Teks Khutbah Jumat Singkat

Ibadah ing Wulan Dzulhijjah

Ustadz  Wismanto

 

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur sumangga tansah kita kunjukaken dumateng Allah Ta’ala ingkang sampun paring kenikmatan dumateng sedaya umat ipun satemah wonten siang punika kita tansah manggih rahayu, widada nir ing sambekala. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib berwasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah pikantuk kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Salah setunggal wekdal ingkang dipun mulyaaken Allah Ta’ala inggih punika 10 dinten awal wulah Dzulhijjah. Awit mulyanipun dinten- dinten punika Allah ngantos ngendika wonten ing Al- Quran.

وَالْفَجْرِ - وَلَيَالٍ عَشْرٍ - وَالشَّفْعِ وَالْوَتْرِ

Artosipun; Demi pajar, Demi sepuluh wengi saka sasi besar, Demi cacah genep lan cacah ganjil. (QS. Al Fajr:1-3)

Rasulullah SAW ugi nate paring pangandika babagan kautaman 10 dinten awal sasi Dzulhijjah:

مَا مِنْ أَيَّامٍ الْعَمَلُ الصَّالِحُ فِيْهَا أَحَبَّ إِلَى اللهِ مِنْ هَذِهِ اْلأَيَّامِ - يَعْنِي أَيَّامَ الْعَشْرِ.

Artosipun: “ora ana dina sing amal shaleh iku luwih ditresnani Allah ngungkuli amal shaleh kang dilakoni ana ing dina-dina iki yaiku 10 dina awal saka wulan dzulhijah... (HR. Bukhari)

Ibnu Rajab Al Hambali ngendika: “Hadits iku njelasake menawa amalan ing 10 dina awal wulan Dzulhijjah luwih ditresnani Allah SWT tinimbang ana ing dina liyane” (Lathoifu Al Ma’arif : 469)

Maasyiral muslimin jamaah jumah rahimakumullah

Lajeng punapa kemawon amalan ingkang dipun anjuraken wonten ing 10 dinten awal wulan Dzulhijjah?

Sepisan : Shiyam Sunnah

Inggih punika nindakaken shiyam Arafah utawi shiyam wonten ing tanggal 9 Dzulhijjah. Rasulullah SAW ngendika:

صِيَامُ يَوْمِ عَرَفَةَ أَحْتَسِبُ عَلَى اللَّهِ أَنْ يُكَفِّرَ السَّنَةَ الَّتِى قَبْلَهُ وَالسَّنَةَ الَّتِى بَعْدَهُ وَصِيَامُ يَوْمِ عَاشُورَاءَ أَحْتَسِبُ عَلَى اللَّهِ أَنْ يُكَفِّرَ السَّنَةَ الَّتِى قَبْلَهُ

Artosipun: “Pasa Arafah (9 Dzulhijjah) pinangka panglebur dosa setahun sing wus kapungkur lan setahun sing bakal tumeka. Puasa Asyura (10 Muharram) pinangka panglebur dosa setahun sing wus kapungkur” (HR. Muslim: 1162)

Kaping Kalih: Dzikir

Wonten ing 10 dinten awal wulan Dzulhijjah punika kita dipun anjuraken ngatah- atahi dzikir lan maos kalimat thayibah.

Allah paring pangandikan wonten ing Al- Quran:

وَيَذْكُرُوا اسْمَ اللهِ فِي أَيَّامٍ مَعْلُوْمَاتٍ

Artosipun: “Lan supaya padha nyebut asmane Allah ana ing dina- dina kang wus ditemtokake (dina- dina qurban)” (Al-Hajj: 28)

 

Wonten ayat sanes Allah SWT ugi ngendika:

وَاذْكُرُوا اللهَ فِي أَيَّامٍ مَعْدُوْدَاتٍ

Artosipun: “Lan padha nyebuto anmane Allah ana in dina- dina kang wus ditemtokake” (Al-Baqarah: 203)

Kalebet dzikir ingkang dipun anjuraken inggih punika ngatah- ngatahi maos istighfar amargi wonten dinten dinten punika utami sanget kita nyuwun pangapura dumateng Allah Ta’ala.

Rasulullah SAW paring pangandikan:

مَا مِنْ يَوْمٍ أَكْثَرَ مِنْ أَنْ يُعْتِقَ اللهُ فِيْهِ عَبْدًا مِنَ النَّارِ مِنْ يَوْمِ عَرَفَةَ

Artosipun: “ora ana dina, kang Allah mbebasake kawulane seka neraka luwih akeh tinimbang dina Arafaf.” (HR. Muslim)

Kaping Tiga: Ngatah- ngatahi sedaya amal kesaenan

Kalebet nderek sunnah inggih punika kanti ngatah- ngatahi sedaya amal kesaenan punapa kemawon kadosdene: shalat sunnah, sedekah, lan tumindak becik dumaten tiyang sanes. Sedaya amalan kala wau menawi katindakaken ikhlas insyaallah bade dados sebab Allah SWT paring kamulyan dhumateng kita sedaya.

Maasyiral muslimin jamaah jumah rahimakumullah

Mekaten khutbah ingkang khatib aturaken wonten siang punika. Sumangga kita ngginaaken 10 dinten wonten ing wulan Dzulhijjah kagem ngamal shalih. Mugi Allah tansah paring kamulyan dhumateng kula lan panjenegan sami. Amiin .

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ،

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


Post a Comment

Lebih baru Lebih lama