Teks Khutbah Jumat Singkat

Akhlaq Ingkang Luhur

Ustadz  Wismanto

Khutbah Sepisan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ ,اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Sumangga tansah munjuk Syukur dumateng Allah SWT ingkang tansah paring Rahmat saha taufiq satemah wonten siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majlis shalat jumat kanthi kebak ingkawilujengan. Shalawat salam mugi tansah kunjuk dhumateng nabi agung Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah. Amiin.

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun, mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan ingdunya lan akhirat. Amin.

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Rikalanipun Muhammad dipun utus pinangka nabi lan rasul, panjenenganipun nampi dawuh supados ndandosi akhlakipun umat manungsa. Kados sampun kawentar wonten ing sejarah, bilih nabi Muhammad SAW dipun utus dhateng manungsa nalika jaman pepeteng utawi jaman jahiliyah. Jaman jahiliyah punika jaman ingkang risak amargi boten wonten tatanan. Saben tiyang bebas tumindak sakremenipun, nganiyaya kepara mateni tiyang sanes kalebet perkawis ingkang lumrah saben dintenipun. Amargi tumindhakipun tetiyang jahiliyah punika, tatanan wonten ingmasyarakat tansaya tambah risak lan panggesangan tansaya susah.

Ngadepi Masyarakat ingkang risak punika Muhammad ngajak sedaya manungsa koreksi diri lan ndandosi tata cara gesangipun. Muhammad paring tuladha ugi dawuh dhateng akhlaq kang luhur. Akhlaq ingkang luhur punika margi ingkang lempeng lan sekeca. Kanthi nindhakaken akhlaq ingkang luhur mesti sedaya manungsa panggesanganipun badhe sekeca, ayem lan Tentrem. Ngendika Allah:

وَإِنَّكَ لَعَلَىٰ خُلُقٍ عَظِيمٍ

“Lan satemene sira iku kadunungan bebuden luhur kang agung” (Al- Qalam:4).

Ngendika panjenenagipun Rasulullah:

إِنَّمَابُعِثْتُ لِأُتَمِّمَ مَكَارِمَ الْأَخْلاَقِ

“Satemene ingsung diutus supaya nyampurnaake bebuden kang luhur” (HR. Al-Bukhari)

Jamaah jumah rahimakumullah

Akhlak ingkang luhur punika cirinipun tiyang mukmin, sinten keawon ingkang ngaku penderekipun nabi Muhammad mil kedah lumampah kanthi akhlaq ingkang luhur.  Akhlaq ingkang luhur punika kalebet inti piwucal islam, nindhakaken akhlaq ingkang luhur punika kalebet ibadah ingkang agung.  Awit wigatosipun akhlaq ingkang luhur punika islam paring kautaman tumrap sinten kemawon ingkang ngugemi akhlaq luhur ingantawisipun:

1.       Tanda sampurnanipun iman

Rasulullah SAW Ngendika:

أَكْمَلُ الْمُؤْمِنِيْنَ إِيْمَاناً ، أَحْسَنُهُمْ خُلُقاً

“wong mukmin sing paling sampurna imane , yaiku sing paling luhur akhlake”

 (HR. At-Tirmidzi).

Islam andadosaken akhlaq luhur punika tanda sampurnanipun iman, artosipun sinten kemawon ingkang remen ngalmpahi akhlaq ingkang luhur ateges tiyang kasebat kalebet mukmin ingkang estu imanipun.

 

2.      Dipuntresnani kanjeng nabi

Rasulullah SAW ngendika:

إِنَّ مِنْ أَحَبِّكُمْ اِلَيَّ أَحْسَنُكُمْ أَخْلاَقاً

“saktemene wong kang paling ingsun tresnani seko sira kabeh yaiku kang paling luhur akhlake”. (HR. Al-Bukhari).

Kalebet kautaman ingkang agung bilih tetiyang ingkang remen ngugemi akhlaq ingkang luhur punika dados katresnanipun kanjeng nabi Muhammad SAW.

 

3.      Gampil nggayuh surga

Akhlaq ingkang luhur punika dados sarana gampilipun nggayuh surga. Ngendika Rasulullah SAW :

أَكْثَرُ مَا يُدْخِلُ الْجَنَّةَ تَقْوَى اللَّهِ وَحُسْنُ الْخُلُقِ

“Perkara kang paling akeh nyebabake manungsa mlebu surga yaiku taqwa lan akhlak kang luhur” (HR. Tirmizi lan Ibnu Majah).

Jamaah jumah rahimakumullah

Mila nindakaken akhlaq ingkang luhur punika mujudaken perkawis ingkang wigatos. Mugi Allah SWT tansah paring hidayah dumateng kula lan panjenengan satemah Allah nggampilaken kula lan panjenengan lumampah ing panggesangan punika kanthi akhlaq ingkang luhur.

Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih


الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.  

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 


Post a Comment

Lebih baru Lebih lama