Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa
MASPADANI KATRESNAN DUMATENG DONYA
Ust. Sadmnodadi
الْحَمْدُ
ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ وَالْعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ وَلاَعُدْوَانَ اِلاَّ
عَلَى الظَّالِمِيْنَ.
أَشْــهَدُ أَنْ
لاَ اِلهَ اِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِ يْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ
الْمُبِيْنُ. وَاَشْــهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًاعَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَادِقُ
الْوَعْدِ اْلأَ مِيْنِ.
اَللّهـمَّ
صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى الِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ
وَالاَهُ.
قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. أَمَّابَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ!
أُوْصِيْكُمْ وَاِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.
Jama’ah Jum’at rahimakumullah!
Mangga kita sami
ngunjukaken syukur dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala awit
lumeberipun sedaya nikmat mahanani kita sami taksih kaparingan kekiyatan lan
kalodhangan kangge nindaaken ibadah Jum’at siang punika. Kawilujengan lan
kasantosan mugi tansah kaparingna dhumateng Rasulullah shallallahu ‘alaihi
wassalam, dhumateng keluarganipun, dhumateng para shahabat sumrambahiun
dhumateng kita sami.
Salajengipun, para
jama’ah Jum’at ingkang dipun rahmati dening Allah SWT, prayogi menggahing kita
sami tansah taqwa dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Saestu taqwa
punika sabagus-bagusipun ageman, sasae-saenipun sangu sarta sautami-utaminipun
lantaran tumuju ridhanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Kaum muslimin rahimakumullah!
Rasulullah
Shalallahu
‘alaihi wassalam sampun ngemutaken kita sami murih mboten lelangkungan
anggenipun nresnani donya. Kepencut dhumateng donya punika badhe nyebabaken
manungsa purun nindaaken punapa kemawon sauger pikantuk donya ingkang dipun
impi : korupsi, apus krama, mitenah, mendhet darbekipun asanes lan sanes-sanes
tumindak cinacat. Sifat ta’jub dhumateng
gumebyaring donya punika saestu mbebayani amargi saged nyebabaken
ngrembakanipun tumindak aniaya lan memengsahan ing antawisipun manungsa.
Ing dalem setunggal kalodhangan
Rasulullah SAW ngemutaken bilih tresna dhumateng donya punika mujudaken pokok
sedaya kalepatan ; hubbud-dunya ra’su kulli khatii’ah. Rasulullah ugi ngendika bilih manungsa perlu waspada
dhumateng pepenginan ing arta bandha, amargi menawi dipun turuti pepenginan
punika mboten wonten maremipun. Anamung pejah ingkang saged maremaken pepenginan manungsa dhumateng bandha. Wonten
setunggal hadits riwayat Imam Bukhori lan Imam Muslim Rasulullah paring pangandikan :
لَوْ أَنَّ لاِبْنِ آدَمَ وَادِيًا مِنْ ذَهَبٍ أَحَبَّ
أَنْ يَكُونَ لَهُ وَادِيَانِ ، وَلَنْ يَمْلأَ فَاهُ إِلاَّ التُّرَابُ
“Menawa anak turune Adam darbe
emas akehe loro ngare mesthi dheweke kepengin ngare kang nomer telu, lan ora
ana kang bisa ngebaki wetenge anak turune Adam kejaba lemah”.
Tresna donya maksudipun inggih
punika ndadosaken donya lan isinipun pinangka tujuan gesang lan mboten pinangka
sarana gesang. Secara gamblang para ulama nggambaraken titikanipun tiyang
ingkang kesangeten anggenipun tresna dhumateng donya. Ing antawisipun, tiyang
wau tujuan gesangipun anamung kangge ngoyak karemenan donya (arta bandha,
kalenggahan, kuwaos, pria/wanita lan kuncaraning asma). Amargi ketungkul ngoyak
bandha, tetiyang wau supe ngibadah dhumateng Allah, purun ngorbanaken agami lan
imanipun kangge nikmat donya, remen lelangkungan, remen mameraken donyanipun
lan kirang nggadhahi raos syukur. Tiyang ingkang kapencut ing donya remen
numpuk bandha lan suthik weweh dhumateng asanes ingkang mbetahaken. Tetiyang
sutresna donya punika ukuran sukses gesangipun anamung donya, wondene agami
anamung kangge pantes-pantes lan ngumumi tiyang kathah kemawon.
Jama’ah Jum’at rahimakumulullah!
