Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa:
NJAGI IMAN
H. Sadmonodadi,MA
اَلسَّـــلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُاللهِ وَبَرَكَاتُهُ.
ااَلْحَمْدُ
ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ وَالْعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ وَلاَعُدْوَانَ اِلاَّ
عَلَى الظَّالِمِيْنَ. أَشْــهَدُ أَنْ
لاَ اِلهَ اِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِ يْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ
الْمُبِيْنُ. وَاَشْــهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًاعَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَادِقُ
الْوَعْدِ اْلأَ مِيْنِ. اَللّهـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا
مُحَمَّدٍوَعَلَىالِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ. اَمَّابَعْدُ:
اَيُّهَـاالنَّاسُ ! اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِىبِتَقْوَى اللهِ لَعَلَّكُمْ
تُرْحَمُوْنَ
Sedaya puji anamung kagunganipun
Allah SWT, Dzat ingkang sampun nyipta langit-bumi saisinipun. Wondene
tiyang-tiyang kafir, tiyang-tiyang wau sami mlengos saking Pangeranipun. Mangga
kita sami ngunjukaken panyuwunan mugi kawilujengan lan karaharjan tansah
kaparingna dhumateng Nabiyullah Muhammad SAW, dhumateng kulawarganipun, dhumateng para sahabat, sumrambahipun
dhumateng kita sami.
Keparenga
kula atur washiyat mangga kita
sami tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah ta’aala, awit sinten kemawon
ingkang taqwa dhumateng Allah mangka Allah badhe njagi tiyang wau lan paring
pitedah dhumateng kesaenan ing dalem urusan donya lan akhiratipun.
Salajengipun, nikmat-nikmat peparingipun Allah
jalla wa ‘ala saestu kathah, mboten kapetang wicalanipun lan mboten
winates ukuranipun. Allah ngendika : wa in ta’udduu ni’matallah laa
tuhshuuha, “Menawa sira kabeh nyoba ngetung-etung nikmate Allah
mesthi sira kabeh ora bisa nyacah” (QS. Ibrahim : 24)
Ma’asyiral muslimin rahimaumullah!
Estunipun nikmat Allah SWT ingkang
paling mulya, nugraha ingkang paling agung, lan peparingipun ingkang paling
utami njih punika nikmat iman. Iman mujudaken nikmat Allah ingkang paling agung
kaparingaken dhumateng sinten kemawon ingkang dipun kersaaken ing antawisipun
kawulanipun. Iman punika mujudaken sebab kangge nggayuh kabahagyan donya lan
akhirat. Allah ngendika :
اَلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا
الصّٰلِحٰتِ طُوْبٰى لَهُمْ وَحُسْنُ مَاٰبٍ
"Wong-wong
kang padha iman lan padha tumindak becik, wong-wong iku pikoleh kabahagyan lan
papan bali kang becik". (Q.S. Ar;Ra'du ayat 29)
Iman punika – ma’asyiral muslimin rahimakumullah – badhe
ndumugeaken swarga lan sedaya nikmat lan
peparing agung ingkang kacawisaken ing salebeting swarga. Kanthi imanipun, para
mukmin sami kalis saking neraka lan sedaya siksa ingkang sanget
awratipun lan paukuman ingkang sanget damel sakit. Kanthi iman punika ugi,
tiyang-tiyang mukmin badhe ngraosaken nikmatipun mriksani pasuryanipun Rabb
Ingkang Maha Mulya subhanahu wa ta’ala, ingkang mujudaken nikmat paling agung
ingkang kaparingaken dhumateng tiyang-tiyang ingkang sami iman. Allah ngendika
:
وُجُوهٌ يَوْمَئِذٍ نَاضِرَةٌ (22) إِلَى رَبِّهَا نَاظِرَةٌ (23)
“Praupane (wong-wong mukmin) ana ing
dina iku padha sumringah, marang Pangerane wong-wong mau padha mriksani”. (Q.S.
al-Qiyamah : 22-23)
Jama’ah Jum’at ingkang bagya mulya!
