Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa:

NJAGI IMAN

H. Sadmonodadi,MA

اَلسَّـــلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُاللهِ وَبَرَكَاتُهُ.

ااَلْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ وَالْعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ وَلاَعُدْوَانَ اِلاَّ عَلَى الظَّالِمِيْنَ.  أَشْــهَدُ أَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِ يْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ. وَاَشْــهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًاعَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَادِقُ الْوَعْدِ اْلأَ مِيْنِ. اَللّهـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍوَعَلَىالِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ. اَمَّابَعْدُ: اَيُّهَـاالنَّاسُ ! اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِىبِتَقْوَى اللهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ

Sedaya puji anamung kagunganipun Allah SWT, Dzat ingkang sampun nyipta langit-bumi saisinipun. Wondene tiyang-tiyang kafir, tiyang-tiyang wau sami mlengos saking Pangeranipun. Mangga kita sami ngunjukaken panyuwunan mugi kawilujengan lan karaharjan tansah kaparingna dhumateng Nabiyullah Muhammad SAW, dhumateng kulawarganipun,  dhumateng para sahabat, sumrambahipun dhumateng kita sami.

Keparenga kula atur washiyat  mangga kita sami tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah ta’aala, awit sinten kemawon ingkang taqwa dhumateng Allah mangka Allah badhe njagi tiyang wau lan paring pitedah dhumateng kesaenan ing dalem urusan donya lan akhiratipun. Salajengipun, nikmat-nikmat peparingipun Allah  jalla wa ‘ala saestu kathah, mboten kapetang wicalanipun lan mboten winates ukuranipun. Allah ngendika : wa in ta’udduu ni’matallah laa tuhshuuha, “Menawa sira kabeh nyoba ngetung-etung nikmate Allah mesthi sira kabeh ora bisa nyacah” (QS. Ibrahim : 24)

Ma’asyiral muslimin rahimaumullah!

Estunipun nikmat Allah SWT ingkang paling mulya, nugraha ingkang paling agung, lan peparingipun ingkang paling utami njih punika nikmat iman. Iman mujudaken nikmat Allah ingkang paling agung kaparingaken dhumateng sinten kemawon ingkang dipun kersaaken ing antawisipun kawulanipun. Iman punika mujudaken sebab kangge nggayuh kabahagyan donya lan akhirat.  Allah ngendika :

اَلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ طُوْبٰى لَهُمْ وَحُسْنُ مَاٰبٍ

"Wong-wong kang padha iman lan padha tumindak becik, wong-wong iku pikoleh kabahagyan lan papan bali kang becik".  (Q.S. Ar;Ra'du ayat 29)

Iman punika – ma’asyiral  muslimin rahimakumullah – badhe ndumugeaken  swarga lan sedaya nikmat lan peparing agung ingkang kacawisaken ing salebeting swarga. Kanthi imanipun, para mukmin  sami  kalis  saking neraka lan sedaya siksa ingkang sanget awratipun lan paukuman ingkang sanget damel sakit. Kanthi iman punika ugi, tiyang-tiyang mukmin badhe ngraosaken nikmatipun mriksani pasuryanipun Rabb Ingkang Maha Mulya subhanahu wa ta’ala, ingkang mujudaken nikmat paling agung ingkang kaparingaken dhumateng tiyang-tiyang ingkang sami iman. Allah ngendika :

وُجُوهٌ يَوْمَئِذٍ نَاضِرَةٌ (22) إِلَى رَبِّهَا نَاظِرَةٌ (23)

“Praupane (wong-wong mukmin) ana ing dina iku padha sumringah, marang Pangerane wong-wong mau padha mriksani”. (Q.S. al-Qiyamah : 22-23)

Jama’ah Jum’at ingkang bagya mulya!

Nikmat iman, faedah lan pengaruhipun dhumateng mukmin mboten kapetang kathah lan ukuranipun. Malah punapa kemawon nikmat lan kesaenan ingkang kagayuh ing donya lan akherat, mangka sedaya wau mujudaken woh saking iman. Pramila wajib menggahing saben-saben mukmin ingkang sampun kaparingan iman lan pitedahipun Allah sahengga saged ngrasuk agami Islam, saestu-estu njagi lan ningkataken iman wau. Allah paring pangandikan :

يُثَبِّتُ اللَّهُ الَّذِينَ آَمَنُوا بِالْقَوْلِ الثَّابِتِ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَفِي الْآَخِرَةِ وَيُضِلُّ اللَّهُ الظَّالِمِينَ وَيَفْعَلُ اللَّهُ مَا يَشَاءُ (27)

 Allah bakal nyantosaake wong-wong kang padha iman kelawan pangucap kang kukuh iku ing ndalem urip ing donya lan akherat. Allah nyasarake wong-wong kang padha aniaya lan Allah nindaake apa kang dikersaake. (Qs. Ibrahim: 27)

Mangka sampun sak mesthinipun para mukmin sami saestu-estu njagi murih peparing ingkang agung punika murih saya ngrembaka. Awit saestunipun iman punika wonten mulur-mungkretipun. Malah-malah iman punika saged ical saking pribadhinipun setunggal mukmin.  Imam Syafii rahimahullah ngendika :

الإِيْمِانُ قَوْل وَ عَمَلٌ يَزِيْدُ وَ يَنْقُصُ

Iman iku celathu lan tumindak bisa tambah lan bisa kurang". (Hilyatul Auliya)

Jama’ah rahimakumullah!

Manawi kita naliti al-Qur’an lan as-Sunnah kanyata iman punika kedadosan saking kapitadosan ingkang tumancep ing manah, pangucaping lathi lan  lampahing badan arupi  amal-amal shalih sarta lampah thaat ingkang badhe nyaketaken dhumateng Allah.

Ing dalem hadits  riwayat imam Ibnu Majah dipun sebataken :

 اَلْاِيْمَانُ عَقْدٌ بِالْقَلْبِ وَ اِقْرَارٌ بِالِّسَانِ وَ عَمَلٌ بِالْاَرْكَانِ

"Iman itu dipercaya ing ati, dicelathu nganggo  lisan dan diamalke nganggo obahing awak"

Kanthi akaten njagi iman wujudipun inggih punika kapitadosan ing manah, lempenging celathu saha nindaaken  kathah-kathahipun amal shaleh ln lampah thaat.

Jama'ah Jum'at rahimakumullah!

Perkawis wigatos ing antawisipun perangan iman ingkang ketingal inggih punika ngucap syahadat, njejegaken sholat, mbayar zakat, shiyam Ramadhan, lan nindaaken ibadah haji. Pramila prayogi kita mangertosi bilih sholat punika bageyan saking iman, shiyam punika bageyan saking iman, mbayar zakat punika bageyan saking iman. Amargi sedaya ngajeng punika kalebet iman utami mangka kita sami kedah jagi kanthi sak sae-saenipun.

Kalebet iman ingkang wajib kita jagi inggih punika nresnani Rasulullah SAW lan ngunggulaken tresna dhumateng Rasul tinimbang tresna dhumateng badan piyambak, tresna dhumateng arta bandha utawi tresna dhumateng garwa putra. Tresna dhumateng Rasululllah SAW mboten anamung pangucap lamis ing dalem lisan, ananging kedah maujud ing dalem lampah thaat dhumateng hawuh Rasulullah, ing dalem sedaya ingkang pun dhawuhaken, ngleresaken punapa ingkang kangendikaaken dening Rasulullah, sarta ngeker saking sedaya perkawis ingkang dipun awisi. Allah suka keterangan ing dalem al-Qur’an :

قُلْ إِنْ كُنْتُمْ تُحِبُّونَ اللَّهَ فَاتَّبِعُونِي يُحْبِبْكُمُ اللَّهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَحِيمٌ

Kandhakna : menawa sira tenan-tenan anggone tresna mring Allah mangka nuruta  aku, mesthi Allah bakal nresnani sira kabeh lan paring pangapura marang dosa-dosanira. Allah Maha Paring Pangapura lan Maha asih”. (Q.S. Ali Imran : 31)

Kalebet ing dalem iman ingkang kedah kita jagi – para sedherek sedaya – inggih punika panjenengan remen sedherek mukmin pikantuk kesaenan. Pramila raos drengki, meri, lan srei, sedaya punika ngirangi iman. Kosok wangsulipun saben-saben mukmin kedah ngrembaaken raos remen dhumateng kesaenanipun sedherek mukmin. Ngengingi bab punika Raslullah nate ngendika :

لَا يُؤْمِنُ أَحَدُكُمْ حَتَّى يُحِبَّ لأَخِيهِ مَا يُحِبُّ لِنَفْسِهِ

Ora iman sawiji seka sira nganti dheweke nresnani sedulure kaya dheweke tresna marang diri pribadhine”.

Kalebet ing dalem njagi iman inggih punika netepi amanah. amanat. Ngendikanipun Rasulullah SAW :

لاَ إِيْمَانَ لِمَنْ لاَ أَمَانَةَ لَهُ، وَلاَدِيْنَ لِمَنْ لاَعَهْدَلَهُ

Ora sampurna imane sawiji wong menawa dheweke ora amanah”.

Amanah punika nglimputi lampah-lampah njagi piwucal agami kanthi tansah thaat dhumateng Allah, nindaaken dhawuh-dhawuhipun sarta nebihi awisan-awisanipun Allah. Amanah ugi nglimputi njagi haq-haq sesami manungsa, ndumugeaken barang titipan, nebihi khianat, nilaraken apus-apus, goroh lan muamalah-muamalah ingkang mboten leres sanesipun.

Jama’ah Jum’at rahimakumullah!

Kalebet ing dalem njagi iman inggih punika nilaraken bab-bab  ingkang dipun haramaken dening Allah lan nebihi saking lampah njemberi lan mungkar. Ngeli ing dalem maksiyat lan nindaaken dosa-dosa ageng punika nyebabaken kirangipun iman wajib. Sahengga lampah nilaraken zina, mboten madat, mboten main,  mboten ngrampas darbekipun asanes, sedaya wau bagian saking iman. Sok sintena tiyang nindaaken setunggal dosa ageng kados dene nindaaken lampah-lampah sinebat ngajeng, mangka imanipun badhe suda ingkang kadharipun nyocogi kaliyan ageng utawi alitipun dosa.

Kalebet ing dalem njagi iman inggih punika tobat dhumateng Allah, inabah dhumateng Allah lang wangsul dhumateng ridhanipun Allah.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإيَّاكُمْ ِبمَا ِفيْهِ مِنَ اْلآياَتِ وَالذكْر ِالْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ

KHUTBAH 2

اَلْحَمْدُ للهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْـهَدُ أَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ  وَاَشْـهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى خَاتَمِ اْلأَ نْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا لاَ تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ




Download PDF


Post a Comment

أحدث أقدم