Teks Khutbah Jumat Singkat

Nilaraken Dzikir

Ustadz  Wismanto

 

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Maasyiral muslimin jamaah jumah rahimakumullah

Sumagga kita tansah syukur dhumateng Allah Ta’ala, awit sedaya nikmat ingakang sampun kaparingaken dumateng kita sedaya. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten qiyamah.

 Maasyiral muslimin jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 Maasyiral muslimin jamaah jumah rahimakumullah

Islam paring dhawuh bilih katentreman panggesangan punika saget dipungayuh kanti nyaket lan dzikir dumateng Allah.  Dzikir ingkang dipun maksud injih punika tansah emut dumateng Allah wonten pundi kemawon lan wonten kahanan punapa kemawon. Allah Ta’ala ngendika wonten ing al- quran:

 

فَاِذَا قُضِيَتِ الصَّلٰوةُ فَانْتَشِرُوْا فِى الْاَرْضِ وَابْتَغُوْا مِنْ فَضْلِ اللّٰهِ وَاذْكُرُوا اللّٰهَ كَثِيْرًا لَّعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ

“Mula menawa shalat (Jum’at) iku wis diestoake, enggal pada sumebara sira ing sak lumahing bumii, lan padha ngupadia rejekine Allah, lan pada elinga sira marang Allah, supaya sira oleh kabegjan.”(Q.S. Al-Jumu’ah: 10)

Maasyiral muslimin jamaah jumah rahimakumullah

Ayat punika suka dhawuh bilih kabegjan lan kamulyan punika saget dipun gayuh kanthi emut dhateng Allah. Artosipun tiyang ingkang ngersakaken mulya panggesanganipun kedah tansah emut dumateng Allah. Kanti emut dateng Allah saget andadosaken tiyang kasebat ngatos- atos menawi bade tumindak utawi ngendika. Tansah menggalih pundi ingkang sae lan pundi ingkang awon, pundi ingkang dipun keparengaken Allah lan pundi ingkang dipun awisi. Cekak asosipun emut dhateng Allah badhe mbeta lampah kula lan panjenengan wonten margi ingkang dipun ridhai Allah Ta’ala. Menawi Allah sampun ridha saget andamel raos ayem tentrem ing kahanan kados punapa kemawon. Sugih utawi mlarat menawi dipunridhai Allah raosipun sekeca. Makaryo wonten bidang punapa kemawon menawi dipun ridhai Allah raosipun minulya. Pikantuk rejeki sepinten kemawon menawi dipun ridhai Allah ugi raosipun ketrima.

 Maasyiral muslimin jamaah jumah rahimakumullah

Sakpunika kula lan panjenengan gesang ing jaman akhir, ingkang mboten sekedik saking sanak sederek kita sampun nebihi dzikir dhateng Allah. Ibadah sampun mboten dipun jagi, srawung wonten masyarakat sampun mboten ngginakaen akhlaq islami, ngupadi bandha sampun nilaraken hukum halal lan haram. Ing mangka Allah sampun paring pepemut wonten ing surah Thaha: 124

وَمَنْ أَعْرَضَ عَنْ ذِكْرِي فَإِنَّ لَهُ مَعِيشَةً ضَنْكًا وَنَحْشُرُهُ يَوْمَ الْقِيَامَةِ أَعْمَى

"lan sing sapa wonge ninggalake dzikir marang Ingsun mula tumrap deweke urip kang sumpek, lan bakal Ingsung kumpulkake ana ing dina kiyamat kanti kahanan wuta...”

Maasyiral muslimin jamaah jumah rahimakumullah

Ayat punika paring ancaman tumrap sinten kemawon ingkang nilaraken dzikir dumateng Allah:

Ancaman ingkang sepisan:

Tiyang ingkang nilaraken dzikir dumateng Allah panggesanganipun bade sumpek lan susah. Kagungan bandha katah, dahar ngunjuk sarwa mewah ananging mboten kraos eca. Wira- wiri ngaggem kendaraan ingkang mewah ananging ugi mboten kraos sekeca. Griyanipun sae kepara pinten- pinten panggenan ananging mboten keraos ayem. Pakaryan mapan kepara kagungan pangkat jabatan ananging mboten keraos mulya.

Ancaman ingkang kaping kalih:

Tiyang ingkang nilaraken dzikir dumateng Allah bade dipun kempalaken wonten ing dinten kiyamat kanti kahanan wuta. Miterat ahli tafsir maksudipun benjing wonten dinten kiyamat tiyang kasebat mboten saget selak saking hisabipun Allah lan mboten wonten ingkang saget paring syafaat utawi paring pitulungan. Ahli tafsir sanes ngendikaaken maksudipun: mbenjang wonten dinten kiyamat tiyang kasebat mboten saget ningali punapa- punapa, sagetipun namung ningali neraka.

Cekak aosipun: tiyang ingkang nilaraken dzikir punika cilaka ing dunya lan akhirat.

 

Maasyiral muslimin jamaah jumah rahimakumullah

Mekaten khutbah singkat ingkang khatib aturaken wonten siang punika. Mugi Allah tansah ndadosaken kula lan panjenengan tiyang- tiyang ingkang tansah dzikir dhumateng Allah . amiin..

 

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :





Post a Comment

Lebih baru Lebih lama