saestu trenyuh midhanget aturipun nem-neman wau. Sinambi ngrangkul nem-neman wau Kanjeng Rasul paring pangandikan : “Temen Allah ridha marang sira. Sira anak kang shaleh tur bekti marang wong tuwa. Ananging anakku, sumurupa, tresnane wong tuwamu ora bakal bisa sira ganti kanthi pangorbanan lan kabecikanmu mau”.

Kaum muslimin rahimakumullah!

Mugi-mugi khutbah cekak punika saged nambahi semangat anggen kita sami bekti dhumateng tiyang sepuh. Sae ingkang taksih sugeng utawi ugi ingkang sampun sami tilar donya.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، وَادْعُوْهُ يَسْتَجِبْ لَكُمْ.

KHUTBAH  2

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ  يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

 اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ. اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
وَصَلَّى اللهُ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ. وَأَقِمِ الصَّلاَةَ.

 

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


Post a Comment

Lebih baru Lebih lama