Tresna dhumateng donya saestu
mbebayani tumrap gesangipun tiyang mukmin. Bebaya panggodhaning donya punika
sampun kaengetaken dening Allah Subhanahu wa Ta’ala ing dalem surah at-Takaatsur ayat 1-2 :
أَلْهَاكُمُ التَّكَاثُرُ
(1) حَتَّى زُرْتُمُ
الْمَقَابِرَ (2)
“Leluwihan wus nglaleake sira
kabeh, nganti sira kabeh lumebu kuburan”.
Awit agengipun bebaya tresna
dhumateng donya ingkang saged nyupeaken manungsa saking amal shaleh lan
nebihaken saking emut dhumateng akhirat, Allah dhawuhaken supados manungsa
mboten kecalan pangatos-atos dhumateng apus kramanipun donya :
إِنَّ وَعْدَ اللَّهِ حَقٌّ فَلَا
تَغُرَّنَّكُمُ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا وَلَا يَغُرَّنَّكُمْ بِاللَّهِ الْغَرُورُ
“Setuhune janjine Allah iku
mesthi kelakone, mangka aja sepisan-pisana urip donya iku nglirwaake sira ing
dalem (thaat) mring Allah”. (Q.S.
Luqman ayat 33).
Allah ugi ngemutaken bilih karemenan
donya punika sifatipun anamung sekedhap (qaliilun) lan akherat punik alangkung sae menggahipun
tiyang-tiyang ingkang taqwa (khairun lii manittaqa).
Kaum muslimin rahimakumullah!
Lajeng kados pundi kedahipun tiyang
mukmin punika ngadhepi donya? Ing surah al-Qashash ayat 77 Allah suka pitedah :
وَابْتَغِ فِيمَا آَتَاكَ اللَّهُ
الدَّارَ الْآَخِرَةَ وَلَا تَنْسَ نَصِيبَكَ مِنَ الدُّنْيَا
“Lan padha lurunen apa wae kang
wus diparingake Allah marang sira ngenani kabahagyan uripira ing akherat,
ananging aja sira lali marang bageyanira ing donya”.
Ayat punika suka pitedah bilih
manungsa mboten kaawisi luru bandha donya. Arta bandha lan sanes-sanes
karemenan sampun kapaesaken dening Allah
ing gesangipun manungsa. Arta bandha lan sadaya karemenan punika sampun dados
fitrah gesangipun manungsa wiwit lair. Arta bandha punika dipun dadosaken Allah
pinangka qiyaam utawi pokok
gesangipun manungsa kados sinebat ing ayat 4 saking surah an-Nisa’. Arta bandha
dipun wastani al-khaiir, nun
inggih setunggal ingkang sae kados sinebat ing ayat 8 saking surat al-‘Adiyaat.
Pramila ayat ngajeng ugi ndhawuhaken
manungsa supados saestu-estu ikhtiar
sageda nggayuh pagesangan duniawinipun. Saben-saben muslim ugi dipun wucal
dening agami supados ndedonga lan ikhtiar nggayuh hasanah fii ad-dunya saha
hasanah fii al-aakhirah. Al-Qur’an ugi ndhawuhaken murih manungsa mecaki bumi
ingkang ginelar wiyar punika perlunipun ngudi rejeki.
Kaum
muslimin rahimakumullah!
Ayat
77 saking surah al-Qashash punika ugi paring pitedah bilih arta bandha ingkang
kagayuh sampun ngantos anamung kaginaaken kangge karemenan piyambak, punapa
malih kangge nguja hawa nepsu. Ananging
arta bandha wau sageda dados sarana kangge ngudi kabagyan gesang akherat.
Caranipun nboten kathi nelasaken sedaya
arta bandha wau kangge infaq lan sedekah. Kados dene pitedahipun Allah ing
ayat 77 saking surah al-Qhashash
nginggil ‘aja nglirwaake bageyan urip ira ing
donya’.
Sahengga cak-cakanipun ngginaaken bandha peparingipun Allah inggih
punika ; saperangan kablanjaaken kangge
nyekapi kabetahan gesang pribadhi lan kulawargi, saperangan sekedhik kablanjakaken kangge kepentingan
akathah lan agami.
Ringkesipun, mangga kita sami
nggayuh peparingipun Allah arupi rejeki sakathah-kathahipun kanthi cara ingkang
dipun ridhani dening Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Salajengipun, kita blanjaaken peparingipun Allah punika kangge kacekapan gesang donya lan kangge nggayuh kasaenan gesang wonten akhirat samangke.
أَقُوْلُ
قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ
هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، وَادْعُوْهُ يَسْتَجِبْ
Khutbah 2
إرسال تعليق