Teks Khutbah Jumat Singkat

Pawartos Ingkang

Boten Nyata (Hoax)

Ustadz Wismanto

Khutbah Sepisan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ ,اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ , يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fidunya wal akhirah. Amiin.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Allah SWT ngutus Muhammad SAW pinangka rahmatan lil ‘alamin ngajak sedaya manungsa tumindhak leres, wicantenan ingkang leres lan mbiwaraaken pawartos kanthi leres. Tumindhak leres punika mujudaken pokok- pokok piwucal islam. Rasulullah ugi ngawisi sedaya manungsa wicantenan hoaxs lan mbiwaraaken pawartos ingkang boten nyata utawi hoaxs. Mbiwaraaken hoaxs punika kalebet perkawis ingkang dipun awisi ing islam.

Para ulama suka keterangan bilih maksud hoaxs punika: “Mbiwaraake pawarta kang ara nyata ing mangka deweke mangerteni warta iku ora nyata”. Hoaxs punika kalebet dosa, saget dados dosa alit lan dosa ageng gumantung akibat saking hoaxs ingkang dipun biwaraaken. Ing jamanipun Rasulullah ugi nate kedadosan hoaxs, wonten setunggal riwayat Ibnu Abbas r.a ngendika bilih: “Rasulullah SAW ngutus Al Walid bin Uqbah jupuk zakat ing kabilah bani musthaliq. Sumurup pawarta rawuhipun utusan nabi, kabilah bani musthaliq suka gembira banjur budhal saka ing omahe dewe- dewe kanggo mangayubagya rawuhe utusan nabi. Ananging ing tengah dalan utusane Rasulullah dicegat sawiji wong kang aweh kabar menawa kabilah bani musthaliq mbadal dawuh zakat lan bakal nglawan utusane Rasulullah.

Sumerep kabar mangkana Khalid bin Uqbah banjur kundur ing Madinah lan ngaturake kabar iku mau dhateng Rasulullah. Rasulullah banjur nyiapake pasukan kanggo ngadepi kabilah bani musthaliq. Rikalane Rasulullah nyiapake pasukan, dumadakan sowan sawiji utusan saka kabilah bani musthaliq kang nyuwun pirsa babagan mboten sios rawuhipun Khalid bin Uqbah ugi rombonganipun dhateng kabilah bani musthaliq kamongka sedaya warga sampun suka gembira mangayubagya rawuhipun utusan.

Kanthi sowane sawiji utusan saka kabilah bani musthaliq Rasulullah lajeng sumerep menawa kabar kang ditampa Khalid bin Uqbah iku pawarta kang ora nyata  (hoaxs.)” .

Saking prastawa punika lajeng Allah SWT nurunaken ayat 6 surat Al- Hujurat:

يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوٓا۟ إِن جَآءَكُمْ فَاسِقٌۢ بِنَبَإٍ فَتَبَيَّنُوٓا۟ أَن تُصِيبُوا۟ قَوْمًۢا بِجَهَٰلَةٍ فَتُصْبِحُوا۟ عَلَىٰ مَا فَعَلْتُمْ نَٰدِمِينَ

“He para wong mukmin, menawa ana wong fasek teka ing sira anggawa pawarta, sira banjur ngupayaa keterangan benere pawarta iku mau, aja nganti sira natoni marang atine sawijining golongan sebab saka ora ngerti, satemah sira padha getun tumrap tindakira kang sira lakoni.” (QS. Al- Hujurat: 6).

Jamaah jumah rahimakumullah

Mundut piwucal saking prastawa ing nginggil, islam suka dhawuh kadospundi prayoginipun kula lan panjenegan rikala pikantuk setunggalipun pawartos ingkang dereng nyata??

1.      Wajib tabayun, kanthi nanjihaken leres lepatipun kabarpunika. Mboten kepareng kula lan panjenengan langsung mitadosi setunggal pawartos ingkang dereng nyata leres lan lepatipun.

2.      Prayogi mendel mboten mbiwaraaken pawartos ingkang dereng ceta sangkan paranipun. Mendel saking pawartos ingkang dereng nyata punika kalebet setunggal akhlaq ingkang utama. Ananging remen mbiwaraaken pawartos ingkang dereng nyata punika kalebet ciri akhlaq ingkang awon. Ngendika Rasulullah

كَفَى بِالْمَرْءِ كَذِبًا أَنْ يُحَدِّثَ بِكُلِّ مَا سَمِعَ

“Cukup sawiji wong iku disebut tukang goroh (pendusta), menawa deweke mbiwaraake saben kabar kang ditampa”. (HR. Muslim)

Jamaah jumah rahimakumullah

Mekaten khutbah jumat ingkang khatib aturaken wonten siang punika. Mugi Allah tansah paring pitedah dhumateng kula lan panjenegan satemah saget nglampahi sedaya dhawuh islam ing panggesangan punika kanthi istiqamah.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

 

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 

 

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama