Teks Khutbah Jumat Singkat

Nrima ing Pandum

Ustadz  Wismanto


Khutbah Sepisan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ ,اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamah jumah rahimakumullah

Sumangga tansah munjuk Syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat dhumateng sedaya umatipun satemah wonten siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis shalat jumah kanthi kebaking kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

 

Jamah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan wonten donya ngantos dumugi akhirat. Amiin.

 

Jamah jumah rahimakumullah

Rejeki punika kalebet salah setunggal perkawis ingkang sampun ginaris dening Allah SWT rikala anak Adam tasih wonten rahim ibunipun. Malah tebih sakderengipun Allah nitahaken Adam ugi putra wayahipun Allah sampun netepaken jatah rejeki umat manungsa ingjaman azali. Menawi kula lan panjenengan yakin perkawis punika estu gesang wonten donya punika raosipun ayem tentrem mboten badhe keraos susah lan kuatos.  Ngendika Allah:

  وَمَا مِنْ دَاۤبَّةٍ فِى الْاَرْضِ اِلَّا عَلَى اللّٰهِ رِزْقُهَا وَيَعْلَمُ مُسْتَقَرَّهَا وَمُسْتَوْدَعَهَاۗ كُلٌّ فِيْ كِتٰبٍ مُّبِيْنٍ ۝٦

“Lan ora ana sawijining gegremet kang urip ana ing bumi, kejaba rejekine ditanggung dening Allah, lan Panjenegane nguningani panggonan netepe kanggo urip lan panggonan sawuse matine. Kabeh mau wus tinulis ana ing kitab kang nyata (lauhul mahfuzh)”. (Hud:6).

Abdurrahman bin Nashir As- Sa’di ngendika: “Kabeh makhluk kang urip ana ing bumi kalebu manungsa, kewan sing ana ing darat utawa ing laut wus dijamin rejekine dening Allah SWT. Mula kudune manungsa nduweni ati kang tenang ora perlu kuatir marang jaminane Allah.” (Taisirul Karimirahman).

Ngendika Rasulullah SAW:

قَدْ أَفْلَحَ مَنْ أَسْلَمَ وَرُزِقَ كَفَافًا وَقَـنَّعَهُ اللهُ بِمَا آتَاهُ ..رَوَاهُ مُسْلِمٌ

Temen beja wong kang muslim (pasrah marang Allah), lan deweke pinaringan rejeki banjur nrima ing pandume Allah (qanaah).” (HR. Muslim).

Miterat hadits punika tiyang ingkang beja inggih punika punika tetiyang ingkang nrima ing pandumipun Allah sasampunipun ikhtiyar. Nrima ing pandum utawi qanaah artosipun nampi lan rumaos cekap saking sedaya peparingipun Allah. Mboten kuciwa, ngresula napa malih nglawan taqdiripun Allah. Nrima ing pandum utawi qanaah punika akhlaq minulya ingkang badhe nuwuhaken raos syukur lan ridha dhateng pepestinipun Allah.

Jamah jumah rahimakumullah

Sifat qanaah punika wigatos sanget punapa malih kula lan panjenengan sakpunika gesang ingjaman materialis, sedaya dipun ukur mawi bandha. Menawi kula lan panjenegan kersa qanaah estu badhe pikantuk katah kesaenan, ing antawisipun:

 

 

1.     Pinarigan panggesangan ingkang sae (hayatan thayiban).

Salah setunggal maksud hayatan thayiban ingkang kaserat ing al- quran surat An- Nahl ayat 97 inggih punika sifat qanaah. Jumbuh kaliyan pangandikanipun sahabat Ibnu Abbas wonten tafsir At- Thabari; Allah SWT badhe paring kamulyan dhumateng kawulanipun ingkang iman kanthi paring panggesagan ingkang sae. Paring manah ingkang tentrem, ingkang syukur lan ridha dhateng sedaya peparingipun Allah, punika sedaya tandha sifat qanaah. Kanthi qanaah tiyang kasebat boten badhe ngraosaken susah, kuciwa dhateng sedaya jatah rejeki ingkang kaparingaken. Mila sifat qanaah badhe nuwuhaken amal lahiriyah ingkang sae kadosdene taat lan tunduk dhateng dhawuh- dhawuhipun Allah (Tafsir At- Thabari).

2.     Pinaringan kamulyan   

Tiyang ingkang qanaah boten badhe nyusahaken tiyang sanes, amargi rumaos cekap sahingga mboten ngemis- ngemis bandhanipun tiyang. Piyambakipun yakin bilih peparingipun Allah punika sampun pas lan nyekapi kabetahan gesangipun. Mila ngendika Rasulullah SAW:

شَرفُ المؤمِنِ قيامُ اللَّيلِ وعزُّهُ استِغناؤُهُ عنِ النَّاسِ

“Muktine wong iman iku menawa bisa njaga shalat lail, lan mulyane wong iman iku menawa bisa meper/nahan saka jejaluk marang wong liya.” (HR. Al- Hakim).

Jamah jumah rahimakumullah

Mila kanti punika sumangga tansah njagi sifat qanaah wonten panggesangan punika. Mugi Allah SWT tansah paring kesaenan lan kamulyan panggesangan wonten donya lan akhirat. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih


الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ  

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 


Post a Comment

Lebih baru Lebih lama