Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

Piwucal saking Lato lato

Ust. Wismanto

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga kula lan panjenengan tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi laranganipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah maringi barakah fiddunya wal akhirah. Amiin.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Wekdal punika masyarakat nembe dipun gayengaken setunggal dolanan ingkang dipunsebat lato- lato. Wonten ing wulan Desember 2022 dolanan lato- lato punika dipun viralaken salah setunggal akun tik- tok, saksampunipun punika lajeng katah tiyang sami dolanan lato- lato. Dolanan punika tambah viral malih nalika Gubernur Jawa Barat Ridwan Kamil lan ugi Presiden Republik Indonesia Bapak Joko Widodo nyobi dolanan punika.

Seperangan tiyang paring pemanggih ingkang benten- benten babagan dolanan lato- lato punika. Wonten ingkang remen lan paring dukungan amargi dolanan lato- lato punika saget ngurangi kebiasaan lare saking gadget/ handphone. Wonten ingkang ngendika bilih dolanan punika kathah manfaatipun amargi nglatih ketrampilan lare. Ananging ugi wonten ingkang paring tanggapan mboten remen dhateng lato- lato punika, amargi asal- usulipun sanes saking Indonesia lan wonten ingkang ngendika suwanten saking lato- lato punika berisik ngganggu tiyang sanes.

Jamaah jumah rahimakumullah

Sinten kemawon dipunkeparengaken paring pemanggih sarujuk utawi mboten sarujuk dhateng dolanan arupi punapa kemawon. Ananging selaku tiyang mukmin ingkang paling wigatos tumrap kula lan panjenengan inggih punika mendhet hikmah saking sedaya prastawa ingkang kalampah ing alam donya punika. Allah ngendika ing al- quran:

إِنَّ فِي خَلْقِ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَاخْتِلَافِ اللَّيْلِ وَالنَّهَارِ لَآيَاتٍ لِأُولِي الْأَلْبَابِ

“Sanyata ana ing tinitahing langit lan bumi lan beda- bedaning rina kalawan wengi yekti ana tanda (Kuasane Allah) tumrap wong- wong kang padha duwe akal.” (Ali- Imran:190).

Punapa kemawon ingkang lumampah wonten ing bumi punika menawi dipun gatosaken yekti wonten piwulang tumrap kula lan panjenengan. Kantun kula lan panjenengan saget mundut piwulang kasebat punapa mboten. Mekaten ugi dolanan lato- lato punika, menawi kula lan panjenengan gatosaken kanyata wonten piwulang ingkang wigatos ugi saking dolanan kasebat. Mila sumangga kula lan panjenengan nggatosaken piwulang punapa kemawon ingkang saget dipun pendet saking dolanan punika.

1.       Wigatinipun Fokus

Nalika dolanan lato- lato dipun betahaken fokus antawisipun fikiran lan gerak tangan. Fokusipun fikiran lan gerak tangan punika dados sarana lato- lato saget gerak kanthi harmoni. Menawi tangan lan fikiran mboten fokus mila obahipun lato- lato mboten badhe harmoni.

Saking lato- lato punika kula lan panjenengan dipun paringi piwulang wigatinipun fokus ing panggesangan. Fokus ing panggesangan punika dados sarana gampilipun nggayuh cita- cita. Tegesipun, menawi kula lan panjenengan kagungan idham- idhaman mila kedah dipun ikhtiyari kanthi fokus. Fokus ing ndalem ikhtiyar punika mujudaken perkawis ingkang pokok kagem kasembadanipun gegayuhan kula lan panjenengan.

Ngendika rasulullah:

تَعْجِزْ وَلاَ بِاللَّهِ وَاسْتَعِنْ يَنْفَعُكَ مَا عَلَى احْرِصْ

“Sira becik gumbregah (kanthi fokus) tumrap perkara kang manfaat marang sira, lan nyuwuna pitulungane Allah, lan aja nglokro” (HR. Muslim).

2.       Wigatinipun Istiqamah

Ngobahaken lato- lato sak lentunipun mbetahaken fokus, ugi kedhah kanti istiqamah. Menawi dipun cobi sepisan utawi kaping kalih dereng saget gerak kanthi harmoni mila kedhah dipun cobi kaping tiga lan sak lajengipun ngantos kasil. Saking perkawis punika saget dipun pendet piwulang wigatinipun istiqamah. Istiqamah punika perkawis ingkang wajib dipun lampahi tumrap tiyang mukmin. Nindakaken pakaryan utawi pangibadahan kedhah dipun sarengi sikap istiqamah. 

Tiyang makarya utawi ngibadah punika mesti wonten rubedhanipun. Mboten wonten setunggal kemawon pakaryan utawi pangibadahan ingkang sepi saking pacoben. Mila, kula lan panjenengan wajibipun nindakaken sedaya lampah ikhtiyar ing margi panggesangan punika kanthi linambaran istiqamah. Kanthi istiqamah, insyaallah sedaya pakaryan badhe saget katindakaken kanthi lulus, tuntas lan paripurna. Ngendika Allah Ta’ala:

إِنَّ الَّذِينَ قَالُوا رَبُّنَا اللَّهُ ثُمَّ اسْتَقَامُوا تَتَنَزَّلُ عَلَيْهِمُ الْمَلَائِكَةُ أَلَّا تَخَافُوا وَلَا تَحْزَنُوا وَأَبْشِرُوا بِالْجَنَّةِ الَّتِي كُنْتُمْ تُوعَدُونَ

 Satemene wong- wong kang pada ngucap: “Pangeran kula punika Allah” banjur pada istiqamah, mula para malaikat tumurun, tembunge: “sampeyan sampun sumelang tuwin sampun sisah kula aturi bingah kemawon wonten ing surga ingkang sampun kagadhangaken dhumateng sampeyan” (QS. Fushilat:30).

Jamaah jumah rahimakumullah

Mekaten khutbah jumat ingkang khatib aturaken ing siang punika, mugi Allah tansah paring hidayah dhumateng kula lan panjenengan satemah saget nglampahi panggesangan punika kanthi fokus lan istiqamah.  Aamiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 



Post a Comment

Lebih baru Lebih lama