Teks Khutbah Jumat Singkat
Ustadz Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ
وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ
أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ
هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamah jumah rahimakumullah
Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat
taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.
Jamah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Jamah jumah rahimakumullah
Mboten
wonten tiyang gesang ing alam dunya punika ingkang bebas saking masalah. Sedaya
manungsa ingkang tasih kagungan nyawa mesti kagungan masalah. Sanadyan badhe
selak utawi mlajar, masalah tetep badhe dumugi dhateng tiyang gesang. Amargi
masalah punika sandanganipun tiyang gesang saben dintenipun.
Ing
Ndalem ngadepi masalah ingkang wajib kula lan panjenegan upadi inggih punika
pitedah saking Dzat ingkang maringi masalah inggih punika Allah SWT. Amargi
kalebet pertandha leresipun iman bilih tansaya kathah masalah andadosaken
tansaya caket kaliyan Allah SWT. Mila kula lan panjenegan wajib ikhtiyar lan
tawakal dhumateng Allah ing ndalem ngadepi sedaya masalah panggesangan.
Ngendika Allah:
فَإِذَاعَزَمْتَ فَتَوَكَّلْ عَلَى اللهِ إِنَّ
اللهَ يُحِبُّ الْمُتَوَكِّلِينَ
“Mula menawa sira wus nduweni kekencengan niyat arep
nindhakake sawiji perkara, supaya sira tawakal marang Allah. Sanyata Allah iku
remen marang wong kang pada tawakal” (Ali Imran:159)
Jamah jumah rahimakumullah
Tawakal
punika sanes pasrah, putus asa, nglokro, ananging tawakal punika nindhakaken
ikhtiyar kanthi sumendhe lan sumarah marang Allah.
Miterat
Ibnul-Qayyim, tawakal punika masrahaken
kanthi golong gilig sedaya urusanipun dhumateng ingkang kagungan lan
masrahaken dhiri dhateng Allah sasampunipun ikhtiyar.
Setunggal
wekdal Rasulullah shalat asar wonten masjid Nabawi lajeng dumugi piyantun
Madinah wonten majelisipun. Sahabat punika mandap saking untanipun lajeng
lumebet wonten majelis tanpa naleni untanipun wonten njawi masjid. Rasul banjur
mundut pirsa: “fulan kenapa untamu ora sira taleni ?” sahabat kasebat
matur: “kula sampun tawakal dhateng Allah wahai rasul ”. Rasulullah
paring dhawuh: ”talenana untanira banjur tawakala marang Allah”. (HR.
Tirmidzi).
Jamah jumah rahimakumullah
Tawakal
punika badhe nuwuhaken katah kesaenan ing panggesangan kula lan panjenengan
kadosdene:
1.
Tiyang ingkang
tawakal badhe pikantuk kanikmatan donya lan akhirat
Ngendika
Allah SWT :
وَالَّذِيْنَ
هَاجَرُوْا فِى اللّٰهِ مِنْۢ بَعْدِ مَا ظُلِمُوْا لَنُبَوِّئَنَّهُمْ فِى
الدُّنْيَا حَسَنَةً ۗوَلَاَجْرُ الْاٰخِرَةِ اَكْبَرُۘ لَوْ كَانُوْا
يَعْلَمُوْنَۙ الَّذِيْنَ صَبَرُوْا وَعَلٰى رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُوْنَ
“Wong
kang hijrah karana Allah sawise dheweke
dizalimi, mesthi Ingsun bakal maringi papan kang becik ing donya.
Ganjaran ing akhirat mesthi luwih agung, saumpama dheweke padha mangerti,
(yaiku) wong-wong kang sabar lan mung marang Pangeran dheweke padha tawakal”. (An
Nahl :41-42)
2.
Tiyang ingkang
tawakal badhe dipun tresnani Allah.
Sumarah
lan sumendhe marang Allah sasampunipun ikhtiyar badhe ndumugiaken tresnanipun
Allah. Ngendika Allah:
اِنَّ
اللّٰهَ يُحِبُّ الْمُتَوَكِّلِيْنَ
“Sanyata Allah iku remen marang wong kang pada tawakal”
(Ali Imran:159)
Jamah jumah rahimakumullah
Akhiripun sumangga kula lan
panjenengan tansah sumarah dhumateng Allah ing samukawis punapa kemawon, mugi
Allah tansah paring iman, hidayah lan taufiq satemah kula lan panjenengan saget
istiqamah lumamapah wonten margi ingkang dipun tresnani Allah SWT. Amiin
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah
Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ
إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى
إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيمَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيد ، اللَّهُمَّ بَارِكْ
عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آل مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى
آلِ إِبْرَاهِيمَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيد.
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
Posting Komentar