Nikmat iman, faedah lan pengaruhipun
dhumateng mukmin mboten kapetang kathah lan ukuranipun. Malah punapa kemawon
nikmat lan kesaenan ingkang kagayuh ing donya lan akherat, mangka sedaya wau
mujudaken woh saking iman. Pramila wajib menggahing saben-saben mukmin ingkang
sampun kaparingan iman lan pitedahipun Allah sahengga saged ngrasuk agami
Islam, saestu-estu
njagi lan ningkataken
iman wau. Allah paring pangandikan :
يُثَبِّتُ اللَّهُ الَّذِينَ آَمَنُوا بِالْقَوْلِ الثَّابِتِ فِي
الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَفِي الْآَخِرَةِ وَيُضِلُّ اللَّهُ الظَّالِمِينَ
وَيَفْعَلُ اللَّهُ مَا يَشَاءُ (27)
“Allah bakal nyantosaake
wong-wong kang padha iman kelawan pangucap kang kukuh iku ing ndalem urip ing
donya lan akherat. Allah nyasarake wong-wong kang padha aniaya lan Allah
nindaake apa kang dikersaake”. (Qs. Ibrahim:
27)
Mangka sampun sak mesthinipun para
mukmin sami saestu-estu njagi murih peparing ingkang agung punika murih saya
ngrembaka. Awit saestunipun iman punika wonten mulur-mungkretipun. Malah-malah
iman punika saged ical saking pribadhinipun setunggal mukmin. Imam Syafii rahimahullah
ngendika :
الإِيْمِانُ قَوْل وَ عَمَلٌ يَزِيْدُ
وَ يَنْقُصُ
“Iman iku celathu lan tumindak bisa tambah lan bisa
kurang". (Hilyatul Auliya)
Jama’ah rahimakumullah!
Manawi kita naliti al-Qur’an lan
as-Sunnah kanyata iman punika kedadosan saking kapitadosan ingkang tumancep ing
manah, pangucaping lathi lan lampahing
badan arupi amal-amal shalih sarta
lampah thaat ingkang badhe nyaketaken dhumateng Allah.
Ing
dalem hadits riwayat imam Ibnu Majah dipun
sebataken :
اَلْاِيْمَانُ عَقْدٌ بِالْقَلْبِ وَ اِقْرَارٌ بِالِّسَانِ وَ عَمَلٌ
بِالْاَرْكَانِ
"Iman itu dipercaya ing ati, dicelathu nganggo lisan dan diamalke nganggo obahing awak"
Kanthi
akaten njagi iman wujudipun inggih punika kapitadosan ing manah, lempenging celathu
saha nindaaken kathah-kathahipun amal
shaleh ln lampah thaat.
Jama'ah
Jum'at rahimakumullah!
Perkawis
wigatos ing antawisipun perangan iman ingkang ketingal inggih punika ngucap
syahadat, njejegaken sholat, mbayar zakat, shiyam Ramadhan, lan nindaaken
ibadah haji. Pramila
prayogi kita mangertosi bilih sholat punika bageyan saking iman, shiyam punika
bageyan saking iman, mbayar zakat punika bageyan saking iman. Amargi sedaya
ngajeng punika kalebet iman utami mangka kita sami kedah jagi kanthi sak
sae-saenipun.
