Teks Khutbah Jumat Singkat

Ajak-ajak Dhumateng Kesaenan

Ustadz Sadmonodadi

اَلسَّـــلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُاللهِ وَبَرَكَاتُهُ

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ أَمَرَنَا أَنْ نَتَعَاوَنَ عَلَى الْبِرِّ وَ التَّقْوَى وَلاَ نَتَعَاوَنَ عَلَى الإِثْمِ وَالْعُدْوَانَ. اَشْـهَدُ اَنْ لاَاِلهَ اِلاَّاللهُ, وَاَشْـهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُهُ. اَللّهـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍوَعَلَىالِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ. اَمَّابَعْدُ : يَااَيُّهَـاالنَّاسُ ! اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِىبِتَقْوَى اللهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ.

Sidang jama'ah Jum'ah ingkang kawula hormati!

Mangga kita sami ngunjukaken puja saha puji dhumateng Ngarsa Dalem Allah SWT, Dzat ingkang sampun ngutus Rasulullah Muhammad SAW pinangka tuladha sae menggahipun sedaya mukmin muslim. Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW semanten ugi dhumateng keluarganipun, dhumateng para sahabat lan dhumateng sedaya pandherekipun ngantos dinten akhir zaman. Aamiin yaa rabbal ‘aalamiin.

Ing purwakaning khutbah punika keparenga kula atur wasiat dhumateng panjenengan sami, para sedherek muslim ingkang kula tresnani, tetepa panjenengan sami lumampah ing margi taqwa lan sampun gampil-gampil kapilut panggodhaning syetan. Awit anamung taqwa ingkang badhe ndumugeaken kula panjenengan sami ing kawontenan sae. Lan saestu, syetan punika nyata-nyata mengsahipun manungsa iman.

Sidang jum’ah rahimakumullah.

Kewajiban dhumateng agami wonten tiga : nyinau, ngamalaken lan ndakwahaken utawi mbiwaraaken dhumateng sedaya tiyang.

Nggegulang ilmu agami utawi ngaos,  kita mangertos pentingipun. Kita mboten badhe mangertos lan faham menawi mboten nate sinau. Manungsa tansah ing kawontenan jahil utawi bodho ing babagan agami menawi mboten nate ngaos. Ilmu penting menggahing  amal shaleh. Awit amal shaleh mboten lelandhesan ilmu, punika amal ingkang ngawur. Amal tanpa ilmu punika mboten badhe katampi dening Allah SWT. Pramila ‘amal punika kedah dipun ngilmoni Ngendikanipun para ulama al-‘ilmu qabla  ‘amal - ilmu kuwi sadurunge amal.

Sasampunipun mangertos – kewajiban salajengipun ngamalaken. Mboten manfaat manawi ilmu punika mandheg dumugi mangertos kewala. Ilmu tanpa amal punika kados dene wit tanpa uwoh … kasyajaratin bilaa tsamrin. Ngendikane para sepuh,   ilmu iku kelakoni kanthi laku. Pramila ilmu kedah pun amalaken murih saged ndumugeaken manfaat ingkang kathah : kangge pribadi piyambak  lan akathah.

Kaum Muslimin rahimakumullah!

Kewajiban mukmin  dhumateng agami salajengipun injih punika ndakwahaken; nun inggih ajak-ajak sedaya manungsa cecepengan  dhumateng agami, ajak-ajak amar ma’ruf lan nahi mungkar. Ngajak-ajak tumindak sae lan nebihi pedamelan njemberi, sae miturut agami, mungkar miturut agami.

Dakwah amar ma’ruf nahi mungkar punika miterat para ulama kalebet fardhu kifayah : kewajiban tumrap sedaya pribadi-pribadi muslim.

وَلْتَكُنْ مِنْكُمْ أُمَّةٌ يَدْعُونَ إِلَى الْخَيْرِ وَيَأْمُرُونَ بِالْمَعْرُوفِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ وَأُولَئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُونَ

 “Lan anaa ing antaranira sagolongan umat kang ajak-ajak marang kebecikan, mrentahake kang ma’ruf lan nyegah saka tumindak mungkar. Lan wong-wong mau klebu wong kang pikoleh kabegjan”. (Q.S. Ali Imran : 104)

Ing ayat sanes Allah ngendika bilih : Tiyang-tiyang ingkang kersa ajak-ajak dhumateng kesaenan : kagolongaken ing ndalem golongan khoiru ummah  nun inggih umat pinuji, umat ingkang paling sae.

كُنْتُمْ خَيْرَ أُمَّةٍ أُخْرِجَتْ لِلنَّاسِ تَأْمُرُونَ بِالْمَعْرُوفِ وَتَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ وَتُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ

Sira kabeh kalebu umat kang becik dhewe yang dilairake tumrap manungsa supaya ajak-ajak marang kabecikan, nyegah saka tumindak mungkar lan padha iman marang Allah”. (Q.S. Ali Imran : 110)

Miturut Al-Qur’an, pangandikan ingkang paling sae inggih punika pangandikanipun tiyang ingkang ajak-ajak dumateng agaminipun Allah. Wonten serat  Fushilat ayat 33 Allah ngendika :

وَمَنْ أَحْسَنُ قَوْلاً مِّمَّن دَعَا إِلَى اللَّهِ وَعَمِلَ صَالِحاً وَقَالَ إِنَّنِي مِنَ الْمُسْلِمِينَ

 “Sapa ta wong kang luwih becik guneme ketimbang karo wong kang ajak-ajak netepi agamane Allah, tur dheweke dhewe gelem nindaake laku becik mau, lan ngucap : ‘saktemene aku iki golonganane wong kang sumarah”.

