Teks Khutbah Jumat Singkat
Marhaban
Yaa Ramadhan
Ustadz Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ
وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ
أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ
هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ
صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ
إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا
وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Wonten kesempatan khutbah
siang punika khatib wasiat sumangga
tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti
nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah
tansah paring kamulyan fidunya wal akhirah. Amiin.
Wulan agung ingkang tansah dipun
tengga sekedap malih bade rawuh. Wulan nalikanipun Allah nikelaken ganjaran pangibadahan.
Wulan nalikanipun Allah mbikak margi- margi kesaenan.
Wulan ingkang kebak barakah, rahmat lan pahala. Ngendika Allah:
شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِي أُنْزِلَ
فِيهِ الْقُرْآنُ هُدًى لِلنَّاسِ وَبَيِّنَاتٍ مِنَ الْهُدَىٰ وَالْفُرْقَانِ ۚ
“Wulan Ramadhan, yaiku wulan kang kanggo nurunake al- quran, pinangka pituduh tumrap para manungsa lan luwih ceta- cetaning pituduhe Allah lan Panyilahing
perkara kang bener kelawan kang luput... (QS.Al Baqarah; 185)
Jamaah jumah rahimakumullah
Kautaman wulan ramadhan
sampun masyhur kaserat wonten ing al- quran lan hadits ugi atsar sahabat nabi.
Katahipun kautaman wulan suci ramadhan punika pinangka bukti agung lan
minulyanipun wulan kasebat. Mila wonten mimbar khutbah punika khatib bade ngaturaken
seperangan saking kautaman wulan suci ramadhan.
1. Allah mbikak lawang
surga lan nutup lawang neraka.
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika:,
إِذَا جَاءَ رَمَضَانُ فُتِّحَتْ أَبْوَابُ
الْجَنَّةِ وَغُلِّقَتْ أَبْوَابُ النَّارِ وَصُفِّدَتِ الشَّيَاطِينُ
”Menawa wus teka wulan ramadhan, mula lawang- lawange surga dibuka, lawang-
lawange neraka ditutup lan para syaithan dibelenggu”. (HR. Bukhari lan Muslim)
Lawang- lawang surga dipun bikak tegesipun Allah ndaftari
sinten- sinten ingkang bade dipunlebetaken ing surga. Mila sinten ingkang
ngginakaken wulan ramadhan kagem ngibadah mesthi dipun daftar dados ahli
surga. Lawang- lawang neraka dipuntutup artosipun Allah
mbebasaken tiyang- tiyang saking daftar calon penghuni neraka. Para syaitan dipun
belenggu supados kaum muslimin saget gampil nindakaken pangibadahan lan
mboten wonten ingkang ngeridu utawi ngalang- alangi. Ngendika
Rasulullah ing hadits sanes:
إِنَّ لِلّهِ فِى كُلِّ يَوْمٍ عِتْقَاءَ مِنَ
النَّارِ فِى شَهْرِ رَمَضَانَ ,
”Saktemene Allah membebasake
wong- wong seka neraka saben dina ana ing ing wulan ramadhan”
Maksudipun Allah nyerat tiyang- tiyang ingkang badhe dipun bebasaken saking
siksa neraka. Mila sumangga tansah
njagi pangibadahan wonten
ing wulan ramadhan.
Mugi- mugi
Allah nyerat kula lan panjenengan sami kalebet tiyang- tiyang ahli surga lan slamet saking neraka.
2.
Wulan
ramadhan wulan ingkang mustajab kagem doa
Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika:,
ثَلاَثَةٌ لاَ تُرَدُّ دَعْوَتُهُمُ الصَّائِمُ
حَتَّى يُفْطِرَ وَالإِمَامُ الْعَادِلُ وَدَعْوَةُ الْمَظْلُومِ
“Ana telung golongan sing dongane ora ditolak Allah: wong pasa nganti deweke
buka, pemimpin sing adil, lang wong sing dianiyaya”. (HR. Tirmidzi)
Imam Nawawi ngendika: “Disunnahke tumrap wong sing pasa iku ndonga marang Allah kanggo kepentingan dunya lan
akhirate, uga ndonga njaluk apa
wae kang dibutuhake lan uga prayoga ndongakake sedulur muslim
liyane”.
Mila prayogi sanget kula
lan panjenengan ngatah- atahahi panyuwunan dumateng Allah Ta’ala, mugi
Allah tansah ngijabahi sedaya donga lan panyuwunan kula lan panjenengan.
3.
Wonten
setunggal wengi ingkang langkung utama tinimbang 1000 wulan
Ngendika
Allah Ta’ala :
إِنَّا أَنْزَلْنَاهُ فِي لَيْلَةِ الْقَدْرِ (1) وَمَا
أَدْرَاكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِ (2) لَيْلَةُ الْقَدْرِ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ (3(
”Temen Ingsung wus nurunake (Al Quran) ana ing
wengi kamulyan. Sira Muhammad apa wus
sumurup apa wengi kamulyan iku?. Wengi iku luwih utama
tinimbang sewu wulan.” (QS. Al Qadr: 1-3).
Ayat punika tumurun nalika Kanjeng Nabi mbabar kisah
tiyang shaleh saking kalangan bani israel dhateng para sahabat. Nabi ngendika bilih jaman rumiyin wonten setunggal pawongan
bani israel ingkang saben dalu salat terus menerus lan mboten sare lajeng
menawi siang berjihad wonten marginipun
Allah. Kebiasaan punika
dipun lampahi ngantos 80 tahun. Midanget kisah punika para sahabat sami gumun, meri lan rumaos
tebih saking kautaman. Mila Malaikat Jibril rawuh lajeng ngaturaken wahyu surah
al qadar ayat 1- 5. Jibril ngendika menawi wengi kamulyan punika langkung utama tinimbang punapa ingkang dipun gumuni lan dipu merini saking pawongan bani israel
kasebat.
Kautaman punika
mujudaken peparing ingkang agung tumrap sedaya kaum muslim. Mila sampun
sak mestinipun kula lan panjenengan syukur lajeng ngibadah kanthi sak sae- saenipun. Mugi ing wulan ramadhan Allah ngepanggihaken lailatul qadar.
Jamaah jumah rahimakumullah
Menika seperangan saking kautaman wulan ramadhan ingkang
khatib aturaken wonten mimbar khutbah siang punika. Mugi-mugi Allah SWT paring kekiatan dumateng kula lan panjenengan satemah saget nindakaken sedaya pangibadahan wonten ing wulan suci ramadhan ingkang badhe dateng. Aamiin.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
Posting Komentar