Kalebet iman ingkang wajib kita jagi
inggih punika nresnani Rasulullah SAW lan ngunggulaken tresna dhumateng Rasul
tinimbang tresna dhumateng badan piyambak, tresna dhumateng arta bandha utawi
tresna dhumateng garwa putra. Tresna dhumateng Rasululllah SAW mboten anamung
pangucap lamis ing dalem lisan, ananging kedah maujud ing dalem lampah thaat
dhumateng hawuh Rasulullah, ing dalem sedaya ingkang pun dhawuhaken,
ngleresaken punapa ingkang kangendikaaken dening Rasulullah, sarta ngeker
saking sedaya perkawis ingkang dipun awisi. Allah suka keterangan ing dalem
al-Qur’an :
قُلْ إِنْ
كُنْتُمْ تُحِبُّونَ اللَّهَ فَاتَّبِعُونِي يُحْبِبْكُمُ اللَّهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ
ذُنُوبَكُمْ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَحِيمٌ
“Kandhakna : menawa sira
tenan-tenan anggone tresna mring Allah mangka nuruta aku, mesthi Allah bakal nresnani sira kabeh
lan paring pangapura marang dosa-dosanira. Allah Maha Paring Pangapura lan Maha
asih”. (Q.S. Ali Imran : 31)
Kalebet ing dalem iman ingkang kedah
kita jagi – para sedherek sedaya – inggih punika panjenengan remen sedherek
mukmin pikantuk kesaenan. Pramila raos drengki, meri, lan srei, sedaya punika
ngirangi iman. Kosok wangsulipun saben-saben mukmin kedah ngrembaaken raos
remen dhumateng kesaenanipun sedherek mukmin. Ngengingi bab punika Raslullah
nate ngendika :
لَا يُؤْمِنُ
أَحَدُكُمْ حَتَّى يُحِبَّ لأَخِيهِ مَا يُحِبُّ لِنَفْسِهِ
“Ora iman sawiji seka sira nganti
dheweke nresnani sedulure kaya dheweke tresna marang diri pribadhine”.
Kalebet ing dalem njagi iman inggih
punika netepi amanah. amanat. Ngendikanipun Rasulullah SAW :
لاَ إِيْمَانَ لِمَنْ لاَ أَمَانَةَ لَهُ،
وَلاَدِيْنَ لِمَنْ لاَعَهْدَلَهُ
“Ora sampurna imane sawiji wong
menawa dheweke ora amanah”.
Amanah punika nglimputi
lampah-lampah njagi piwucal agami kanthi tansah thaat dhumateng Allah,
nindaaken dhawuh-dhawuhipun sarta nebihi awisan-awisanipun Allah. Amanah ugi
nglimputi njagi haq-haq sesami manungsa, ndumugeaken barang titipan, nebihi
khianat, nilaraken apus-apus, goroh lan muamalah-muamalah ingkang mboten leres
sanesipun.
Jama’ah Jum’at rahimakumullah!
Kalebet ing dalem njagi iman inggih
punika nilaraken bab-bab ingkang dipun
haramaken dening Allah lan nebihi saking lampah njemberi lan mungkar. Ngeli ing
dalem maksiyat lan nindaaken dosa-dosa ageng punika nyebabaken kirangipun iman
wajib. Sahengga lampah nilaraken zina, mboten madat, mboten main, mboten ngrampas darbekipun asanes, sedaya wau
bagian saking iman. Sok sintena tiyang nindaaken setunggal dosa ageng kados
dene nindaaken lampah-lampah sinebat ngajeng, mangka imanipun badhe suda ingkang
kadharipun nyocogi kaliyan ageng utawi alitipun dosa.
Kalebet
ing dalem njagi iman inggih punika tobat dhumateng Allah, inabah dhumateng
Allah lang wangsul dhumateng ridhanipun Allah.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ
اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإيَّاكُمْ ِبمَا ِفيْهِ مِنَ اْلآياَتِ
وَالذكْر ِالْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إنَّهُ هُوَ
السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ
KHUTBAH 2
اَلْحَمْدُ للهِ
حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْـهَدُ أَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّاللهُ وَحْدَهُ
لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْـهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّهُمَّ صَلِّ
وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى خَاتَمِ اْلأَ نْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ وَعَلَى
آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. قَالَ تَعَالَى: يَا
أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ
إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى
النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا
تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا
صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ. وَبَارِكْ عَلَى
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ
إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ
وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ. رَبَّنَا هَبْ
لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا
لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا
وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ.
رَبَّنَا لاَ
تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا
مِن لَّدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي
الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
Download PDF
Posting Komentar