Teks Khutbah Jumat Singkat

Rumaos Paling Leres

Ustadz Wismanto

Khutbah Sepisan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah jumat siang punika kepareng khatib ngaturaken setunggal tema: Rumaos Paling Leres. Tema punika mujudaken perkawis ingkang estu wigatos. Langkung- langkung wonten ing jaman akhir kados sakmenika, rikalanipun katah fitnah duniawi ingkang saben dinten mesthi kula lan panjenengan tampi.

Jaman ingkang sampun samar antawisipun perkawis ingkang leres kelawan ingkang lepat. Sedaya tiyang sami ngakeni pemanggihipun ingkang paling leres lan tiyang sanes mesthi lepat. Jaman ingkang sampun awis sanget raos tolerasi, benten madzhab ing ndalem mahami agami lan  benten ormas ndadosaken mboten rukun lan sarana nyalahaken keporo moyoki.

Jaman nalika para tetiyang ingkang lumampah ing margi dakwah sampun mboten lempeng lampahipun. Ateges dakwah ingkang tujuan utaminipun kagem nginggilaken agaminipun Allah, ananging malah kagem ngunggulaken kelompokipun. Saben- saben kelompok rumaos paling leres, mboten wonten malih tiyang ingkang leres kejawi kelompokipun piyambak.

Jamaah jumah rahimakumullah

 Prastawa punika sejatosipun prastawa ingkang mrihatosaken sanget. Kahanan punika sami kaliyan kahanan masyarakat jahiliyah rikala Allah ngutus nabi Muhammad SAW. Mila kula lan panjenegan kedah koreksi diri, punapa sejatosipun ingkang andadosaken tata cara nglampahi agami kok kados mekaten?.

Jamaah jumah rahimakumullah

Salah setunggal sebab, ingkang andadosekan risakipun tata lampah nindhakaken agami kados punika inggih amargi risakipun niat, utawi nalingsiripun niat ing ndalem nglampahi agami. Risakipun niat punika amargi dipunsebabaken regetipun ati. Mila kathah tiyang ingkang kelentu lampahipun. Kedhahipun sinau agami punika ndandosaken tawadhu, ananging malah ndadosaken sombong, gumbede, angkuh.

Mila kanthi punika namung wonten setunggal margi kagem ndadosi risakipun niat, inggih punika kanthi ngresiki manah/ ati saking sedaya rereget. Ngendika Rasulullah:

أَلاَ وَإِنَّ فِى الْجَسَدِ مُضْغَةً إِذَا صَلَحَتْ صَلَحَ الْجَسَدُ كُلُّهُ ، وَإِذَا فَسَدَتْ فَسَدَ الْجَسَدُ كُلُّهُ . أَلاَ وَهِىَ الْقَلْبُ

Sira mangertia, menawa ana ing jasad iku ana sawijining daging kang menawa apik daging iku mula ndadekake apike kabeh jasad. Lan menawa ala daging iku mula ndadekake alane kabeh jasad. Mangertia daging iku kang jenenge ati”. (HR. Bukhari:52 Lan Muslim:1599).

Ngendika Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu: “Ati iku kayadene raja lan anggota badan liyane iku pasukane. Menawa raja iku becik mula ndadekake beciking kabeh pasukan. Lan menawa raja iku ala ndadekake alane kabeh pasukan.” (Atsar shahih: Saking ‘Abdurrazaq: al-Mushannaf)

Ngresiki ati punika kalebet saweneh saking ibadah ingkang agung. Ati ingkang resik saget mbeta kesaenan lan manfaat agung. Mekaten ugi ati ingkang reget dados penyebab nelangsa lan cilaka. Ngendika Allah:

قَدْ أَفْلَحَ مَنْ زَكَّاها وَقَدْ خابَ مَنْ دَسَّاها

Yekti begja temen wong kang ngresiki atine. Lan temen kapitunan marang wong kang ngregeti atine.” (As- Syams:9-10)

Islam sampun suka dawuh kados pundi menggah caranipun ngresiki ati.

Sepisan remen maos Al- Quran

Maos Al- Quran punika setunggal lampah kagem njagi ati saking sedaya rereget. Ngendika Allah:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ قَدْ جَاءَتْكُمْ مَوْعِظَةٌ مِنْ رَبِّكُمْ وَشِفَاءٌ لِمَا فِي الصُّدُورِ وَهُدًى وَرَحْمَةٌ لِلْمُؤْمِنِينَ

He para manungsa sanyata sira kabeh wus katekanan pepeling yaiku quran saka Pangeranira, dadi tamba kang marasake lelara kang ana ing ati, sarta dadi pituduh lan rahmat tumrap wong- wong kang pada iman.” (Yunus:57).

Ngendika Ibnu Taimiyah : “Al Qur’an iku obat kang mujarab tumrap ati.  Al Qur’an pinangka obat ati saka penyakit syubhat lan syahwat. (Majmu’ Al Fatawa)

Kaping kalih ngatah- ngatahi dzikir

Ngendika Allah :

أَلَا بِذِكْرِ اللَّهِ تَطْمَئِنُّ الْقُلُوبُ

“…Sira mangertia, kanthi dzikir ndadekake ati iku tenteram”. (Ar-Ra’d: 28).

Ngendika Aisyah Radhiyallahu anha:

كَانَ النَّبِيُّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يَذْكُرُ اللهَ عَلَى كُلِّ أَحْيَانِهِ

Sanyata Nabi Shallallahu ‘alaihi wa sallam iku tansah dzikir marang Allah ana ing kahanan apa wae”. (HR. Muslim: 373).

Jamaah jumah rahimakumullah

Mekaten khutbah jumat ingkang khatib aturaken wonten siang punika. Mugi Allah tansah paring pitedhah dhumateng kula lan panjenegan satemah saget leres ing ndalem nglampahi agami. Saget leres niatipun, saget tawadhu lan andap asor ing ndalem srawung kaliyan sesami masyarakat. Saget toleran nalika benten pemanggih kaliyan tiyang sanes. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

 

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

  Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama