Teks Khutbah Jumat Singkat

Awisan Ngina Dhateng Kitab Suci

Ustadz Wismanto

Khutbah Sepisan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi laranganipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Milih lan ngrasuk dhateng setunggal agami punika kalebet hakasasi manungsa.  Saben- saben tiyang bebas milih lan ngyakini agami ingkang dipun anggep leres. Sauger sampun yakin dhateng tata ajaran lan sampun rumaos sreg wonten ing manah mila agami kasebat saget dipun dadosaken keyakinan lan identitasipun. Artosipun ngrasuk dhateng agami punika kedhah dipun landasi renaning penggalih sanes amargi peksaan saking pihak sanes.   Ngendika Allah SWT:

لَا إِكْرَاهَ فِي الدِّينِ

 Ora ana peksan ana ing agama…”. (Al Baqarah: 256).

 Jamaah jumah rahimakumullah

Salah setunggal sumber keyakinan ing agami inggih punika kitab suci. Kitab suci punika pinangka wahyu piwucal saking Allah/ Tuhan dhateng para umatipun. Kalebet syarat sampurnanipun agami setunggal tiyang menawi ngyakini kitab sucinipun. Saben- saben pemeluk agami mesthi ngyakini kitab sucinipun punika leres. Saben-saben pemeluk agami mesthi ngyakini bilih kitab sucinipun punika maksum lan pinangka sumber piwucal ingkang luhur lan utama. Mekaten ugi umat islam, mesthi yakin bilih kitab suci al-quran punika wahyunipun Allah ingkang dados pandam pandomipun sedaya kaum muslimin. Ngendika Allah SWT:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ قَدْ جَاءَتْكُمْ مَوْعِظَةٌ مِنْ رَبِّكُمْ وَشِفَاءٌ لِمَا فِي الصُّدُورِ وَهُدًى وَرَحْمَةٌ لِلْمُؤْمِنِينَ

 “He para manungsa, sanyata sira kabeh wus katekanan pepiling, yaiku quran, saka Pangeranira dadi tamba kang marasake lelara kang ana ing ati, sarta dadi pituduh lan rahmat tumrap wong- wong kang padha iman”. (Yunus; 57)

Jamaah jumah rahimakumullah

Tuntunan pokok saben- saben agami inggih punika awisan moyoki lan ngina dhateng agami sanes. Ngendika Allah SWT:

وَلَا تَسُبُّوا الَّذِينَ يَدْعُونَ مِنْ دُونِ اللَّهِ فَيَسُبُّوا اللَّهَ عَدْوًا بِغَيْرِ عِلْمٍ ۗ

 “Lan sira kabeh aja padha ngina brahalane wong- wong kang nyembah saliyane Allah, mengko malah wong- wong mau padha ngina lan musuhi ing Allah jalaran ora padha mangerti…”. (Al- An’am:108)

Artosipun sedaya umat manungsa kedah toleran dhateng agami sanes. Menawi sampun kagungan agami lan agaminipun benten kaliyan tiyang sanes mila wajibipun ngurmati keyakinan tiyang sanes. Mboten perlu mbanding- mbandingaken napa malih moyoki lan nyalahke keyakinan tiyang sanes.

Kalebet awisan ingkang kedhah dipun gatosaken sedaya umat manungsa inggih punika ngina kitab suci agami sanes. Ngina kitab suci agami sanes mujudaken tindhak kemungkaran lan kriminal. Manungsa ingkang nalaripun jangkep mesthi mboten rena mirsani kitab suci agami dipun ina napa malih dipun rusak lan dipunobong.

Mila tetiyang ingkang ngina kitab suci setunggal agami punika mujudaken pelaku kriminal utawi penjahat. Amargi tumindhakipun, ndadosaken masyarakat resah lan gaduh. Menawi tetiyang kasebat mboten insyaf lan mertobat mila badhe nampi azab saking Allah wonten dunya lan akhirat. Ngendika Rasulullah SAW:

مَنْ عَادَى لِي وَلِيًّا فَقَدْ آذَنْتُهُ بِالْحَرْبِ

“Sapa wae sing musuhi wali-Ku mula Ingsun ngumumake perang marang deweke”. (HR al-Bukhari).

Jamaah jumah rahimakumullah

Mila sinten kemawon lan punapa kemawon agaminipun mboten sakmestinipun ngina dhateng agami sanes. Sakestu perilaku ngina dhateng agami sanes punika mujudaken perilaku ingkang awon sanget  pertandha tiyang kasebat tebih saking piwucal lan mboten kagungan adab.

Mekaten khutbah jumat ingkang khatib aturaken wonten siang punika. Mugi Allah tansah paring pitedhah dhumateng kula lan panjenegan satemah kula lan panjenengan saget wicaksana lan toleransi ingndalem ngadepi maneka warna keyakinan lan agami ingkang benten- benten wonten ing masyarakat. Amiin .

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

   

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut:


DOWNLOAD 

 

 

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama