img : pexels.com

 

Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

Nuladhani Hijrahipun Nabi Muhammad SAW

Ust. Wismanto

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا

وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur sumangga tansah kita kunjukaken dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat dhumateng sedaya umat ipun saengga wonten siang menika kita tansah manggih rahayu, widada nir ing sambekala. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamat.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang menika khatib wasiat sumangga kita tingkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuh lan nebihi laranganipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah manggih kamulyan fidunya wal akhirah. Aamiin.

Jamaah jumah rahimakumullah.

1443 tahun kapengker kanjeng nabi kaderekaken sedaya shabat sami hijrah saking Makkah tumuju Madinah. Hijrah menika mujudaken prastawa agung ingkang kebak piwucal lan hikmah tumrap umat manungsa. Sampun ngendika Allah Ta’ala:

اَلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَهَاجَرُوْا وَجَاهَدُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ بِاَمْوَالِهِمْ وَاَنْفُسِهِمْۙ اَعْظَمُ دَرَجَةً عِنْدَ اللّٰهِ ۗوَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْفَاۤىِٕزُوْنَ

Wong- wong kang padha iman lan hijrah (boyongan) sarta padha nglabuhake bandane lan jiwa ragane ing agamane Allah, wong iku luwih agung pangkate ana ing ngarsaning Allah, lan wong kang mengkono iku yaiku wong kang padha begja” (QS. At Taubah: 20)

Jamaah jumah rahimakumullah.

Tembung hijrah menika kapendet saking bahasa arab at-turku ingkang artosipun nilaraken. Tegesipun nilaraken sedaya perkawis ingkang mboten dipun tresnani Allah SWT. Sinten tiyang saget dipun sebat hijrah menawi  saget nilaraken perkawis awon kadosdene aqidah / kapitadosan ingkang mboten leres, akhlaq / unggah- ungguh ingkang awon. Mila nuladhani hijrahipun nabi Muhammad SAW menika saget pun lampahi kanthi nindakaken kalih perkawis:

Sepisan, hijrah i’tiqadiyah (Hijrah Kapitadosan), inggih menika nilaraken sedaya kapitadosan ingkang mboten leres. Kadosdene pitados menawi wonten ingkang saget paring kawilujengan, kesehatan lan rejeki sak sanesipun Allah. Pitados menawi dukun, paranormal lan jimat-jimat menika saget paring manfaat lan nebihaken saking bebaya. Sedaya kapitadosan menika kedah kita tilaraken amargi ingkang saget paring manfaat lan mudlarat menika namung Allah SWT. Ngendika Allah :

وَلَا تَدْعُ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ مَا لَا يَنْفَعُكَ وَلَا يَضُرُّكَ ۚفَاِنْ فَعَلْتَ فَاِنَّكَ اِذًا مِّنَ الظّٰلِمِيْنَ

lan sira aja padha manembah marang saliyane Allah kang ora bisa paring manfaat lan mudlarat, menawa sira nindakake larangan iku mula sira kalebu wong kang nganiyaya” (QS.Yunus:106)

Kaping kalih, Hijrah Sulukiyah (Hijrah Unggah- ungguh), inggih menika nilaraken sedaya unggah- ungguh awon ingkang nerak paugeran agami. Sedaya unggah- ungguh awon ingkang katindakaken dening lisan lang badan kedah pun tilaraken. Kadosdene mitnah, adu-adu, goroh, misuh-misuh. Ugi tumindak awon sanesipun kadosdene duraka marang  tiyang sepuh, colong jupuk, korupsi, lan sedaya lampah awong ingkang nalisir saking paugeran islam. Sampun ngendika kajeng Nabi SAW:

إِنَّ خِيَارَكُمْ أَحَاسِنُكُمْ أَخْلَاقًا

 “Satemene wong kang paling becik saka sira kabeh yaiku kang paling bagus akhlake (unggah- ungguhe)” (HR. Bukhari;6035)

Jamaah jumah rahimakumullah.

Mila sumangga kita sesarengan nuladhani hijrahipun kanjeng nabi lan para shahabat kanthi nindakaken hijrah i’tiqadiyah lan hijrah sulukiyah. Mugi kanthi menika kita kagolong tiyang- tiyang ingkang begja panggesanganipun wonten ing dunya lan akhirat. Aamiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌوَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ وُلَاةَ أُمُوْرِنَا، اَللَّهُمَّ وَفِّقْهُمْ لِمَا فِيْهِ صَلَاحُهُمْ وَصَلَاحُ اْلإِسْلَامِ وَالْمُسْلِمِيْنَ اَللَّهُمَّ أَبْعِدْ عَنْهُمْ بِطَانَةَ السُّوْءِ وَالْمُفْسِدِيْنَ وَقَرِّبْ إِلَيْهِمْ أَهْلَ الْخَيْرِ وَالنَّاصِحِيْنَ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

 

Silahkan download dan sebarluaskan naskah khutbah jum'at singkat bahasa  Jawa format PDF melalui tautan link berikut:



Download PDF 

Post a Comment

أحدث أقدم