Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

SUPADOS REJEKI MBANYU MILI

Ust. Wismanto,S.Pd.I

Khutbah Sepisan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا
 وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Maasyiral muslimin jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur sumangga tansah kita kunjukaken dumateng Allah Ta’ala ingkang sampun paring kenikmatan dumateng sedaya umat ipun saenggo wonten siang punika kita tansah manggih rahayu, widada nir ing sambekala. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tenggo syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

 

Maasyiral muslimin jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib berwasiat sumangga kita tingkataken taqwa dumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi laranganipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah pikantuk kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 

Maasyiral muslimin jamaah jumah rahimakumullah

Saben-saben kita mesti pingin pinaringan panggesangan ingkang sekeca. Pingin dipun paring bagas waras, lancar sandang pangan, lan dipun tresani sedaya sanak kadang. Sedaya perkawis ingkang kita idam-idamaken jan-janipun sampun dipun beberaken Islam menggah tata cara ngupadinipun. Islam sampun maringi margi kadospundi supados kita sedaya saget nggayuh panggesangan ingkang sekeca. Ing antawisipun, Islam maringi tuntunan supados rejeki ingkang kita upadi saget gangsar gampil, bebasanipun rejeki kita saget mbanyu mili.

 

Maasyiral muslimin jamaah jumah rahimakumullah

Kadospundi margi kagem nggayuh rejeki ingkang mbanyu mili punika?

 

1.     Kedah remen syukur.

Margi ingkang utama lan ingkang paling pokok supados rejeki ingkang kita upadi tansah mbanyu mili inggih punika kanti remen syukur dumateng Allah. Syukur mujudaken syarat utama rejeki kita saget gampil. Sinten kemawon ingkang gesangipun dipun lambari raos syukur mila Allah SWT bade ndamel gesang tiyang kasebat kebak kesaenan. Allah SWT ngendika wonten ing al quran:

وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِن شَكَرْتُمْ لَأَزِيدَنَّكُمْ ۖ وَلَئِن كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِى لَشَدِيدٌ

Artosipun: Lan elingna nalika Pengeranira paring sumurup ana ing kitab: satemene menawa sira pada syukur yekti ingsung nambahi nikmat marang sira dene sira kafir yekti siksa ingsung iku banget larane”. (QS.Ibrahim:7)

Syaikh Abdurrahman bin Nashir As Sa’di ngendika: Maksud ayat kasebat: Allah SWT ngendika dumateng umatipun inggih punika maringi pirsa para manungsa lan maringi janji, sinten ingkang syukur yekti Allah SWT nambahi nikmat kasebat. (Taisirul Karimirrahman)

 

2.     Remen Silaturahmi

Margi kaping kalih kagem nggayuh rejeki ingkang mbanyu mili inggih punika kanti remen silaturahmi. Silaturami tegesipun remen ndandosi pasrawungan ingkang sae dumateng tiyang sepuh kekalih, dumateng keluarga, kerabat, sanak kadang, tangga tepalih lan sedaya mitra pitepangan. silaturahmi punika dados sarana gampilipun dalan rejeki kita. Rasulullah SAW ngendika:

 مَنْ أَحَبَّ أَنْ يُبْسَطَ عَلَيْهِ فِي رِزْقِهِ, وَأَنْ يُنْسَأَ لَهُ فِي أَثَرِهِ, فَلْيَصِلْ رَحِمَهُ

Artosipun: “singsapa wonge kepingin djembarake rejekine lan didawakake umure, mula kudune nyambung silaturahmi” (HR.Bukhari).

 

3.     Remen Shadaqah

Margi sak lajengipun kagem nggayuh rejeki ingkang mbanyu mili inggih punika kanti remen shadaqah. Allah ngendika wonten ing al- quran:

مَّثَلُ ٱلَّذِينَ يُنفِقُونَ أَمْوَٰلَهُمْ فِى سَبِيلِ ٱللَّهِ كَمَثَلِ حَبَّةٍ أَنۢبَتَتْ سَبْعَ سَنَابِلَ فِى كُلِّ سُنۢبُلَةٍ مِّا۟ئَةُ حَبَّةٍ ۗ وَٱللَّهُ يُضَٰعِفُ لِمَن يَشَآءُ ۗ وَٱللَّهُ وَٰسِعٌ عَلِيمٌ

Artosipin: Sapane wong kang andanakake bandane ana ing Agamaning Allah iku kaya dene sanepane wiji saelas kang nukulake pitung wuli, ing ndalem sawuline isi satus wiji, Allah iku karsa anikelake ganjaran marang wong kang dadi keparenging karsaNe, lan Allah iku Maha Jembar lan Maha Wikan.” (QS.Al Baqarah: 261)

Wonten setunggal hadits qudsi kanjeng nabi ngendika:

قَالَ اللَّهُ تَبَارَكَ وَتَعَالَى : يَاابْنَ آدَمَ! أَنْفِقْ عَلَيْكَ

Artosipun: Allah ngendika: He anak adam!, infako sira, mula Ingsun bakal Infak (maringi rejeki) marang sira” (HR. Muslim).

Maasyiral muslimin jamaah jumah rahimakumullah

Mila sumangga kita sesarengan tansah nindakaken sedaya pitedah Islam kagem ngupadi panggesangan ingkang sekeca. Mugi- mugi Allah SWT tansah maringi dumateng kita sedaya rejeki ingkang mbanyu mili kagem sarana nggayuh panggesangan ingkang sekeca wonten ing ndunya ngantos dumugi akhirat. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ وُلَاةَ أُمُوْرِنَا، اَللَّهُمَّ وَفِّقْهُمْ لِمَا فِيْهِ صَلَاحُهُمْ وَصَلَاحُ اْلإِسْلَامِ وَالْمُسْلِمِيْنَ اَللَّهُمَّ أَبْعِدْ عَنْهُمْ بِطَانَةَ السُّوْءِ وَالْمُفْسِدِيْنَ وَقَرِّبْ إِلَيْهِمْ أَهْلَ الْخَيْرِ وَالنَّاصِحِيْنَ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ





Download PDF    


 

Post a Comment

أحدث أقدم