Teks Khutbah Jumat
Singkat
Ustadz Wismanto
Khutbah Sepisan
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ
وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ
أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ
هَادِىَ لَهُ , وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ
إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى
نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ
الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ
آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Awit rahmatipun Allah Ta’ala kita sedaya saget
nindakaken ibadah ramadhan ngantos dumugi dinten punika. Sekedap
malih kita sedaya bade lumebet wonten sak
protigan akhir ramadhan. Wonten sedasa akhir ramadhan Allah nyawisaken
setunggal kautaman ingkang agung sanget inggih punika lailatul qadar. Lailatul qadar mujudaken setunggal
dalu ingkang dipun mulyaaken Allah Ta’ala tinimbang dalu- dalu sanesipun. Allah
ngendika :
اِنَّآ اَنْزَلْنٰهُ فِيْ
لَيْلَةِ الْقَدْرِ –وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِۗ - لَيْلَةُ
الْقَدْرِ ەۙ خَيْرٌ مِّنْ اَلْفِ شَهْرٍۗ
“Satemene ingsun
Allah wus nurunake (Al-Quran) ana ing wengi kamulyan. Lan sira (Muhammad) sumurup ora, apa wengi kamulyan iku?. Wengi kamulyan iku luwih utama tinimbang sewu wulan... (QS. Al Qadar
1-3)
Muhammad bin Shalih Al Utsaimin ngendiko: Arti al qadar yaiku Kamulyan lan pengagungan
utawa ketetapan lan keputusan. Disebut mengkono iku amarga wengi iku wengi sing agung
lan minulya. Ana ing wengi iku Allah Ta’ala nakdirake lan netepake apa wae kang
bakal kedadeyan ana ing wektu setahun kang bakal tumeka. (Majaalis Syahri Ramadhan : 284)
Mujahid ngendikaaken: “lailatul qadar luwih utama tinimbang 1000 wulan maksude, amalan puasa lan
shalat wengi sing ditindakake ana ing wengi iku luwih utama tinimbang 1000 wulan”.
An Nakhoi ngendika: “Amalan ana ing lailatul qadar luwih utama tinimbang amalan 1000 wulan.”
Jamaah jumah rahimakumullah
Kapan lailatul qadar punika??
Lailatul qadar bade dumugi
wonten wengi- wengi 10 akhir wulan ramadhan kados pangandikanipun rasulullah :
تَحَرَّوْا لَيْلَةَ الْقَدْرِ فِى الْعَشْرِ
الأَوَاخِرِ مِنْ رَمَضَانَ
“Sira goleka lailatul qadar iku ana ing sepuluh wengi
akhir wulan Ramadhan.” (HR. Bukhari no. 2020, Muslim
no. 1169).
Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam ugi ngendika:
تَحَرَّوْا لَيْلَةَ الْقَدْرِ فِى الْوِتْرِ
مِنَ الْعَشْرِ الأَوَاخِرِ مِنْ رَمَضَانَ
“Sira goleka lailatul qadar iku ana ing wengi- wengi
ganjil seka sepuluh akhir ramadhan.” (HR. Bukhari no.
2017).
Kapan tanggal pasti lailatul
qadar punika?
Wonten ing kitab fathul
bari, Ibnu Hajar Al Asqolani rahimahullah sampun
nyebataken 40 pemanggih para ulama wonten ing masalah punika. Pemanggih ingkang paling kiat, lailatul qadar punika kedadosan wonten ing wengi ganjil saking 10 akhir wulan
ramadhan lan wekdalipun pindah- pindah saben tahunipun.
Jamaah jumah rahimakumullah
Amalan punapa ingkang kedah dipun tindakaken wonten ing lailatul qadar?
Muhammad bin Shalih Al Utsaimin ngendika; ana ing wengi iku supaya kaum muslimin nindakake
shalat sunnah, dzikir lan doa sahingga bisa tambah celak marang
Allah lan uga pinaringan pahala kang agung. (Majaalis Syahri Ramadhan; 289).
Wonten setunggal riwayat, Aisyah radhiallahu ‘anha nate
nyuwun pirsa dumateng Rasulullah babagan amalan wonten ing lailatul qadar,
lajeng Rasulullah dawuh supados Aisyah maos doa:
إِنَّكَ عَفُوٌّ تُحِبُّ الْعَفْوَ فَاعْفُ
عَنِّي اللَّهُمَّ
“Duh Allah sejatosipun panjenengan punika Maha Ngapura lan tresna dhumateng tiyang- tiyang ingkang nyuwun pangapura, mila mugi panjenengan paring pangapura dhumateng kula” (HR. Tirmizi)
Jamaah jumah rahimakumullah
Mekaten khutbah jumat siang
punika khatib aturaken. Sumangga kita sesarengan tansah
semangat nindakaken pangibadahan langkung- langkung wonten ing akhir ramadhan.
Mugi Allah Ta’ala maringi kita rahmat lan berkah sahingga saget nindakaken
pangibadahan wonten ing lailatul qadar. Amiin yaa rabbal ‘alamiin.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ
إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُولُهُ
اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
Posting Komentar