Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

Nggayuh Taqwa Kanthi Ibadah Qurban

Ust. Sadmonodadi

 

اَلسَّـــلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُاللهِ وَبَرَكَاتُهُ.

ا لْحَمْدُ ِللهِ حَقَّ حَمْدِهِ وَنَشْكُرُهُ حَقَّ شُكْرِهِ. أَشْــهَدُ أَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِ يْكَ لَهُ, وَاَشْــهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًاعَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْهَادِىْ بِهِدَايَةِ اللهِ إِلَى صِرَاطِ اللهِ رَبِّهِ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَــلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍوَّعَلَى الِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ.  أَمَّابَعْدُ,

 فَيَا عِبَادَ ا يَااَيُّهَـاالنَّاسُ ! اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ.

قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

 

Jama’ah Jum’at rahimakumullah!

Sedaya pangalembana konjuk dhumateng Allah. Dhumateng Allah kita nyuwun pitulungan, maghfirah lan pitedah. Shalawat saha salam mugi tansah kaparingna dhumateng Rasulullah shallalaahu 'alaihi wassalam, dhumateng keluarganipun, dhumateng para shahabat lan sumrambahipun dhumateng kita sami.

Murwakani khutbah punika, khatib caos wasiat dhumateng jamaah sedaya muriha kita sami taqwa dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala.  Estu nggayuh taqwa punika perkawis penting ing dalem agami. Taqwallah punika mujudaken margi tumuju kamulyaning manungsa. Sok sintena tiyang maesi gesangipun kanthi taqwa mangka saestu piyambakipun badhe dados sasae-saenipun makhluq. Kosok wangsulipun sinten kemawon nilaraken taqwa mring Allah badhe ina gesang donya lan akheratipun. Saestu taqwa mujudaken kalenggahan paling mulya. Inna akramakum ‘indallahi atqaakum .... (temen kang paring mulya ing ngarsane Allah yaiku kang paling taqwa ing antarane sira); makaten pangandikanipun Allah ing ayat 13 saking surah Al-Hujurat. 

Kaum muslimin rahimakumullah!

Miterat para ulama, taqwa nggadhahi pangertosan  fil'lul awamiri wa tarkun nawahi. Tegesipun kalenggahan taqwa punika saged kagayuh kanthi nindaaken kathah-kathahipun kesaenan lan nebihi sedaya perkawis ingkang dipun awisi Allah subhanahu wa ta'ala. Ingkang makaten jumbuh kaliyan pangandikanipun Abu Darda الإيمان يزيد وينقص (Al iimanu yaziidu wa yanqush), iman itu bisa tambah lan bisa kurang. Iman punika tambah ngrembaka kanthi nindaaken lampah thaat (yaziidu bith-thaat) lan badhe suda  imanipun setunggal muslim nalika nindaaken maksiat (yanqushu bil ma'siyat) .

Nyocogi kaliyan keterangan ngajeng, Al-Qur’an paring keterangan bilih wontenipun mawarni-warni ibadah dhumateng  Allah ta’ala  ing dalem Islam punika perlunipun kangge nyithak  manungsa taqwa. Sedaya ibadah kasyareataken murih para mukmin sami tambah taqwanipun. Ngendika Allah ing surah al-Baqarah ayat 21:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اعْبُدُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ وَالَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ

He para manungsa, pada ngibadaha sira kabeh marang Rabb-ira kang wus nyipta sira kabeh lan wong-wong sadurungira supaya sira kabeh padha taqwa”.

Makaten ugi ibadah qurban. Estunipun ibadah qurban punika mujudaken setunggal saking margi-margi tumuju taqwa. Kanthi nindaaken ibadah qurban dipun ajab  setunggal mukmin badhe  tambah taqwanipun.

Kaum muslimun rahimakumullah!

Ananging mboten saben-saben inkang nindaaken qurban badhe nambahi taqwanipun. Kathah para ahli qurban ingkang mboten saged methik kesaenan saking ibadahah qurbanipun. Utawi sinaosa pikantuk kesaenan lan ganjaran mboten trep kaliyan anggenipun rekaos-rekaos nindaaken ibadah qurban.

Lajeng kados pundi setunggal mukmin saged nggayuh taqwa saking ibadah qurbanipun? Murih saged ningkataken drajad taqwanipun, setunggal mukmin kedah ikhtiar saestu nindaaken perkawis-perkawis ingkang dados syarat, rukun lan kasampurnanipun ibadah qurban. Ikhtiar wau ing antawispun :

Sepisan, nindaaken qurban kanthi ikhlas.

Ikhlas punika syarat dipun tampinipun amal. Allah anamung badhe nampi ibadah-ibadah ingkang dipun tindaaken mligi anamung ngudi ridhanipun Allah subhanahu wa ta'ala.  Ngendikanipun Rasulullah shallallahu 'alaihi wassalam :

Innamal  a'malu binniyat wa innama likullimriin ma nawa ... saben-saben amal iku ana niyyate, lan saben-saben perkara iku diaji saka niate.

Ngengini ibadah qurban,  ing dalem surah al-Kautsar ayat 2 wonten keterangan ibadah qurban punika kedah katindaaken anamung kangge ngudi ridhanipun Allah subhanahu wa ta'ala :

فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ

“Mangka padha nindakkna sholat tumuju marang rabbmu; lan padha mbeleha qurban”.

Allah ugi ngendika ing surah al-An,am ayat 162 :

قُلْ إِنَّ صَلَاتِي وَنُسُكِي وَمَحْيَايَ وَمَمَاتِي لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ

“Kandhakna (he Muhammad) : satemene shalatku, nusuk-ku, uripku lan matiku among kanggo Allah, Rabb sakabehing alam".

Ibnu Abas ngendika bilih ingkang dipun maksud nusuk  inggih punika khewan ingkang dipun pragad.

Jama'ah Jum'at rahimakumullah!

Kaping kalih, anggenipun nindaaken ibadah midherek kaliyan sunnah Rasulullah shallallahu 'alaihi wassalam.

Mragad qurban punika mujudaken perkawis ibadah, pramila kedah netepi kaliyan dhawuh agami. Mboten dipun tampi setunggal amal menawi amal wau nyulani kaliyan menapa ingkang dipun dhawuhaken Rasulullah shallallahu 'alaihi wassalam.  Nabi Shallallahu’alaihi Wasallam ngendika,

 مَنْ عَمِلَ عَمَلاً لَيْسَ عَلَيْهِ أَمْرُنَا فَهُوَ رَدٌّ 

Sapa wae nindaake saiji amal kang ora ana tuntunanku saka aku ing perkara iku mangka diemohi (ora ditrima dening Allah)".(H.R. Imam Bukhari lan Imam Muslim)

Ngengingi ibadah qurban, wonten bab-bab ingkang kedah dipun tetepi. Bab-bab punika ing antawisipun ngengingi jinis khewan qurbanipun, ukuran khewan qurbanipun, wekdal mragadipun, ugi tata cara mragad lan angganipun manfaataken daging qurbanipun. Sedaya dhawuh agami ing dalem ibadah qurban punika kedah dipun ikhtiari kanthi saestu murih dipun tampi dening Allah subhaanahu wa ta'ala. Murih saged  ndumugeaken kesaenan lan ganjaran ingkang kathah.

Kaping tiga, nindaaken ibadah kanthi kebak penghayatan.

Ibadah qurban mboten ndumugeaken tambahing taqwa manawi  anamung kalampahan arupi  obahing badan kemawon tanpa penghayatan, tanpa  tadabur. Ibadah   qurban mboten badhe nyebabaken tambahing dewasa rohani setunggal mukmin menawi kalampahan secara badani kemawon : tumbas lembu utawi mendha, dipun pasrahaken panitia lan salajengipun ical saking penggalihan lang pangangen-angen.  

Prayogi sanget menggahing ahli qurban, sami ngantheni obahing badan punika kanthi manahipun, nuntun manah nyarengi obahing badan. Wiwit saking milih khewan qurban ingkang paling bagus, nyerahakan dhumateng panitia kanthi kebak raos ikhlas, mragad piyambak utawi nyekseni  nalika qurban dipun pragad, ugi sareng-sareng panitia ngedum-dumaken daging qurban. Kanthi makaten Insya Allah para ahli qurban pikantuk pengalaman rohani lan saya kathah piwucal ingkang saged ndumugeaken tambahing taqwa ing manah.

Saestu kathah ibrah-ibrah lan hikmah-hikmah  ing dalem ibadah qurban  ingkang saged ngencengaken iman lan ningkataken taqwa. Ing antawisipun hikmah wau inggih punika tambahipun  ikhlas ing dalem ibadah,  tambahing thaat ing dalem ngumawula dhumateng Allah, lan tambah kencenging  pasedherekan dumateng sesami. Sedaya hikmah punika badhe nggampilaken ahli qurban nggayuh derajad taqwa.

Sidang Jum'at rahimakumullah

Nutup khutbah siang punika keparenga khatib ngaturaken ajakan ; mangga kita tindaaken ibadah qurban kanthi kebak raos ikhlas, netepi sunnah-sunnahipun lan ugi ngantheni ibadah qurban punika kanthi manah lan penggalihan. Insya Allah kanthi makaten ibadah qurban kita tahun punika badhe dados ibadah ingkang produktif, ibadah ingkang samsaya ningkataken taqwa lan kualitas rohani kita sami.

Sampun ngantos ibadah ingkang kita tindaaken kanthi rekaos lan mbetahaken bandha ingkang mboten sekedhik punika dados ibadah ingkang lagha ibadah ingkang mboten wonten ganjaranipun sekedhik-kedhika lan mboten nambah taqwa kita sami.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، وَادْعُوْهُ يَسْتَجِبْ

Khutbah 2

 

لْحَمْدُ للهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْـهَدُ أَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ  وَاَشْـهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى خَاتَمِ اْلأَ نْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ.

 رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا لاَ تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

 

 

 




Post a Comment

أحدث أقدم