Teks Khutbah Jumat Singkat

Nyuwun Jawah

Ustadz  Wismanto

 

 

Khutbah Sepisan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ ,اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jum’ah rahimakumullah

Sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah SWT kanthi nindhakaken sedaya dhawuhipun lan nebihi sedaya awisanipun. Mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan wonten ing dunya lan akhirat. Amiin

Jamaah jum’ah rahimakumullah

Ketiga dawa ingkang lumampah dumugi wekdal punika kedahipun dados pepemut tumrap kula lan panjenengan. Kanthi perkawis punika estu wajib kula lan panjenegan enggal koreksi diri. Musim jawah sakpunika mboten saget dipun prediksi dumuginipun. Cuaca lan suhu bumi tansaya panas akibat pemanasan global.

Tetaneman katah ingkang garing lan punah akibat sumber toya sampun mboten wonten. Katah ugi ternak ingkang kekirangan pangan sahingga kuru mboten sehat. Sedaya kedadosan punika mesthinipun dados piwucal supados kula lan panjenengan emut lan wangsul dhumateng Allah SWT. Mboten saget dipun pungkiri, kula lan panjenegan sampun wantun ngremehaken kepara nilaraken dhawuhipun Allah ugi nerak awisanipun. Mila sumangga wangsul dhumateng Allah kanthi taubat lan ngatah- ngatahi istighfar. Ngendika Allah wonten surat Nuh ayat 10 lan 11:

فَقُلْتُ اسْتَغْفِرُوْا رَبَّكُمْ اِنَّهٗ كَانَ غَفَّارًاۙ يُّرْسِلِ السَّمَاۤءَ عَلَيْكُمْ مِّدْرَارًاۙ

Mila sampun kula dhawuhaken: sira pada enggala nyuwun pangapura marang Pangeranira, jalaran satemene Panjenengane iku rena paring Pangaksama. Yekti Allah bakal anurunake udan deres marang sira kabeh”.

Jamaah jum’ah rahimakumullah

Musibah ketiga dawa punika sejatosipun mboten namung amargi dosa ubudiyah dhateng Allah, ananging kasebabaken dening dosa- dosa kula lan panjenegan dhateng alam sekitar. Sampun katah saking kula lan panjenengan ingkang remen ngrusak alam sekitar kanthi nebangi wit- witan tanpa ukuran. Kathah ugi ingkang remen ngobong hutan, mbucal sampah sembarangan. Wonten malih kerisakan alam arupi pencemaran udara saking katahipun asap rokok, asap knalpot kendaraan, lan kerisakan sanesipun.

Ngendika Allah:

ظَهَرَ الْفَسَادُ فِى الْبَرِّ وَالْبَحْرِ بِمَا كَسَبَتْ اَيْدِى النَّاسِ لِيُذِيْقَهُمْ بَعْضَ الَّذِيْ عَمِلُوْا لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَ

Wus nyata karusakan ana ing dharatan lan ana ing lautan kang disebabake tindake tangane manungsa, jalaran Allah karsa angicipake saweneh saka akibat kang wus pada ditindakake, muga- muga wong- wong mau pada bali marang dalan kang bener” (Ar- Rum:41).

Wonten tafsir Al- Quran Al- Azim ngendika Ibnu Katsir: “Abul Aliyah ngendika: sing sapa wonge durhaka marang Allah ana ing bumi, mula deweke iku wus tumindak kerusakan ana ing daratan lan lautan. Amarga lestarine bumi iku katindakna kanthi taat marang Allah. Taate manungsa marang hukum- hukume Allah kanthi ninggalake maksiyat iku dadi sebab lestarine tatanan langit lan bumi. Ananging durhakane manungsa kanthi nglirwaake dhawuhe Allah mula iku dadi sebab rusake tatanan langit lan bumi”.

 

 

Jamaah jum’ah rahimakumullah

Mila sumangga kula lan panjenengan mundut piwacal saking musibah punika kanthi emut lan wangsul dhumateng Allah SWT. Sumangga kula lan panjenengan tansah nindhakaken sedaya dhawuh lan nebihi sedaya awisanipun. Ugi sumangga tansah njagi lestantunipun alam sekitar kanthi remen ngrawat lingkungan bumi. Mugi kanthi punika Allah tansah nambi taubat kula lan panjenengan banjur numurunaken jawah ingkan sampun dipun tengga- tengga. Amiin.

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ,

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

أُنْزِلْ عَلَيْنَا الْغَيْثَ وَاجْعَلْ مَا أَنْزَلْتَ لَنَا قُوَّةً وَبَلَاغًا إِلَى حِيْنٍ

اللَّهُمَّ اسْقِ عِبَادَكَ وَبَهَائِمَكَ وَانْشُرْ رَحْمَتَكَ وَأَحْيِ بَلَدَكَ الْمَيِّتَ

. اللَّهُمَّ اسْقِنَا غَيْثًا مُغِيْتًا مَرِيْئًا طَبَقًا مَرِيعًا غَدَقًا عَاجِلًا غَيْرَ رَائِثٍ

اللَّهُمَّ اسْقِ عِبَادَكَ وَبَهَائِمَكَ وَانْشُرْ رَحْمَتَكَ وَأَحْيِ بَلَدَكَ الْمَيِّتَ اللَّهُمَّ اسْقِنَا غَيْثًا مُغِيثًا مَرِيئًا مَرِيعًا نَافِعًا غَيْرَ ضَارٍّ عَاجِلًا غَيْرَ آجِلٍ

اللَّهُمَّ اجْعَلْها سُقْيا رَحْمَةٍ وَلا تَجْعَلْها سُقْيا عَذَابٍ وَلا مَحقٍ وَلا بَلاءٍ

اللَّهُمَّ اسْقِنا الغَيْثَ وَلا تَجعَلْنا مِنَ القَانِطِينَ

 

 Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 


Post a Comment

Lebih baru Lebih lama