Teks Khutbah Jumat Singkat

Susah lan Bungah

Ustadz  Wismanto

 

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ , وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah SWT tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Sinten mawon tiyang ingkang gesang wonten dunya punika mesthi ngraosaken susah lan ngraosaken bungah. Susah lan bungah punika sandanganipun tiyang gesang ingkang gilir gumanti dipun sandang. Kadhang kala enjingipun bungah ananging sontenipun susah, utawi dalunipun susah ananging siangipun bungah. Mboten wonten tiyang ingkang bungah terus lan ugi mboten wonten ingkang susah terus. Sinten kemawon saking kula lan panjenengan kedhah siyap ngraosaken bungah lan siyap ugi ngraosaken susah. Ngendika Allah ing Al- Quran:

وَتِلْكَ ٱلْأَيَّامُ نُدَاوِلُهَا بَيْنَ ٱلنَّاسِ وَلِيَعْلَمَ ٱللَّهُ ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا۟ وَيَتَّخِذَ مِنكُمْ شُهَدَآءَ ۗ وَٱللَّهُ لَا يُحِبُّ ٱلظَّٰلِمِينَ

Lan dina kang mengkono mau (susah utawa bungah) Ingsung gilir- gumantekake ana ing antarane para manungsa. Supaya Allah ngawuningani wong kang pada iman lan sebagean sira dikersaake mati syahid. Lan Allah iku ora remen marang wong kang nganiyaya”. (Ali Imran:140)

Miterat tafsir Li Yaddabaru Ayatih : “Dunya iki papane lelakon kang gilir gumanti lan ora ajeg. Kadhang kala ana kang nduweni derajat duwur ananging banjur dadi asor derajate, semono uga kadhang kala ana kang sugih banjur dadi mlarat, utawa ana kang mlarat banjur dadi sugih, ora ana kang ajeg ana ing dunya iki.”

Jamaah jumah rahimakumullah

Lampah panggesangan saben tiyang punika mesthi nampi perkawis ingkang susah lan bungah. Menawi dipun keparengaken milih mesthi kula lan panjenengan milih ingkang bungah mawon. Mboten wonten saking kula lan panjenengan ingkang kersa milih perkawis ingkang nyusahaken. Ananging ingkang kedhah kula lan panjenengan Yakini bilih bungah lan susah punika sami sami peparingipun Allah SWT.

Saklajengipun, ingkang kedah kula lan panjenegan Imani, manungsa dipun titahaken wonten ing dunya punika sejatosipun supados nglampahi pacoben. Punapa kemawon pacobenipun?

Pacobenipun arupi susah lan bungah, sugih lan mlarat, sehat lan sakit, pinter lan bodo lan sanesipun. Pacoben punika dipun paringaken kagem mangertosi sinten ingkang sae tumindhakipun.

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Panutan kula lan panjenengan nabi agung Muhammad SAW sampun suka dawuh kadospundi ngadepi kasunyatan ingkang bungah utawi susah. Ngendika nabi Muhammad SAW:

عَجَبًا لأَمْرِ الْمُؤْمِنِ إِنَّ أَمْرَهُ كُلَّهُ خَيْرٌ وَلَيْسَ ذَاكَ لأَحَدٍ إِلاَّ لِلْمُؤْمِنِ إِنْ أَصَابَتْهُ سَرَّاءُ شَكَرَ فَكَانَ خَيْرًا لَهُ وَإِنْ أَصَابَتْهُ ضَرَّاءُ صَبَرَ فَكَانَ خَيْرًا لَهُ

Temen nggumunake perkarane wong mukmin iku, sanyatane kabeh kahanane iku becik lan ora ana kang bisa mengkono kejaba wong mukmin. Menawa pekoleh kesenengan deweke syukur, mula syukur iku becik tumrap deweke. Lan menawa pekoleh kasusahan deweke sabar, mula sabar iku becik tumrap deweke.” (HR. Muslim:2.999)

Mundut piwucal saking sabdanipun Rasulullah ing nginggil, susah lan bungah punika saget mbekta kesaenan menawi dipun tampi kanthi leres. Menawi nampi perkawis ingkang nyusahaken kula lan panjenengan wajib sabar, lan menawi nampi perkawis ingkang mbungahaken kula lan panjenegan kedah Syukur. Menawi sabar lan Syukur saget dados lampah gesang kula lan panjenengan, insyaallah gesang punika raosipun eca lan sekeca.

Jamaah jumah rahimakumullah

Mekaten khutbah jumat ingkang khatib aturaken siang punika mugi Allah tansah paring hidayah lan taufiq satemah kula lan panjenengan saget nglampahi panggesangan wonten ing dunya punika kanthi istiqamah. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih



الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama