Teks Khutbah Jumat Singkat

Ngapusi

Ustadz  Wismanto

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ , وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah SWT tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Kula lan panjenegan mesthi nate ngapusi sanadyan namung sepisan sak umur gesang. Perkawis punika lumrah ingkang baken ampun asring napa malih dados pakulinan. Menawi ngapusi punika ngantos asring mila badhe andadosaken pakulian lan akhlaq ingkang awon. Akibat saking dora (ngapusi) punika katah sanget, sedaya akibatipun awon lan mbebayani. Ngendika Allah Ta’ala:

إِنَّ اللَّهَ لَا يَهْدِي مَنْ هُوَ مُسْرِفٌ كَذَّابٌ

 Sanyatane Allah ora bakal aweh pituduh marang wong kang ngluwihi wates (tumindhake) tur deweke seneng ngapusi” (QS.Al-Mukmin/Ghaafir:28).

Ayat ing nginggil suka dhawuh menggah awonipun ngapusi ngantos Allah estu mboten remen ugi mboten kersa paring pituduh kesaenan tumrap tetiyang ingkang remen ngapusi.  Ngendika Allah ing ayat sanes:

قُتِلَ الْخَرَّاصُونَ

“Sanyata bakal dilaknat wong kang seneng goroh (ngapusi). (Adz- Dzariyat:10)

Jamaah jumah rahimakumullah

Rasulullah panutan kula lan panjenegan ugi sampun ngemutaken sedaya penderekipun saking perkawis ngapusi punika. Ngapusi punika sanes cirinipun tiyang muslim, lan Rasulullah mboten remen kagungan penderek tukang ngapusi. Ngendika Rasulullah:

وَإِيَّاكُمْ وَالْكَذِبَ، فَإِنَّ الْكَذِبَ يَهْدِي إِلَى الْفُجُورِ، وَإِنَّ الْفُجُورَ يَهْدِي إِلَى النَّارِ،

sira pada ninggalna dora (ngapusi), amarga ngapusi iku bakal nuduhke marang maksiyat lan maksiyat iku bakal nuduhke marang neraka..” (HR.Muslim)

Jamaah jumah rahimakumullah

Nilarke tumindhak ngapusi punika awrat napa malih menawi sampun kulinten ngapusi ugi srawungipun kalih rencang ingkang remen ngapusi. Ananging tiyang mukmin ingkang leres imanipun kedhahipun saget menggalih kanthi wening awonipun akibat saking ngapusi punika. Punapa enggih badhe terus- terusan dados tukang ngapusi ingmangka sampun pana menggah akibatipun.

Jamaah jumah rahimakumullah

Lajeng kadospundi caranipun supados kula lan panjenengan saget nilaraken pakulinan ngapusi punika?

 1.     Kathah emut dhateng Allah

Dzikrullah utawi emut dhateng Allah punika margi utama kagem nilaraken tumindhak ngapusi. Sumangga yakin dhateng Allah, sedaya dawuhipun Allah punika mesthi sae lan badhe andadosaken kula lan panjenengan pikantuk kesaenan. Mekaten ugi sedaya awisanipun Allah punika awon lan badhe dados sebab kacilakan tumrap tetiyang ingkang nerak awisan. Mila Allah ngawisi dora amargi awon lan mbebayani tumrap kula lan panjenengan. Allah mboten ngersaaken kula lan panjenengan punika cilaka ananging Allah ngersaaken kula lan panjenengan pikantuk kamulyan satemah Allah ngawisi dora ing bab punapa kemawon. Mila emut dhateng Allah, emut dhateng sedaya pangandikanipun, emut dhateng sedaya janji lan ancamanipun punika margi kagem nilaraken tumindhak dora.

2.     Srawung kaliyan rencang ingkang jujur

Rencang punika ageng sanget pengaruhipun dhateng kula lan panjenegan. Mboten sekedik tetiyang ingkang sakwaunipun remen tumindhak awon lajeng dados remen tumindhak sae amargi rencangipun. Mekaten ugi wonten tiyang ingkang sakwaunipun sae ananging dados awon amargi pengaruh rencang. Mila setunggal margi kagem nilaraken pakulinan ngapusi punika kedhah srawung kaliyan rencang ingkang jujur. Rencang ingkang jujur mesthi saget mbekta pengaruh dhateng kejujuran.

Jamaah jumah rahimakumullah

Mekaten khutbah jumat ingkang khatib aturaken siang punika mugi Allah tansah paring hidayah lan taufiq satemah kula lan panjenengan saget nilaraken tumindhak ngapusi lan tansah istiqamah lumampah kanthi jujur wonten ing panggesangan punika. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih


الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ،

 إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ

 وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama