Teks Khutbah Jumat Singkat

Perduli Dhateng Palestina

Ustadz  Wismanto

Khutbah Sepisan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ , وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang sampun paring kanikmatan dhumateng sedaya umat ipun satemah wonten siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten ing majelis shalat jumat kanthi kebak kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengao syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib berwasiat sumongga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kula lan panjenengan tansah manggih kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Palestina nandang dhukita malih, kejamipun zionis israil ingkang sampun lumampah puluhan tahun andadosaken katah korban bandha lan jiwa saking kaum muslimin palestina. Saben dinten zionis israil nyerang kaum muslimin palestina kanti bom, roket lan sedaya senjata perang. Korban tansaya tambah katah, risakipun griya lan fasilitas umum ugi tansaya nambahi dhukita sederek- sederek kita wonten ing palestina. Menawi prastawa punika mboten andadosaken manah terenyuh mila jan janipun iman kula lan panjenengan punika ringkih. Amargi salah setunggal pertanda ringkihipun iman menawi kula lan panjenengan sampun mboten empati lan perduli kaliyan dhukitanipun sanak kadang ingkan nandang musibah.

Jamaah jumah rahimakumullah

Saben tiyang muslim kedah yaki bilih masjidil aqsa ingkang wonten ing palestina punika seperangan saking syiar keimanan. Ngendika Allah wonten ing Al- Quran :

سُبْحَانَ الَّذِي أَسْرَىٰ بِعَبْدِهِ لَيْلًا مِنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ إِلَى الْمَسْجِدِ الْأَقْصَى الَّذِي بَارَكْنَا حَوْلَهُ لِنُرِيَهُ مِنْ آيَاتِنَا ۚ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْبَصِيرُ

 

“ Maha suci Panjenengane Allah kang wus nglakokake kawulane (Muhammad)  ing sakwijine wengi saka Masjidil Haram menyang Masjidil Aqsa kang ingsakiwa tengene ingsun paring berkah. Supaya ingsung nuduhake marang deweke saweneh tanda Yektiningsun. Sanyata Panjenengane Allah iku Maha Miyarsa saha Maha Pirsa.” (QS. Al Isra;1)

Ayat punika suka pawartos bilih Masjidil Haram wonten ing Makah lan Masjidil Aqsa wonten ing Palestina mujudaken seperangan saking tanda Yektinipun Allah. Artosipun perduli dhateng Masjidil Aqsa lan sederek muslim ing sakiwa tengenipun masjidil aqsa punika bukti leresipun iman kula lan panjenengan dhateng Allah SWT.

Jamaah jumah rahimakumullah

Siti masjidil aqsa mujudaken siti ingkang suci kados pangandikanipun Allah:

يَا قَوْمِ ادْخُلُوا الْأَرْضَ الْمُقَدَّسَةَ الَّتِي كَتَبَ اللَّهُ لَكُمْ وَلَا تَرْتَدُّوا عَلَىٰ أَدْبَارِكُمْ فَتَنْقَلِبُوا خَاسِرِينَ

 He kaumku, sira pada lumebua ana ing bumi suci (Palestina) kang Allah wus namtokake kanggo papan panggonanira, lan sira aja pada mundur, Amarga kang mangkono iku andadekake sira dadi wong kang kapitunan” (Al Maidah; 21)

Mekaten ugi Palestina mujudaken papan ingkang kebak berkah kados pangandikanipun Allah:

وَنَجَّيْنَاهُ وَلُوطًا إِلَى الْأَرْضِ الَّتِي بَارَكْنَا فِيهَا لِلْعَالَمِينَ

 “ Lan ingsung wus nylametake Ibrahim lan Luth sarta deweke ingsun tekakake ana ing bumi kang ingsun berkahi ana ing negara kono kanggo kabeh alam pramudita.” (QS. Al Anbiya; 71)

Jamaah jumah rahimakumullah

Lajeng kados pundi caranipun kula lan panjenengan perduli dhateng sederek muslim palestina?

1.      Tansah ndedonga dhateng Allah mugi sedaya sederek muslim ing palestina tansah pinaringan rahayu wilujeng kabagaswarasan.

2.      Tansah nyengkuyung kamardikanipun palestina, amargi ingjaman sakpunika kedahipun sampun mboten malih penjajahan.

3.      Paring pambiyantu sak kiyat kemampuan kula lan panjenengan kadosdene nderek infak lan sedekah kagem ngenteng- entengi dhukitanipun sedereek muslim ing Palestina.

Jamaah jumah rahimakumullah

Mekaten khutbah jumat siang punika, sumangga tansah ndedonga dhumateng Allah mugi Allah, mugi sanak kadhang muslim ing Palestina tansah pinaringan kesaenan ing sedaya lampah gesangipun.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih


الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

اللَّهُمَّ أَعِزَّالْإِسْلَامَا وَ لْمُسلِمِين

اللَّهُمَّ انْصُرْإِخْوَاننَاَ الْمُسلِمِين المُجَاهِدِينَ فِي فِلِسْطِين

اللَّهُمَّ ثَبِّتْإِ يمَانَهُمْ وَأَ نْزِلِ السَّكِينَةَ عَلَىقُلُوبِهِم وَ وَحِّدْ صُفُوفَهُمْ

اللَّهُمَّ أَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَ المُشْرِكِينَ اللَّهُمَّ دَمِّرِ لْيَهُودا وَ إِسْرَآئِل

وَشَتِّتْ شَمْلَهُم وَ فَرِّقْ جَمْعَهُمْ اللَّهُمَّ انْصُرْ عَلَى المُجَاهِدِينَ أَعْدَائِنَا وَ أَ عْدَاءَ الدِّين

بِرَحْمَتِكَ يَآ أَرْحَمَ الرَّحِمِينَ وَصَلَّى اللَّهُ عَلَى النَّبِيِّ مُحَمَّدٍ

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 


Post a Comment

Lebih baru Lebih lama