Teks Khutbah Idul
Fitri 1444 H / 2023 M
Ustadz Wismanto
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ
مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ
فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ اللهُ
أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ اللهُ. أَكْبَرُ
وَللهِ الحَمْدُ
Jamaah idul fitri rahimakumullah
Alhamdulillah wonten dinten ingkang minulya
punika sedaya kaum muslimin ngrayaaken dinten riyaya idul fitri 1444 H kanthi
kebak ing karaharjan. Anugerah arupi dinten riyaya punika mujudaken kanikmatan
ingkang wajib dipun syukuri kanthi maos lafal takbir, tahlil lan tahmid.
Allahu Akbar Allahu Akbar laailaha illallahu Allahu Akbar Allahu Akbar
Wlilahilhamd.
Jamaah idul fitri rahimakumullah
Purnanipun wulan suci Ramadhan ing tahun punika
estu andadosaken raos ingkang maneka warna. Wonten raos syukur lan bahagia awit
kula lan panjenegan sampun kasil nindakake sedaya pangibadahan ing wulan
kapengker. Wonten raos sedih amargi kula lan panjenengan dipun tilar wulan
agung lan mboten mangertos saget pinanggih malih punapa mboten wonten tahun
candakipun. Ramadhan rawuh kanthi sedaya kamulyanipun lan sampun kesah kanthi
sedaya barakahipun.
Jamaah idul fitri rahimakumullah
Sejatosipun Allah ngrawuhaken wulan Ramadhan mboten namung pakulinan saben tahun. Ananging Allah ngersaaken paring piwucal agung dhateng sedaya umat manungsa kanthi rerangken pangibadahan ing wulan Ramadhan. Mila wonten ing mimbar khutbah idul fitri enjang punika khatib ngajak sumangga kula lan panjenengan mendet piwucal agung saking sedaya rerangken ibadah Ramadhan ingkang sampun kalampah.
Piwucal sepisan: Wajibipun tindhak lampah welas asih.
Wonten ing Ramadhan Allah dhawuh nindhakaken
shiyam setunggal wulan. Tiyang ingkang shiyam nilaraken dahar, ngunjuk ugi
sesambetan badan kaliyan garwa ing wanci siang. Kanthi raos ngelak (salit) lan
luwe, mila islam ngersaaken tiyang ingkang shiyam sageta tuwuh raos welas asih
dhateng sesami gesang, langkung- langkung dhateng tetiyang ingkang kekirangan.
Tuwuhipun raos welas asih punika kalebet salah setunggal ciri tiyang ingkang
taqwa. Pertanda kasilipun tujuan ibadah shiyam. Jumbuh kaliyan tujuan utami
shiyam ingkang Allah kersaaken tumrap tiyang mukmin. Ngendika Allah:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ
الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
“He para wong mukmin, wus
diwajibake marang sira pasa, kaya kang wus diwajibake marang wong- wong
sadurungira, supaya sira tambah taqwa”. (Al- Baqarah:183).
Islam punika agami welas asih (rahmatan lil
‘alamin), ngajak sedaya umatipun dados manungsa ingkang welas asih. Islam ugi
suka keteranggan menggah utaminipun tetiyang ingkang kagungan raos welas asih.
Syariat islam dipun turunaken pinangka bukti bilih Allah punika Maha Welas
Asih. Ngendika Allah:
كَتَبَ رَبُّكُمْ عَلَى نَفْسِهِ الرَّحْمَة
“Allah Pangeranira wus netepake menawa Panjenegane iku Maha Welas
Asih”. (Al- An’am:54.)
Mekaten ugi
Allah ngutus manungsa pilihanipun inggih punika Muhammad pinangka dados
rahmatan lil alamiin. Ngendika Allah:
وَمَآ اَرْسَلْنٰكَ اِلَّا رَحْمَةً لِّلْعٰلَمِيْنَ
“ Lan Ingsun ora angutus ing sira, kejaba supaya dadi rahmat marang
alam jagat raya”. (Al- Anbiya:107).
Rasulullah punika priyayi ingkang welas asih
dhateng sedaya umat manungsa. Rasulullah punika piyayi ingkang sanget welas
asih dhateng garwanipun. Sakdangunipun gesang mboten nate sepisan kemawon
nyinggung napa malih nglarani manah garwanipun. Ing sedaya bab Rasulullah
tansah ngalah dhateng garwanipun babar blas mboten nate rebut bener. Rasulullah
namung ngersaaken garwanipun bahagia ing rumah tangganipun.
Rasulullah ugi sanget welas asih dhateng tangga-
tepalih. Mboten nate panjenenganipun kagungan daharan kejawi mesthi dipun
radhinaken/ paringaken dhateng tangga- tepalih. Panjeneganipun dhawuh: “ora
bisa disebut wong iman, wong- wong kang deweke sare ana ing kahanan wareg ingmangka
tanggane ora bisa sare jalaran luwe”. (HR.Tabrani).
Rasulullah ugi sanget welas asih dhateng sedaya
umat manungsa. Tetiyang ingkang kersa nampi dakwahipun utawi dereng nampi
sedaya dipun tresnani mboten dipun benten- bentenaken. Rasulullah maringi
tuladha menggah tatacara nresnani umat manungsa. Rasulullah ugi dawuh dhateng
sedaya umat manungsa supados nresnani sinten kemawon wonten ing alam dunya
punika. Ngendika Rasulullah:
ارْحَمُوا مَنْ فِي الْأَرْضِ يَرْحَمْكُمْ مَنْ فِي
السَّمَاء
“Sira pada nresnanana makhluk kang ana ing bumi, yekti sira bakal
ditresnani kang ana ing langit (Allah)”. (H.R At-Tirmidzi)
Jamaah idul fitri rahimakumullah
Piwucal Kaping kalih: Awisan tumindak kasar Lan memengsahan
Ing wulan Ramadhan
Allah ngawisi wicantenan ingkang kasar lan saru. Wicantenan lan tindhak kasar
punika ngrisak kautaman ibadah shiyam. Ngendika Rasulullah:
مَنْ لَمْ يَدَعْ قَوْلَ الزُّورِ وَالْعَمَلَ بِهِ
فَلَيْسَ لِلَّهِ حَاجَةٌ فِى أَنْ يَدَعَ طَعَامَهُ وَشَرَابَهُ
“Sapa wonge ora bisa ninggalake tetembungan kasar (saru) lan deweke
tetep nglakoni, mula Allah ora ngersaake deweke ninggalake mangan lan ngombene”
(ora ngersaake pasane). (HR. Bukhari).
إِنَّ
اللَّهَ لَيُبْغِضُ الفَاحِشَ البَذِيءَ
“Satemene Allah iku ora remen marang wong
kang lisane saru lan kasar” (HR. Tirmizi).
Ing hadist sanes Rasulullah ugi ngendika:
لاَ
تَحَاسَدُوْا ، وَلاَ تَنَاجَشُوْا ، وَلاَ تَبَاغَضُوْا ، وَلاَ تَدَابَرُوْا ، وَلاَ
يَبِعْ بَعْضُكُمْ عَلَى بَيْعِ بَعْضٍ ، وَكُوْنُوْا عِبَادَ اللهِ إِخْوَانًا ،
“Sira
aja pada drengki, lan aja pada goleki kaluputane liyan, lan aja pada sengit-
sengitan, lan aja pada ungkur- ungkuran, lan aja pada ngrebut bebakulane liyan,
Lan sira pada dadia kawulane Allah kang pada akur ing paseduluran…” (HR.
Muslim).
Jamaah idul fitri rahimakumullah
Islam kanthi ceta suka keterangan menggah
awonipun lan bebayanipun tindhak kasar, drengki, remen sengit- sengitan lan memengsahan.
Tindhak lampah sedaya kala wau awon sanget, mujudaken perkawis ingkang sanget
bebayani. Tindhak kasar , sengit- sengitan punika saget andadosaken risakipun
pasrawungan ingkang lumampah wonten ing kluwarga, masyarakat, bangsa lan nagari.
Sampun dados jejibahan kula lan panjenengan
nebihi tindhak lampah kasar, sengit- sengitan lan memengsahan. Tindhak lampah
kasar punika perkawis ingkang kedah dibun bucal saktebih- tebihipun saking
badan kita lan saking masyarakat kita. Tindhak lampah kasar, remen sengit-
sengitan lan memengsahan punika mujudaken penyakit lan racun masyarakat. Wonten
pundi panggenan menawi warganipun wonten ingkang ketaman penyakit punika mesthi
badhe dados sumber risakipun tatanan masyarakat.
Pungkasaning atur sumangga kula derekaken ndedonga
dhumateng Allah mugi Panjenenganipun Allah tasah paring rahmat saha kawelasan
satemah kula lan panjenengan sageta nuhoni lampah welas asih lan nebihi tindhak
lampah kasar, remen congkrah lan sengit- sengitan, sahingga pasrawungan wonten
ing kluwarga lan masyarakat kita saget lumampah kanthi guyup, rukun, ayom ayem
tata lan tentrem. Aamiin.
اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
والْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِناتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ
والْأَمْواتِ، بِرَحْمَتِكَ يَا وَاهِبَ الْعَطِيَّاتِ.
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Posting Komentar