Teks Khutbah Jumat Singkat

Nampi Taqdiripun Allah SWT

Ustadz  Wismanto

Khutbah Sepisan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ,يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fidunya wal akhirah. Amiin.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Gesang punika kadhang- kadhang boten cocog kaliyan kekajengan kula lan panjenengan. Wonten ingkang kagungan panggayuhan mekaten ananging mboten kasembadan. Wonten ingkang kagungan kepinginan mekaten ananging kasunyatanipun benten kaliyan ingkang dipun idam- idamaken. Bentenipun kasunyatan ingkang kita tampi kaliyan kekajengan kula lan panjenengan punika mujudaken perkawis ingkang lumrah wonten ing bab punapa kemawon, misalipun ing bab jodho, usaha pakaryan padhos rejeki lan sanesipun.

Mila, pinangka tiyang mukmin kula lan panjenengan kedhah kagungan keyakinan ingkang leres ing ndalem nampi pepestinipun Allah. Kula lan panjenegan kedhah yakin bilih Allah paring pepesti punika adedasar sifat welas asihipun. Sedaya ingkang kaparigaken dhateng kula lan panjenegan sejatosipun ingkang paling sae lan paling cocog. Allah babar pisan boten badhe peparing dhateng kula lan panjenegan ingkang boten sae, napa malih ingkang boten cocog. Ngendika Allah:

وَعَسَىٰٓ أَن تَكْرَهُوا۟ شَيْـًٔا وَهُوَ خَيْرٌ لَّكُمْ ۖ وَعَسَىٰٓ أَن تُحِبُّوا۟ شَيْـًٔا وَهُوَ شَرٌّ لَّكُمْ ۗ وَٱللَّهُ يَعْلَمُ وَأَنتُمْ لَا تَعْلَمُونَ

“Ngertia terkadhang prakara kang sira gethingi iku becik tumrap sira lan prakara kang sira demeni iku ala tumrap sira, Lan Allah iku ngawuningani dene sira ora pada mangerti…” (Al- Baqarah:16)

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Allah punika adil lan wicaksana, mesthi ingkang kaparinganken dhateng kula lan panjenegan punika peparing ingkang paling sae. Allah boten badhe paring perkawis ingkang ngrugekaken, nyusahaken napa malih nyilakaaken kula lan panjenegan. Ngendika Allah:

إِنَّ ٱللَّهَ لَا يَظْلِمُ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ

“Sanyata Allah iku ora karsa anganiyaya sanajan mung saboboting zarah (semut ireng)”. (An- Nisa:40).

Wonten ing hadits qudsi Allah ngendika ugi:

berfirman:

يَا عِبَادِي إِنِّي حَرَّمْتُ الظُّلْمَ عَلَى نَفْسِي ، وَجَعَلْتُهُ بَيْنَكُمْ مُحَرَّمًا ، فَلَا تَظَالَمُوا

“He para kawula-Ku, sanyata wus ingsun haramake nganiyaya (dzalim) inga tase Ingsun, lan wus ingsun putuske dzalim iku dadi perkara kang haram, mula aja pada nganiyaya...” (HR. Muslim).

  Jamaah jumah rahimakumullah

Kula lan panjenegan punika wajibipun ikhtiyar, mbudidaya kanthi sak kiyat kemampuan ing bab punapa kemawon. Ananging sasampunipun ikhtiyar lajeng kedhah tawakal, pasrah sumendhe dhateng Allah lan yakin bilih peparingipun Allah punika ingkang paling sae lan paling pas tumrap kula lan panjenegan. Menawi saget leres mekaten punika lampah kula lan panjenegan mila Allah badhe paring raos katentreman ing manah kita. Ngendika Allah:

وَمَن يُؤْمِنۢ بِٱللَّهِ يَهْدِ قَلْبَهُۥ ۚ وَٱللَّهُ بِكُلِّ شَىْءٍ عَلِيمٌ

“….Lan sing sapa wonge iman marang Allah yekti Allah bakal nuduhake (nentremake) atine, lan Allah iku Maha Nguningani ing sakabehing prakara”. (At- Taghaabun:11)

Jamaah jumah rahimakumullah

Mekaten khutbah jumah ingkang khatib aturaken wonten siang punika. Mugi Allah tansah paring kekiatan iman satemah kula lan panjenegan saget Ridha nampi sedaya takdiripun Allah ing panggesangan punika. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ


Khutbah Kaping Kalih


الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

  

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama