Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa 

MASPADANI KATRESNAN DUMATENG DONYA

Ust. Sadmnodadi

 

الْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ وَالْعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ وَلاَعُدْوَانَ اِلاَّ عَلَى الظَّالِمِيْنَ.
أَشْــهَدُ أَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِ يْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ. وَاَشْــهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًاعَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَادِقُ الْوَعْدِ اْلأَ مِيْنِ.
اَللّهـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى الِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ.
قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.  أَمَّابَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ! أُوْصِيْكُمْ وَاِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.

Jama’ah Jum’at rahimakumullah!

Mangga kita sami ngunjukaken syukur dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala awit lumeberipun sedaya nikmat mahanani kita sami taksih kaparingan kekiyatan lan kalodhangan kangge nindaaken ibadah Jum’at siang punika. Kawilujengan lan kasantosan mugi tansah kaparingna dhumateng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wassalam, dhumateng keluarganipun, dhumateng para shahabat sumrambahiun dhumateng kita sami.

Salajengipun, para jama’ah Jum’at ingkang dipun rahmati dening Allah SWT, prayogi menggahing kita sami tansah taqwa dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Saestu taqwa punika sabagus-bagusipun ageman, sasae-saenipun sangu sarta sautami-utaminipun lantaran tumuju ridhanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.

Kaum muslimin rahimakumullah!

Rasulullah Shalallahu ‘alaihi wassalam sampun ngemutaken kita sami murih mboten lelangkungan anggenipun nresnani donya. Kepencut dhumateng donya punika badhe nyebabaken manungsa purun nindaaken punapa kemawon sauger pikantuk donya ingkang dipun impi : korupsi, apus krama, mitenah, mendhet darbekipun asanes lan sanes-sanes tumindak cinacat. Sifat ta’jub dhumateng gumebyaring donya punika saestu mbebayani amargi saged nyebabaken ngrembakanipun tumindak aniaya lan memengsahan ing antawisipun manungsa.

Ing dalem setunggal kalodhangan Rasulullah SAW ngemutaken bilih tresna dhumateng donya punika mujudaken pokok sedaya kalepatan ; hubbud-dunya ra’su kulli khatii’ah. Rasulullah ugi ngendika bilih manungsa perlu waspada dhumateng pepenginan ing arta bandha, amargi menawi dipun turuti pepenginan punika mboten wonten maremipun. Anamung pejah ingkang saged maremaken  pepenginan manungsa dhumateng bandha. Wonten setunggal hadits riwayat Imam Bukhori lan Imam Muslim Rasulullah paring pangandikan :

لَوْ أَنَّ لاِبْنِ آدَمَ وَادِيًا مِنْ ذَهَبٍ أَحَبَّ أَنْ يَكُونَ لَهُ وَادِيَانِ ، وَلَنْ يَمْلأَ فَاهُ إِلاَّ التُّرَابُ

Menawa anak turune Adam darbe emas akehe loro ngare mesthi dheweke kepengin ngare kang nomer telu, lan ora ana kang bisa ngebaki wetenge anak turune Adam kejaba lemah”.

Tresna donya maksudipun inggih punika ndadosaken donya lan isinipun pinangka tujuan gesang lan mboten pinangka sarana gesang. Secara gamblang para ulama nggambaraken titikanipun tiyang ingkang kesangeten anggenipun tresna dhumateng donya. Ing antawisipun, tiyang wau tujuan gesangipun anamung kangge ngoyak karemenan donya (arta bandha, kalenggahan, kuwaos, pria/wanita lan kuncaraning asma). Amargi ketungkul ngoyak bandha, tetiyang wau supe ngibadah dhumateng Allah, purun ngorbanaken agami lan imanipun kangge nikmat donya, remen lelangkungan, remen mameraken donyanipun lan kirang nggadhahi raos syukur. Tiyang ingkang kapencut ing donya remen numpuk bandha lan suthik weweh dhumateng asanes ingkang mbetahaken. Tetiyang sutresna donya punika ukuran sukses gesangipun anamung donya, wondene agami anamung kangge pantes-pantes lan ngumumi tiyang kathah kemawon.

Jama’ah Jum’at rahimakumulullah! 

Tresna dhumateng donya saestu mbebayani tumrap gesangipun tiyang mukmin. Bebaya panggodhaning donya punika sampun kaengetaken dening Allah Subhanahu wa Ta’ala ing dalem surah at-Takaatsur ayat 1-2 :

أَلْهَاكُمُ التَّكَاثُرُ (1) حَتَّى زُرْتُمُ الْمَقَابِرَ (2)

Leluwihan wus nglaleake sira kabeh, nganti sira kabeh lumebu kuburan”.

Awit agengipun bebaya tresna dhumateng donya ingkang saged nyupeaken manungsa saking amal shaleh lan nebihaken saking emut dhumateng akhirat, Allah dhawuhaken supados manungsa mboten kecalan pangatos-atos dhumateng apus kramanipun donya :

إِنَّ وَعْدَ اللَّهِ حَقٌّ فَلَا تَغُرَّنَّكُمُ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا وَلَا يَغُرَّنَّكُمْ بِاللَّهِ الْغَرُورُ

Setuhune janjine Allah iku mesthi kelakone, mangka aja sepisan-pisana urip donya iku nglirwaake sira ing dalem (thaat) mring Allah”. (Q.S. Luqman ayat 33).

Allah ugi ngemutaken bilih karemenan donya punika sifatipun anamung sekedhap (qaliilun) lan akherat punik alangkung sae menggahipun tiyang-tiyang ingkang taqwa (khairun lii manittaqa).

Kaum muslimin rahimakumullah!

Lajeng kados pundi kedahipun tiyang mukmin punika ngadhepi donya? Ing surah al-Qashash ayat 77 Allah suka pitedah :

وَابْتَغِ فِيمَا آَتَاكَ اللَّهُ الدَّارَ الْآَخِرَةَ وَلَا تَنْسَ نَصِيبَكَ مِنَ الدُّنْيَا

Lan padha lurunen apa wae kang wus diparingake Allah marang sira ngenani kabahagyan uripira ing akherat, ananging aja sira lali marang bageyanira ing donya”.

Ayat punika suka pitedah bilih manungsa mboten kaawisi luru bandha donya. Arta bandha lan sanes-sanes karemenan sampun  kapaesaken dening Allah ing gesangipun manungsa. Arta bandha lan sadaya karemenan punika sampun dados fitrah gesangipun manungsa wiwit lair. Arta bandha punika dipun dadosaken Allah pinangka qiyaam utawi pokok gesangipun manungsa kados sinebat ing ayat 4 saking surah an-Nisa’. Arta bandha dipun wastani al-khaiir, nun inggih setunggal ingkang sae kados sinebat ing ayat 8 saking surat al-‘Adiyaat.

Pramila ayat ngajeng ugi ndhawuhaken manungsa  supados saestu-estu ikhtiar sageda nggayuh pagesangan duniawinipun. Saben-saben muslim ugi dipun wucal dening agami supados ndedonga lan ikhtiar nggayuh hasanah fii ad-dunya saha hasanah fii al-aakhirah. Al-Qur’an ugi ndhawuhaken murih manungsa mecaki bumi ingkang ginelar wiyar punika perlunipun ngudi rejeki.

Kaum muslimin rahimakumullah!

Ayat 77 saking surah al-Qashash punika ugi paring pitedah bilih arta bandha ingkang kagayuh sampun ngantos anamung kaginaaken kangge karemenan piyambak, punapa malih kangge nguja hawa nepsu. Ananging arta bandha wau sageda dados sarana kangge ngudi kabagyan gesang akherat. Caranipun nboten kathi nelasaken  sedaya arta bandha wau kangge infaq lan sedekah. Kados dene pitedahipun Allah ing ayat  77 saking surah al-Qhashash nginggil ‘aja nglirwaake bageyan urip ira ing donya’.  Sahengga cak-cakanipun ngginaaken bandha peparingipun Allah inggih punika ;  saperangan kablanjaaken kangge nyekapi kabetahan gesang pribadhi lan kulawargi, saperangan  sekedhik kablanjakaken kangge kepentingan akathah lan agami.

Ringkesipun, mangga kita sami nggayuh peparingipun Allah arupi rejeki sakathah-kathahipun kanthi cara ingkang dipun ridhani dening Allah Subhanahu wa Ta’ala. Salajengipun, kita blanjaaken peparingipun Allah punika kangge kacekapan gesang donya lan kangge nggayuh kasaenan gesang wonten akhirat samangke.

 أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، وَادْعُوْهُ يَسْتَجِبْ

Khutbah 2

الْحَمْدُ للهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْـهَدُ أَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ  وَاَشْـهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى خَاتَمِ اْلأَ نْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا لاَ تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ



Post a Comment

Lebih baru Lebih lama