Teks Khutbah Jumat Singkat

Awisan Suudzan

(Panyana Ala)

Ustadz  Wismanto

 

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Su’udzan utawi panyana ala punika kalebet akhlak awon ingkang dipun awisi islam. Su’udzan punika ugi kalebet penyakit manah ingkang bebaya sanget akibatipun. Mboten wonten setunggal mawon tiyang ingkang kejangking penyakit punika kejawi mesti pikantuk kacilakan. Al-quran lan hadits kathah nyebataken awonipun tumindak su’udzan punika. Ngendika Allah:

يا ايّها الذين أمنوااجْتَنِبُوا كَثيرًا من الظَّنِّ

“He para wong mukmin! Sira pada ngedohana ing akeh- akehing panyana ala…” (Al- Jujurat:11).

Ayat punika pinangka awisan saking panjeneganipun Allah tumrap kula lan panjenegan saking panyana ala. Awisan ingkang kaserat ing kitab suci al-quran punika kedhah dipun tebihi amargi kalebet perkawis ingkang haram, menawi kula lan panjenengan mboten kersa nebihi awisan punika mila saget pikantuk dosa. Ngendika Rasulullah:

إِيَّا كُمْ وَالظَّنَّ فَإِنَّ الظَّنَّ أَكْذَبُ الْحَدِيْثِ

“Sira kabeh pada ngedohana saka panyana ala, Amarga panyana ala iku pawarta/ kabar kang ngapusi…” (HR. Bukhari lan Muslim).

Pangandikanipun Rasulullah bilih panyala ala punika kadosdene pawarta ngapusi amargi awonipun akibat saking tumindak panyana ala punika. Mila kula lan panjenengan kedah nebihi tumindak punika ampun ngantos wantun nerak wewaler ingkang dipun awisi dening kanjeng rasul.

Jamaah jumah rahimakumullah

Kula lan panjenengan sakpunika gesang ing jaman inkang serba canggih. Sedaya pawartos informasi ing bab punapa kemawon gampil dipun mangertosi. Sedaya tiyang sampun pinter mbiwaraaken informasi wonten ing media sosial. Pawarta ingkang dipun biwaraaken biasanipun moten kanthi tabayun rumiyin, mboten dipun teliti asal- usulipun lan leres lepatipun utawi namung waton ngeshare  informasi. Mekaten ugi tiyang ingkang nampi pawarta biasanipun langsung nanggapi kanthi komentar- komentar ingkang ngawur, mboten adedasar ngilmu lan pangertosan. Estu, menawi mboten waspada kula lan panjenegan saget kejangkit penyakit panyana ala ingkang bebayani punika.

Amirul Mukminin Umar bin Khathab ngendika: “sira aja nduweni panyana ala marang sedulur muslim, lan kudune sira kabeh nduweni panyana kang apik marang kabeh sedulur muslim”.

Abu Qilabah Abdullah bin Yazid Al-Jurmi ngendika: “Menawa sira mireng pawarta sedulurmu kang ora becik, mula sira wajib nggolekake alasan kanggo sedulurmu. Ananging menawa sira ora bisa nemu alasan kang mbenerake tumindhake sedulurmu, mula ngomongo marang atimu: mesthi sedulurku nduweni alasan kenapa deweke tumindhak mengkono”.

Panyana ala punika sanes akhlakipun tiyang muslim. Tiyang muslim punika kedhah husnudzan dumateng sederek muslim sanes. Imam Syafi’i nate wasiat dhumateng sedaya kaum muslimin bilih sinten kemawon ingkang kepingin husnul khatimah mila kedhah husnudzan dhateng sinten kemawon wonten ngalam donya punika.

Jamaah jumah rahimakumullah

Menawi dipun terus- terusaken pakulinan kagungan panyana ala punika, estu badhe ngrusaki tatanan. Manah kula lan panjenengan risak amargi sampun gampil kegoda bujukanipun syaithan. Pasrawungan ing antawisipun sederek, tetanggi lan masyarakat ugi saget risak menwa saling su’udzan.

Mila leres sanget menawi islam ngawisi tumindhak su’udzan punika, amargi menawi mboten dipun awisi kawontenan ngalam donya mesthi badhe bubrah. Kanthi punika sumangga kula lan panjenengan tansah lumampah wonten margi ingkang sampun dipun tuntunaken islam, gesang kanthi tumindhak ingkang sae utawi akhlaqul karimah. Mugi kanthi punika Allah tansah paring katentreman lan karaharjan panggesangan ing dunya lan akhirat. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

 

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ,

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

  

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


Post a Comment

Lebih baru Lebih lama