Teks Khutbah Jumat Singkat

Beja lan Cilaka

Ustadz Wismanto

Khutbah Sepisan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Sumangga kula derekaken tansah ngunjukaken suka syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang sampun paring Rahmat saha barakah dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis shalat jumah kanthi kebak ing kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumoangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah manggih kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Kalebet tanda kabegjan tumrap tetiyang, bilih kanthi tambah ngilmunipun mila tambah ugi andap asoripun. Kanthi tambah yuswanipun mila tambah ugi zuhudipun. Kanthi tambah bandhanipun mila tambah ugi dermawan lan shadaqahipun. Lan kanthi tambah pangkat jabatan mila tambah ugi caketipun dhateng masyarakat.

Ewondene tandha cilakanipun setunggal tiyang, menawi tambah ngilmunipun mila andadosaken tambah gumbedhenipun. Menawi tambah yuswanipun malah andadosaken tambah tamak lan serakahipun. Menawi tambah bandhanipun malah andadosaken tambah kikir lan pelitipun. Lan menawi tambah pangkat jabatanipun malah andadosaken tambah sombong, kumalungkung lan tebih kaliyan masyarakatipun.

Jamaah jumah rahimakumullah

Sedaya peparingipun Allah punika mujudaken pacoben.  Kanthi pacoben Allah ngersaaken anguningani para kawulanipun punapa kalebet golongan tetiyang ingkang beja lan punapa kalebet golongan tiyang ingkang cilaka. Ngendika Allah:

هَٰذَا مِنْ فَضْلِ رَبِّي لِيَبْلُوَنِي أَأَشْكُرُ أَمْ أَكْفُرُ ۖ وَمَنْ شَكَرَ فَإِنَّمَا يَشْكُرُ لِنَفْسِهِ ۖ وَمَنْ كَفَرَ فَإِنَّ رَبِّي غَنِيٌّ كَرِيمٌ

“Mangkene iki saweneh kanugrahaning Pengeranku, minangka dadi coba ning awakku apa aku gelem syukur atawa aku dadi kufur. Dene sing sapa syukur, sayekti syukur iku manfaati marang awake dhewe. Lan sing sapa kufur satemene Pengeranku iku sing Maha Sugih lan tur Maha Mulya.”  (AN- Naml: 40)

Tiyang mukmin punika tiyang ingkang ngidam- idamaken kabegjan hakiki inggih punika Kabegjan dunya lan kabegjan akhirat, sanes kasenengan ingkang ngapusi, ketingalipun beja ananging kanyata malah cilaka. Ngendika Syaikh Muhammad At- Tamimi: Tanda kabegjan iku ana 3 perkara:

1.      Menawa oleh nikmat syukur

2.      Menawa oleh pacoben sabar

3.      Lan menawa tuminhdak luput banjur istigfar.

Jamaah jumah rahimakumullah

Miterat erah- erahan ing nginggil saget dipun simpulaken bilih tanda kabegjan menika menawi tambah yuswa tansaya tambah caket kaliyan Allah. Lan tanda kacilakan punika menawi tambah yuswa tansaya tambah tebih kaliyan Allah. Ngendika Allah:

مَنْ عَمِلَ صَٰلِحًا مِّن ذَكَرٍ أَوْ أُنثَىٰ وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُۥ حَيَوٰةً طَيِّبَةً ۖ وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ أَجْرَهُم بِأَحْسَنِ مَا كَانُوا۟ يَعْمَلُونَ

“Sing sapa wonge nindakake laku becik, padha uga pria utawa Wanita, lan deweke iku iman, mesthi ingsun bakal maringi panguripan kang kepenak ana ing Donya, sarta ingsun bakal nyampurnaake ganjarane kalawan kang luwih becik, tinimbang karo barang kang wus tau ditindakake.” (An Nahl; 97)

Jamaah jumah rahimakumullah

Mekaten seperangan bab ingkang khatib aturaken wonten mimbar jumat siang punika. Mugi Allah tansah paring hidayah satemah kula lan panjenegan saget kalebet golonganipun tiyang- tiyang ingkang beja ing Donya lan akhirat. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.  

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

   Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama