Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

METHIK NUGRAHA AWAL DZULHIJJAH

Ust. Sadmonodadi

 

اَلسَّـــلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُاللهِ وَبَرَكَاتُهُ.

الْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ وَالْعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ وَلاَعُدْوَانَ اِلاَّ عَلَى الظَّالِمِيْنَ.  أَشْــهَدُ أَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِ يْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ. وَاَشْــهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَادِقُ الْوَعْدِ اْلأَ مِيْنِ. اَللّهـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى الِهِ وَاَصْحَبِهِ أَجْمَعِيْنَ.

قال الله تَعَالَ : يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

 

Jama'ah Jum'at rahimakumullah!

Wulan Dzulqa'dah sampun meh-meh telas wicalanipun. Saklajengipun kita mlebet ing wulan Dzulhijjah, setunggal saking sekawan wulan ingkang mulya menggahing agami. Kawan wulan kasebat  inggih punika wulan Rajab, Dzulqa’dah, Dzulhijjah lan Muharram.  Allah Subhanahu wa Ta’ala  paring pangandikan ing surah At-Taubah ayat 36 :

إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ذَلِكَ الدِّينُ الْقَيِّمُ فَلَا تَظْلِمُوا فِيهِنَّ أَنْفُسَكُمْ.....

“Temen wilangan sasi ing Ngarsa Dalem Allah itu ana rolas ing dalem pepesthene Allah nalika Piyambake Allah nyipta langit lan bumi. Ing antarane yaiku papat sasi kang suci. Kang mongkono iku agama kang jejeg, mangka aja sira tumindak aniaya ing dalem sasi kang papat iku ......”

Jama'ah rahimakumullah!

Ing wulan Dzulhijjah wonten dinten-dinten ingkang pinilih dening Allah. Dinten ingkang sinebat al-ayyam al maklumat (dinten ingkang sampun dipun mangertosi) punika  kaunggulaken dening  Allah minangka dinten-dinten ingkang paling sae. Ngendika Rasulullah shallallaahu 'alaihi wassalaam :

مَا مِنْ أَيَّامٍ أَعْظَمُ عِنْدَ اللَّهِ وَلَا أَحَبُّ إِلَيْهِ الْعَمَلُ فِيهِنَّ مِنْ هَذِهِ الْأَيَّامِ الْعَشْرِ

Ora ana dina-dina kang luwih Agung Ing Ngarsa Dalem Allah lan amal shalih (kang ditindaake) sajrone dina-dina iku luwih ditresnani Allah kejaba dina kang sepuluh itu (sepuluh dina awal Dzulhijjah)." HR. Ahmad.

Jama'ah Jum'at rahimakumullah!

Netepi pangandikan Allah lan Rasulipun ngajeng, prayogi kita ikhtiar saestu-estu murih saged methik kasaenan sedasa dinten awal Dzulhijjah.  Caranipun kanthi nindaaken sakathah-kathahipun  amal shalih kados ingkang sampun biasa kita tindaaken. Ing antawisipun amal punika nun inggih : shalat wajib lan sunnah, bekti dhumeteng tiyang sepuh, dzikir, sedekah, nderes al-Qur'an, luru ilmu, tetulung dhumateng asanes lan amal shalih sanesipun. Kanthi makaten Insya Allah kita saged nggayuh nugrahaning Allah ingkang agung mahanani tambahing kesaenan gesang kula penjenengan sami donya lan akheratipun.

Jama'ah Jum'at rahimakumullah!

Kejawi  amal shaleh sinebat nginggil, wonten ibadah ingkang anamung saged katindaaken mligi ing awal Dzulhijjah. Syareat nemtoken bilih ibadah-ibadah punika mboten saged katindaaken ing wekdal sanes. Pramila  kita sampun ngantos kecalan ibadah punika lan lirwa ing dalem njagi kaleksananipun.

Amargi amal punika sampun gumathok wekdalipun, para ulama ngendika bilih ibadah-ibadah punika ingkang utami dipun amalaken. Ibadah ingkang anamung saged katindaaken ing awal Dzulhijjah. Amal-amal wau  inggih punika :

Sepisan, nindaaken ibadah haji

Nindaaken ibadah haji mujudaken amalan utami ing wulan Dzulhijjah. Ibadah haji kalebet rukun Islam, kawajibaken dhumateng mukmin ingkang kuwawi (istitha'ah). Ibadah haji punika ageng ganjaranipun.  Saking shahabat Abu Hurairah radhiallahu’anhu, Rasulullah Shallallahu alaihi wa sallam ngendika :

وَالْحَجُّ الْمَبْرُورُ لَيْسَ لَهُ جَزَاءٌ إِلَّا الْجَنَّةُ

 Lan haji mabrur  iku ora ana piwales kejaba swarga"  (HR al-Bukhari dan Muslim).

 Ma'asyiral Muslimin rahimakumullah!

Kaping kalih, nindaaken shiyam Arafah

Shiyam Arafah punika ditindaaken ing tanggal 09 Dzulhijjah tahun Hijriyah. Shiyam Arafah dipun dhawuhaken tumrap muslim ingkang mboten tindak Makkah perlunipun nindaaken ibadah haji. Caranipun kados nindaaken shiyam sanesipun. Shiyam Arafah ageng manfaatipun menggahing muslim. Saking shahabat  Abu Qotadah, Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika,

صِيَامُ يَوْمِ عَرَفَةَ أَحْتَسِبُ عَلَى اللَّهِ أَنْ يُكَفِّرَ السَّنَةَ الَّتِى قَبْلَهُ وَالسَّنَةَ الَّتِى بَعْدَهُ

Pasa Arofah (tanggal 9 Dzulhijjah) bisa ngilangi dosa setahun kepungkur lan setahun kang bakal tumeka. (HR. Muslim no. 1162)

Kaping tiga,  ngathah-athahaken takbir, tahlil lan tahmid

Para ulama ndhawuhaken supados umat Islam sami ngathah-athahaken takbir, tahlil lan tahmid ing kawitan wulan Dzulhijjah.  Allah Ta’ala ngendika :

وَيَذْكُرُوا اسْمَ اللَّهِ فِي أَيَّامٍ مَعْلُومَاتٍ

Lan supaya wong-wong mau nyebut Asmane Allah  ana ing dina kang wus katemtoake". (QS. Al Hajj: 28).

Dipun riwayataken Imam Bukhari bilih Ibnu 'Umar lan Abu Hurairah nate medal tindak pasar ing sedasa dinten awal Dzulhijjah, lajeng kekalihipun ngumandangaken takbir, tiyang kathah   sami niroaken ngucap takbir.

Takbir makaten sifatipun muthlaq ingkang saged kaucap ing sadhengah wekdal lan papan. Wonten ugi takbir ingkang sifatipun muqoyyad, inggih punika takbir ingkang dipun kumandangaken saksampunipun shalat-shalat wajib. Makaten ugi nalikanipun tindak tumuju shalat Adha dipun sunnahaken  takbir kanthi lafadz  Allahu Akbar, Allahu Akbar, Laa ilaha ilallah, walllahu Akbar, Allahu Akbar wa lillahil hamdu".

Ma'asyiral Muslimin rahimakumullah!

Kaping sekawan, nindaaken   shalat Idul Adha

Shalat idul Adha ugi mujudaken  amalan  utami ing wulan Dzulhijjah. Shalat Idul Adha hukumipun sunnah muakadah. Shalat Idul Adha punika mujudaken kafarat dosa menggahing muslim setahun sakderenge lan saksampunipun. Hikmah sanes, shalat Idul Adha ndumugeaken ganjaran ingkang agung kados dene katerangaken ing dalem hadits ngajeng  :

مَا مِنْ أَيَّامٍ أَعْظَمُ عِنْدَ اللَّهِ وَلَا أَحَبُّ إِلَيْهِ الْعَمَلُ فِيهِنَّ مِنْ هَذِهِ الْأَيَّامِ الْعَشْرِ

Ora ana dina-dina kang luwih Agung Ing Ngarsa Dalem Allah lan amal shalih (kang ditindaake) sajrone dina-dina iku luwih ditresnani Allah kejaba dina kang sepuluh itu (sepuluh dina awal Dzulhijjah)."

Kaping gangsal,  inggih punika mragad qurban

Dhawuh kangge mragad qurban kacetha ing al-Kautsar ayat 2 : 

فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ

“mangka padha shalata marang Rabmu  lan padha nindakna qurban".

Mragad khewan qurban punika kasyariataken mboten anamung dhumateng para sugih lan para tiyang ingkang tirah bandhanipun, ananging dhawuh wau katujoaken dhumateng sedaya mukmin-muslim tanpa pilih-pilih; sedaya mukmin kadhawuhan ngedalaken khewan qurban sauger kuwawi nyawisaken. Dene dhumateng mukmin-muslim ingkang kuwawi qurban  ananging mboten kersa nindaaken dhawuhipun Allah punika saenipun migatosaken pangandikanipun Kanjeng Nabi : “fa laa yaqrabanna mushallanaa  aja padha cedhak-cedhak papan shalatku”.

Ma'asyiral Muslimin rahimakumullah!

Estunipun Allah punika sampun paring kathah margi gampil tumrap manungsa kangge nggayuh nugrahanipun Allah. Setunggal saking margi gampil punika nun inggih sok sintena nindaaken amal shaleh ing 10 dinten wulan Dzulhijjah Allah badhe paring ganjaran matikel-tikel . Pramila jama'ah sedaya, mungkasi khutbah punika, khatib ngajak dhumateng kula-panjenengan sami mangga kita paesi dinten-dinten awal Dzulhijjah kanthi nindaaken kathah-kathahipun amal shaleh. Sampun ngantos  sedasa  dinten awal Dzulhijjah punika nilaraken kita sami lan kita mboten pikantuk kasaenanipun.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآياَتِ وَالذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ

Khutbah 2

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْـهَدُ أَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ  وَاَشْـهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى خَاتَمِ اْلأَ نْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.

 إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ. اللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنا دِيْنَنَا الَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنا   وَأَصْلِحْ لنا دُنْيَانا الَّتِي فِيهَا مَعَاشُنَا  وَأَصْلِحْ لنا آخِرَتنا الَّتِي فِيهَا مَعَادُنا    وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَّنَا فِي كُلِّ خَيْرٍ   وَاجْعَلِ الْمَوْتَ رَاحَةً لنا مِنْ كُلِّ شَرٍّ

اللهمَّ ارْزُقْنَا الصَّبْرَ عَلى الحَقِّ   وَالثَّبَاتَ على الأَمْرِ   والعَاقِبَةَ الحَسَنَةَ  والعَافِيَةَ مِنْ كُلِّ بَلِيَّةٍ   والسَّلاَمَةَ مِنْ كلِّ إِثْمٍ   والغَنِيْمَةَ مِنْ كل بِرٍّ   والفَوْزَ بِالجَنَّةِ  والنَّجَاةَ مِنَ النَّارِ   يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. اَللهُمَّ تَقَبَّلْ مِنَّا صَلاَتَنَا وَصِيَامَنَا وَأَعْمَالَنَا وَجَمِيِعَ عِبَادَاتَنَا بِرَحْمَتِكَ يَا أرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.   

رَبَّنا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الاخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ  النار.




Post a Comment

أحدث أقدم