Kaum muslimin rahimakumullah!

Temtu dakwah amar ma’ruf nahi munkar punika mboten kedah pidato sanginggilipun mimbar. Mboten kedah  liwat khutbah-khutbah utawi ceramah-ceramah ing sangajengipun tiyang kathah.

Kewajiban agami punika saged kita lampahi kanthi cara-cara prasaja : ngajak kulawarga nindaaken shalat, shiyam, tumindak sae, mboten wicanten goroh, mboten adu-adu, mboten ngendikaaken awonipun tiyang sanes. Kita saged ngemutaken tangga tepalih, liwat mapinten-pinten pakempalan utawi nalika nembe jejagongan,  bilih Allah sampun peparing kathah dhumateng kita sami, pramila sampun samesthinipun  kita sami bersyukur dhumateng Allah kanthi nyembah lan ngibadah dhumateng Allah. Kita saged ngajak tetiyang ing kanan kering panjenengan sami, sareng-sareng ngrawuhi sholat-sholat jama’ah wonten masjid, ngrawuhi pengaosan utawi  ta’lim-talim ing masjid, lan sanes-sanes kesaenan. Kita saged ajak-ajak tanggi-tepalih nebihi lampah maksiyat : mboten mendhet darbeking asanes, mboten rasan-rasan awon, mboten ngendikan ingkang natoni manahipun asanes. 

Makaten para lenggah, kathah cara tumrap kula sami nenepi dhawuh mbiwaraaken agami punika.

Kaum muslimin rahimakumullah

Dhumateng tetiyang ingkang kersa  ajak-ajak dhumateng tumindak sae Allah badhe paring ganjaran ingkang ageng.  Allah badhe paring ganjaran  dhumateng tiyang ingkang ajak-ajak sae  ; ingkang agengipun sami kaliyan ganjaran ingkang Allah paringaken dhumateng tiyang ingkang nindaaken kesaenan tanpa Allah ngirangi ganjaranipun tiyang ingkang nindaaken. Ngendika Rasulullah SAW ing dalem hadits ingkang dipun riwayataken dening Imam Muslim : :

مَنْ سَنَّ فِي اْلإِسْلاَمِ سُنَّةً حَسَنَةً فَلَهُ أَجْرُهَا وَأَجْرُ مَنْ عَمِلَ بِهَا بَعْدَهُ، مِنْ غَيْرِ أَنْ يَنْقُصَ مِنْ أُجُوْرِهِمْ شَيْءٌ

“Sapa wae kang nindaake ing dalem Islam sunnah kang becik, mangka dheweke bakal oleh ganjaran lan ganjaran wong kang melu-melu tanpa ngurangi ganjaran wong kang melu-melu iku”.

Kaum muslimin rahimakumullah

Agami sampun suka keterangan dhumateng kula  panenengan sami, bilih perkawis agami punika mboten anamung urusan pribadhi-pribadhi. Agami punika urusan sedaya umat, urusan jama’ah umat Islam. Mboten leres setunggal muslim anamung menggalih kepentingan piyambak sesarengan punika nglirwaaken usuan urusan-urusan umat. Mboten leres setunggal muslim punika pengin mulya piyambak, pengin remen piyambak, pengin minggah swarga piyambakan.

Malah kepawis,  tiyang-tiyang ingkang mboten kersa menggalihaken kepentingan umat, tiyang-tiyang ingkang mboten kerja mbiwaraaken agami, ajak-ajak  dhumateng kesaenan lan nyegah saking awisan, tiyang-tiyang wau mboten kacathet minangka umatipun Rasulullah Muhammad SAW. Pramila menawi pengin tetep kalebet umatipun Nabi, umat ingkang dipun tresnani dening Allah mangga kita tansah ajak – ajak kesaenan,  sasaged-saged lan sakongang kula - panjenengan piyambak-piyambak .

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْم فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Khutbah 2

اَلْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ وَالْعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ وَلاَعُدْوَانَ اِلاَّ عَلَى الظَّالِمِيْنَ.  أَشْــهَدُ أَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِ يْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ. وَاَشْــهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَادِقُ الْوَعْدِ اْلأَ مِيْنِ. اَللّهـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى الِهِ وَاَصْحَبِهِ أَجْمَعِيْنَ. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ.

اللَّهُمَّ أَعِزَّ الْإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ. اللَّهُمَّ أَصْلِحْ أَحْوَالَ الْمُسْلِمينَ فِي كُلِّ مَكَانٍ. اللَّهُمَّ اجْعَلْ هَذَا الْبَلَدَ آمِنًا مُطْمَئِنًّا وَسَائِرَ بِلاَدِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ

 رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. رَبَّنَا لاَ تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنفُسَنَا وَإِن لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ.. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

 

  Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 

 

 

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama