Teks Khutbah Jumat Singkat

Sapa Nandur Bakal Ngunduh

Ustadz  Wismanto

 

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamah jumah rahimakumullah

Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

Jamah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

Jamah jumah rahimakumullah

Salah setunggal pokok lan prinsip Aqidah islam inggih punika kapitadosan bilih sedaya tumindhak manungsa ing dunya mesthi badhe dipun paring piwales benjang wonten dinten akhir. Sanadyan wonten tumindhak ingkang namung alit lan sepele menggah kula lan panjenengan ananging sedaya badhe mirsani piwalesipun ing dinten akhir. Ngendika Allah:

فَمَنۡ يَّعۡمَلۡ مِثۡقَالَ ذَرَّةٍ خَيۡرًا يَّرَهٗ‏   وَمَنۡ يَّعۡمَلۡ مِثۡقَالَ ذَرَّةٍ شَرًّا يَّرَهٗ

“Mula sing sapa wonge tumindhak becik sanadyan mung sakbobote dzarah (wiji sawi) mesthi bakal meruhi piwalese. Lan sing sapa wonge tumindhak ala sanadyan mung sakbobote wiji sawi mesthi bakal meruhi piwalese”. (Az- Zalzalah:7-8).

Abdullah bin Mas’ud ngendika: “ayat iku pinangka al-jâmi’ah al-fâdzdzah ayat kang ringkes ananging maknaning agung (cekak aos).

Setunggal we kdal sahabat As Sha’sha’ah bin Najiyah sowan rasul nyuwun dipun waosaken ayat al- quran, banjur Rasulullah maosaken surat az- zalzalah ayat 7 lan 8. Shahabat As Sha’sha’an matur: “Cekap punika kemawon ayat ingkang kula mireng, kula mboten perduli malih kaliyan nasehat sanesipun”.  Maksud pangandikanipun As Sha’sha’ah mboten mbetahaken nasihat sanes inggih awit kalih ayat ing surat az- zalzalah punika sejatosipun sampun saget makili sedaya nasehat kesaenan.

Wonten ing al- quran Allah paring kabar menggah nasehatipun luqman dhumateng putranipun. Ngendika Allah Ta’ala:

يَا بُنَيَّ إِنَّهَا إِنْ تَكُ مِثْقَالَ حَبَّةٍ مِنْ خَرْدَلٍ فَتَكُنْ فِي صَخْرَةٍ أَوْ فِي السَّمَاوَاتِ أَوْ فِي الْأَرْضِ يَأْتِ بِهَا اللَّهُ إِنَّ اللَّهَ لَطِيفٌ خَبِيرٌ

(Nasehate Luqman): “He anakku, satemene menawa ana amal tumindhak sanadyan mung sakbobote dzarah (wiji sawi) lan kaurug ing sajeroning bumi utawa langit, temen Allah bakal nekakake piwalese amal iku, satemene Allah iku Maha Alus lan Maha Waspada”. (Luqman: 16).

Ibnu katsir ngendika: “Iku mujudake wasiat kang utama, saben wong mukmin supaya bisa netepi lan nuhoni wasiat kasebut. Tumindhak becik lan ala sanadyan mung sakwiji sawi bobote sesuk ana ing dina akhir kabeh bakal mangerteni piwalese”. (Tafsir Al-Quranul Adzim: 11: 55).

Jamah jumah rahimakumullah

Mila mboten wonten pilihan sanes tumrap kula lan panjenengan kejawi ngatah- ngatahi tumindhak sae ing bab punapa kemawon. Amargi namung tumindhak kesaenan ingkang badhe dados jalaran mulyanipun panggesangan wonten ing dunya lan akhirat. Ngendika Rasulullah:

لاَ تَحْقِرَنَّ مِنَ الْمَعْرُوفِ شَيْئًا وَلَوْ أَنْ تَلْقَى أَخَاكَ بِوَجْهٍ طَلْقٍ

“Sira aja pada nyepelekake tumindhak becik sanadyan mung sepele, kayadene nemoni sedulurira kanthi wajah kang sumringah”. (HR. Muslim).

Jamah jumah rahimakumullah

Kanthi punika sumangga sesarengan istiqamah lumampah ing margi kesaenan, mugi Allah SWT tansah andadosaken kula lan panjenengan kawulanipun ingkang kaparingan kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

 Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :

1 Komentar

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama