Teks Khutbah Jumat Singkat

Piwucal Saking Isra’ Mi’raj

Ustadz Wismanto

Khutbah Sepisan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ. اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi laranganipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Isra’ mi’raj punika prastawa agung ingkang kaserat ing sejarah pinangka piwucal dhateng sedaya umat manungsa. Ngendika Allah:

سُبْحَانَ الَّذِي أَسْرَىٰ بِعَبْدِهِ لَيْلًا مِنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ إِلَى الْمَسْجِدِ الْأَقْصَى الَّذِي بَارَكْنَا حَوْلَهُ لِنُرِيَهُ مِنْ آيَاتِنَا ۚ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْبَصِيرُ

Maha Suci Allah kang wus nglakoake kawulaNe Muhammad, ing sawijining wengi, saka Masjidil Haram menyang Masjidil Aqsa, kang ingsung berkahi ing sakiwa tengene, ingsung kanggo nuduhake marang deweke saweneh tandha Yekti Ingsun, Sanyata Panjenegane Allah iku Maha Miyarsa sarta Maha Priksa”. (Al- Isra’:1)

Jamaah jumah rahimakumullah

Piwucal saking Isra’ mi’raj punika katah sanget ingkang nedahaken agungipun lan minulyanipun prastawa punika. Wonten khutbah siang punika khatib badhe ngaturaken seperangan alit kemawon saking piwucal isra’ mi’raj. Inggih punika wigatosipun ngresiki ati saking rereget. Dipunsebataken wonten ing hadits Imam Bukhari nomer 4709 lan Imam Muslim nomer 163: nalika aku dedepe marang Allah ana ing Hatim (ka’bah) mula teka sawijinig wong (Malaikat Jibril) banjur mbedah dadaku ngati tekan wetengku. Wong iku banjur njupuk atiku dicuci kanthi banyu zam- zam lan diisi kanthi iman lan hikmah…”

Prastawa punika kagungan maksud bilih sakderengipun Rasulullah dipunmi’rajaken minggah langit sowan Allah Ta’ala supados wonten kahanan resik lan suci. Saking kedadosan punika Islam paring piwucal dhateng sedaya umatipun menggah wigatosipun ngresiki ati saking rereget. amargi rereget punika menawi mboten dipun bucal saget nutupi ati saking hidayah lan kesaenan. Menawi ati punika reget mila awrat nampi pitedah agami. Mboten saget mbentenaken pundi ingkang leres lan pundi ingkang lepat. satemah badhe tebih saking tuntunan ingkang utama. Tembe akhiripun mboten saget nggayuh kamulyan panggesangan wonten ing dunya lan akhirat. Ngendika Rasulullah:

أَلاَ وَإِنَّ فِى الْجَسَدِ مُضْغَةً إِذَا صَلَحَتْ صَلَحَ الْجَسَدُ كُلُّهُ ،

 وَإِذَا فَسَدَتْ فَسَدَ الْجَسَدُ كُلُّهُ . أَلاَ وَهِىَ الْقَلْبُ

Sira mangertia, menawa ana ing jasad iku ana sawijining daging kang menawa apik daging iku mula ndadekake apike kabeh jasad. Lan menawa ala daging iku mula ndadekake alane kabeh jasad. Mangertia daging iku kang jenege ati”. (HR. Bukhari:52 Lan Muslim:1599).

Ngendika Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu: “Ati iku kayadene raja lan anggota badan liyane iku pasukane. Menawa raja iku becik mula ndadekake beciking kabeh pasukan. Lan menawa raja iku ala ndadekake alane kabeh pasukan.” (Atsar shahih: Saking ‘Abdurrazaq: al-Mushannaf)

 

Ngresiki ati punika kalebet saweneh saking ibadah ingkang agung. Ati ingkang resik saget mbeta kesaenan lan manfaat agung. Mekaten ugi ati ingkang reget dados penyebab nelagsa lan cilaka. Ngendika Allah:

قَدْ أَفْلَحَ مَنْ زَكَّاها وَقَدْ خابَ مَنْ دَسَّاها

Yekti begja temen wong kang ngresiki atine. Lan temen kapitunan marang wong kang ngregeti atine.” (As- Syams:9-10)

Islam sampun suka dawuh kados pundi menggah caranipun ngresiki ati.

Sepisan remen maos Al- Quran

Maos Al- Quran punika setunggal lampah kagem njagi ati saking sedaya rereget. Ngendika Allah:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ قَدْ جَاءَتْكُمْ مَوْعِظَةٌ مِنْ رَبِّكُمْ وَشِفَاءٌ لِمَا فِي الصُّدُورِ وَهُدًى وَرَحْمَةٌ لِلْمُؤْمِنِينَ

He para manungsa sanyata sira kabeh wus katekanan pepeling yaiku quran saka Pangeranira, dadi tamba kang marasake lelara kang ana ing ati, sarta dadi pituduh lan rahmat tumrap wong- wong kang pada iman.” (Yunus:57).

Ngendika Ibnu Taimiyah : “Al Qur’an iku obat kang mujarab tumrap ati.  Al Qur’an pinangka obat ati saka penyakit syubhat lan syahwat. (Majmu’ Al Fatawa)

Kaping kalih ngatah- ngatahi dzikir

Ngendika Allah :

أَلَا بِذِكْرِ اللَّهِ تَطْمَئِنُّ الْقُلُوبُ

“…Sira mangertia, kanthi dzikir ndadekake ati iku tenteram”. (Ar-Ra’d: 28).

Ngendika Aisyah Radhiyallahu anha:

كَانَ النَّبِيُّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يَذْكُرُ اللهَ عَلَى كُلِّ أَحْيَانِهِ

Sanyata Nabi Shallallahu ‘alaihi wa sallam iku tansah dzikir marang Allah ana ing kahanan apa wae”. (HR. Muslim: 373).

Jamaah jumah rahimakumullah

Mekaten khutbah jumat ingkang khatib aturaken wonten siang punika. Mugi Allah tansah paring pitedhah dhumateng kula lan panjenegan satemah saget mendet piwucal utama saking isra’ mi’raj inggih punika wajibipun ngresiki ati.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

 

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

 Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama