Teks Khutbah Jumat Singkat

Sabar lan Syukur

Ustadz Wismanto

 

Khutbah Sepisan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fidunya wal akhirah. Amiin.

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Sinten kemawon ingkang gesang wonten ing alam dunya punika mesti badhe manggihi perkawis ingkang ngremenaken lan ingkang nyusahaken. Anugerah lan musibah punika sampun dados pepesti ingkang lir gumanti badhe kaparingaken dhateng manungsa. Ngendika Allah SWT:

وَتِلْكَ ٱلْأَيَّامُ نُدَاوِلُهَا بَيْنَ ٱلنَّاسِ وَلِيَعْلَمَ ٱللَّهُ ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا۟ وَيَتَّخِذَ مِنكُمْ شُهَدَآءَ ۗ وَٱللَّهُ لَا يُحِبُّ ٱلظَّٰلِمِينَ

Lan dina kang mengkono mau (nyusahake utawa nyenengake) Ingsung gilir- gumantekake ana ing antarane para manungsa. Supaya Allah ngawuningani wong kang pada iman lan sebagean sira dikersaake mati syahid. Lan Allah iku ora remen marang wong kang nganiyaya. (Ali Imran:140)

Jamaah jumah rahimakumullah

Piwucal utama ingkang saget dipun pendet saking ayat ing nginggil:

Piwucal kaping sepisan : Anugerah lan musibah punika pepesti ing dunya.

Ayat wonten nginggil suka pawartos nalika para shahabat nabi nderek jihad punika wonten wancinipun menang ananging ugi wonten wancinipun kawon. Menang lan kawon dipun gilir- gumantekaken Allah dhateng kaum muslimin lan kaum musyrikin. Kaum muslimin mboten menang terus- terusan. Mekaten ugi kaum musyrikin ugi mboten kawon terus- terusan. Sedaya kala wau pinangka ujian, kanthi gilir- gumantinipun menang lan kawon Allah ngersaaken ngawuningani imanipun para shahabat nabi.

Kanthi ayat punika Allah suka pepemut bilih gesang ing dunya punika wonten wancinipun nampi anugerah lan wonten wancinipun nampi musibah. Dunya punika isinipun warni kalih; perkawis ingkang ngremenaken lan perkawis ingkang nyusahaken. Kalih warni punika badhe dipun paringaken dhateng sedaya manungsa. Sinten mawon tiyang punika mboten badhe dipun paring anugerah mawon, ananging ugi wonten wancinipun kaparingan musibah.

Piwucal kaping kalih: wajibipun sabar lan syukur

Jamaah jumah rahimakumullah

Ing ndalem nglampahi panggesangan wonten alam dunya punika kula lan panjenengan kedah siap nampi musibah lan siap nampi anugerah. Amargi siap punapa mboten siap kalih perkawis punika mesthi badhe manggihi sinten kemawon.  Artosipun kula lan panjenengan punika kantun nengga, nengga rawuhipun musibah utawi nengga rawuhipun anugerah. Menawi ingkang nembe rawuh musibah mila kita tampi kanti sabar lan menawi ingkang nembe rawuh punika anugerah mila kita tampi kanthi syukur. Tiyang muslim punika tiyang ingkang pinaringan watak jangkep, ateges siap nampi musibah lan siap nampi anugerah. Ngendika Rasulullah SAW:

عَجَبًا لأَمْرِ الْمُؤْمِنِ إِنَّ أَمْرَهُ كُلَّهُ خَيْرٌ وَلَيْسَ ذَاكَ لأَحَدٍ إِلاَّ لِلْمُؤْمِنِ إِنْ أَصَابَتْهُ سَرَّاءُ شَكَرَ فَكَانَ خَيْرًا لَهُ وَإِنْ أَصَابَتْهُ ضَرَّاءُ صَبَرَ فَكَانَ خَيْرًا لَهُ

“Temen nggumunake perkarane wong mukmin iku, sanyatane kabeh kahanane iku becik lan ora ana kang bisa mengkono kejaba wong mukmin. Menawa pekoleh kesenengan deweke syukur, mula syukur iku becik tumrap deweke. Lan menawa pekoleh kasusahan deweke sabar, mula sabar iku becik tumrap deweke.” (HR. Muslim:2.999)

Jamaah jumah rahimakumullah

Menawi kula lan panjenengan sumerep lan yakin perkawis punika, mila gesang ing dunya punika wontenipun namung eca lan sekeca. Gesang punika adem, ayem lan tentrem. Mboten wonten perkawis ingkang kedhah dipun penggalih kanthi awrat lan mumet. Sedaya perkawis punika gampil mboten ribet.

Mekaten khutbah jumat ingkang khatib aturaken wonten siang punika. Mugi Allah tansah paring sabar lan syukur dhumateng kula lan panjenegan satemah saget nglampahi panggesangan ing dunya punika kanthi istiqamah lan kundhur kanthi husnul khatimah.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

 

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

 

  Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 

 

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama