Nengga Rawuhipun Ramadhan
Ustadz
Wismanto,S.Pd.I
Khutbah Awal
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا
كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ
شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَالَ اللهُ تَعَالَى
يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah
kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat, taufiq
sarta hidayah dhumateng kula lan
panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih
wonten majelis ingkang minulya kanthi kebak kawilujengan.
Shalawat ugi salam mugi
tansah katetepaken dhumateng nabi agung Muhammad SAW ingkang tansah kula lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten akhir. Aamiin.
Jama’ah jumah rahimakumullah
Wonten mimbar khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti
nindakaken dhawuhipun lan nebihi sedaya awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah SWT tansah paring
kamulyan panggesangan wiwit ing donya ngantos dumugi akhirat. Amiin.
Jama’ah
jumah rahimakumullah
Mboten
keraos sekedap malih tamu agung badhe rawuh, wulan suci, wulan minulya wulan
pinilih ingkang kebak rahmat lan barakah. Wulan Ramadhan kanthi sedaya kesaenan
lan kautamanipun kantun pinten dinten malih badhe dumugi. Rawuhipun wulan suci
ramadhan punika pinangka sarana Allah paring kamulyan dhumateng kula lan
panjenegan. Mila Rasulullah SAW asring paring kabar gembira dhumateng para
sahabat rikala wulan ramadhan badhe rawuh.
Ngendika
nabi agung Muhammad SAW:
ﻗَﺪْ
ﺟَﺎﺀَﻛُﻢْ ﺭَﻣَﻀَﺎﻥُ، ﺷَﻬْﺮٌ ﻣُﺒَﺎﺭَﻙٌ، ﺍﻓْﺘَﺮَﺽَ ﺍﻟﻠﻪُ ﻋَﻠَﻴْﻜُﻢْ ﺻِﻴَﺎﻣَﻪُ،
ﺗُﻔْﺘَﺢُ ﻓِﻴﻪِ ﺃَﺑْﻮَﺍﺏُ ﺍﻟْﺠَﻨَّﺔِ، ﻭَﺗُﻐْﻠَﻖُ ﻓِﻴﻪِ ﺃَﺑْﻮَﺍﺏُ ﺍﻟْﺠَﺤِﻴﻢِ،
ﻭَﺗُﻐَﻞُّ ﻓِﻴﻪِ ﺍﻟﺸَّﻴَﺎﻃِﻴﻦُ، ﻓِﻴﻪِ ﻟَﻴْﻠَﺔٌ ﺧَﻴْﺮٌ ﻣِﻦْ ﺃَﻟْﻒِ ﺷَﻬْﺮٍ، ﻣَﻦْ
ﺣُﺮِﻡَ ﺧَﻴْﺮَﻫَﺎ ﻓَﻘَﺪْ ﺣُﺮِﻡَ
“Temen
bakal teka marang sira kabeh wulan Ramadhan, wulan kang kebak berkah, Allah wajibake
pasa marang sira kabeh, ing wulan iku lawang- lawang surga dibuka lawang-
lawang neraka ditutup lan setan dibelenggu, ing wulan iku ana sawiji engi kang
luwih utama tinimbang sewu wulan. Mula sapa kang ora oleh kabecikan ana ing
wulan iku temen deweke wong kang rugi” (HR. Ahmad).
Syaikh
Shalih Al-Fauzan ngendika: “Hadist iku pinangka kabar gembira tumrap para wong
iman kang shalih amarga tekane wulan Ramadhan. Rasulullah SAW menehi kabar
gembira marang para sahabat dudu mang kabar kang biasa ananging maknane bakal
teka wektu kang agung lan minulya” (Ahaditsus Shiyam, kaca:13).
Jama’ah
jumah rahimakumullah
Estu
kula lan panjenengan kedah nyiapaken bekal kagem mangayubagya rawuhipun wulan
Ramadhan. Punapa kemawon bekal ingkang kedah kula lan panjenegan siapaken?
1.
Ilmu.
Bekal
ingkang paling pokok inggih punika ilmu, amargi ibadah ingkang boten dipun
kantheni ilmu punika boten sampurna. Umar bin abdul Azis ngendika:
مَنْ عَبَدَ اللهَ بِغَيْرِ
عِلْمٍ كَانَ مَا يُفْسِدُ أَكْثَرَ مِمَّا يُصْلِحُ
“Sing
sapa ngibadah marang Allah tanpa ilmu mula luweh akeh rusake tinimbang
manfaate” (Al Amru bil Ma’ruf, kaca: 15).
Kula
lan panjenegan kedah ngaji sinau tatacara nindakaken ibadah shiyam ingkang leres.
Punapa kemawon rukun shiyam, syarat shiyam, ingkang mbatalaken shiyam, ingkang
ngrusaki ganjaran shiyam, sedaya kala wau kedah dipun mangertosi. Menawi mboten
mangertos babar blas tatacara punika lha kadospundi nasibipun ibadah kula lan
panjenengan. Mila sumangga wonten wekdal- wekdal punika kula lan panjenengan
enggal semangat ngaji madosi kawruh babagan tatacara nindakaken ibadah agung
punika. Mugi kanthi ngaji kawruh agami ibadah kula lan panjenengan tansah leres
lan manfaat.
2.
Ngatah- ngatahi
taubat.
Para
ulama biasanipun sami ngatah- ngatahi taubat nalikanipun badhe rawuh wulan
Ramadhan lan nganjuraken supados sedaya kaum muslimin ugi ngatah- ngatahi
taubat. Taubat ing wekdal punika dipun anjuraken esthu kanthi pangajab kula lan
panjenengan langkung sae nalikanipun pinanggih wulan suci ramadhan. Miterat
Ibnu Katsir ingkang dipun maksud taubat inggih punika: “Nebihi dosa ing wekdal
punika, nggetuni dosa ing wekdal kala wingi lan kagungan tekat boten badhe
nglampahi dosa malih ing wekdal ingkang badhe dateng.” (Tafsir Al Qur’an Al
‘Azhim, jilid14, kaca:61).
3.
Ngatah- ngatahi
donga
Perkawis
saklajengipun ingkang kedhah dipun lampahi kagem mangayubagya rawuhipun
Ramadhan inggih punika ngatah- ngatahi donga. Kula lan panjenegan kedah
ndedonga supados Allah paring kawilujengan satemah saget pinanggih wulan
Ramadhan kanthi rahayu. Mekaten ugi kedhah ndedonga mugi Allah paring Kesehatan
lan gampil nindhakaken pangibadahan nalikanipun pinanggih wulan Ramadhan.
Punika donga nyuwun gampil ingkang biasanipun dipun waos para ulama:
اللَّهُمَّ لاَ سَهْلَ إِلاَّ
مَا جَعَلْتَهُ سَهْلاً وَأَنْتَ تَجْعَلُ الحَزْنَ إِذَا شِئْتَ سَهْلاً
“Ya
Allah boten wonten perkawis gampil kejawi ingkang panjenegan kersaaken gampil,
lan Panjenengan estu saget andadosaken perkawis ingkang susah punika dados
gampil” (HR.Ibnu Hiban)
Jama’ah
jumah rahimakumullah
Punika seperangan perkawis
ingkan kedah kula lan panjenegan siapaken kagem negga rawuhipun wulan ramadhan.
Mugi Allah tansah paring taufiq satemah kula lan panjenegan saget pinanggih
wulan suci Ramadhan ing tahun punika kanthi kahanan sehat boten wonten alangan
setunggal punapa. Amiin.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا
وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ
يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا
تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا
إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
Posting Komentar