Teks Khutbah  Idul Adha 1443Bahasa Jawa

Mendhet Piwucal
Saking Ibadah Qurban

Ust. Sadmonodadi
 

اَلْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِيْ جَعَلَنَا مِنْ عِبَادِهِ المُؤْمِنِيْنَ. اَشْـهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ هَدَى مَنْ شَـاءَ اِلىَ الصِّـرَاطِ الْمُسْـتَقِيْمِ, وَاَشْـهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ خَيْرُ دَاعٍ اِلَى الطَّـرِيْقِ الْقَوِيْمِ. اَللّهُـمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ألِهِ وَ أَصْحَابِهِ  وَ بَارِكْ وَسَلِّمْ. اَمَّابَعْدُ : يَااَيُّهَـا النَّاسُ ! اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ.   قَالَ تَعَالَى: وَتَعَاوَنُوا عَلَى الْبِرِّ وَالتَّقْوَى وَلَا تَعَاوَنُوا عَلَى الْإِثْمِ وَالْعُدْوَانِ.

Allahu Akbar, Allahu Akbar. Laa Ilaha Illa Allahu Allahu Akbar, Allahu Akbar Walillahilhamd.

Jamaah Ied rahimakumullah,

Syukur lan pangalembana kita kunjukaken dhumateng Allah subhanahu wa ta’ala, kita sami sampun kaparengaken manggihi dinten Adha, dinten ingkang kamulyaaken dening Allah.  Ngendika Kanjeng Rasul  shallallâhu ‘alaihi wa sallam

أَعْظَمُ الأَيَّامِ عِنْدَ اللَّهِ يَوْمُ النَّحْرِ ثُمَّ يَوْمُ الْقَرِّ

“Dina kang paling Agung ing Ngarsane Allah yaiku dina An-Nahr  ) dina Adha)  sabanjure dina Al-Qarr”. (HR. Abu Daud)

Idul Adha langkung utami tinimbang dinten-dinten sanes awit ing dinten Adha kasyari’ataken mapinten-pinten ibadah : sholat id, mragad khewan qurban, kautamen ing dalem 10 dinten ing awal Dzulhijjah saha kautamenipun wekdal lan papan   tumraping sedherek-sedherek kita ingkang nindaaken ibadah haji.  Mugi-mugi Allah ndadosaken Adha ing tahun punika pinangka wasilah tumrap tumuruning kabegjan ingkang kebak rahmat tumrap kula panjenengan sami.

Allahu Akbar, Allahu Akbar Kabiira!

Kaum muslimin ingkang minulya.

Dipun wastani Idul Adha awit tanggal 10 Dzulhijjah (lan ayyaamut-tasyriq) punika dipun syariataken dening agami pinangka  dinten mragad khewan qurban. Mragad khewan qurban punika kasyariataken mboten anamung dhumateng para sugih lan para tiyang ingkang tirah bandhanipun, ananging dhawuh wau katujoaken dhumateng sedaya mukmin-muslim tanpa pilih-pilih; sedaya mukmin kadhawuhan ngedalaken khewan qurban sauger kuwawi nyawisaken. Ngendika Allah ing dalem surah al-Hajj ayat 34 :

وَلِكُلِّ أُمَّةٍ جَعَلْنَا مَنْسَكًا لِيَذْكُرُوا اسْمَ اللَّهِ عَلَى مَا رَزَقَهُمْ مِنْ بَهِيمَةِ الْأَنْعَامِ فَإِلَهُكُمْ  إِلَهٌ وَاحِدٌ فَلَهُ أَسْلِمُوا وَبَشِّرِ الْمُخْبِتِينَ

"Lan tumrap saben-saben umat wus Ingsun dhawuhake mbeleh (khewan) kurban, supaya wong-wong mau padha nyebut asmane Allah ing atase khewan rajakaya kang wus Allah paringake marang wong-wong mau, mangka Pangeranmu yaiku Pangeran Kang Maha Tunggal, mula pada pasrahna awakira marang  Allah. Lan padha paringana (he Muham-mad) kabar seneng marang wong-wong kang sumarah marang Allah”.

Dhumateng kula panjenengan sami ingkang dereng karejeken  kangge nyawisaken khewan kurban mboten perlu khawatir, saestu  Allah Maha Wicaksana. Dene dhumateng mukmin-muslim ingkang kuwawi qurban  ananging mboten kersa nindaaken dhawuhipun Allah punika saenipun migatosaken pangandikanipun Kanjeng Nabi “fa laa yaqrabanna mushallanaa“ …  aja padha cedhak-cedhak papan sholatku”.

Allahu Akbar, Allahu Akbar Kabiira!

Jama’ah Ied rahimakumullah!

Kados dene kewajiban agami sanesipun, syariat qurban ngemu mapinten-pinten ibrah. Ing antawis piwucalipun  inggih punika :

Sepisan, ibadah qurban punika mujudaken cara syukuripun kawula dhumateng Allah SWT.

Saestu Allah SWT sampun paring nikmat ingkang kathah dhumateng manungsa. Kathah tanpa saged kacacah ( laa tuhsuha). Pramila sampun sakmesthipun manungsa punika ngunjukkaken syukur dhumateng Dzat Ingkang Maha Peparing. Caranipun ing antawasipun kanthi nindaaken shalat lan mragad qurban … fashalli lirabbika wanhar.

Kaping kalih, qurban punika nyaketaken manungsa dhumateng Allah lan dhumateng sesami

Tembung qurban ndherek mufassir Quraish Shihab, kapendhet saking basa Arab qurbān. Kedadosan saking tembung qurb ingkang nggadhahi pangertosan ‘caket’ kanthi imbuhan ān ingkang artosipun ‘sampurna’,  sahengga kurban punika ngemu pangertosan ‘caket ingkang sampurna’. Panci,  ibadah qurban punika badhe mbekta dhumateng muk-min-muslim ingkang nindaaken langkung cumaket dhumateng Allah SAW. Langkung sregep menembah dhumateng Allah, langkung gampil nindaaen kesaenan, langkung remen tetulung lan weweh dhumateng asanes. Cekakipun dipun paringi gampil anggenipun nindaaken lampah ibadah.

Sedaya hikmah punika saged dipun pethik manawi anggenipun ngedalaken ibadah qurban katindaaken kanthi ikhlas lan kebak raos taqwa. Awit saestu ingkang dipun kersaaken Allah punika taqwa-nipun mukmin-muslim: sanes daging qurban, sanes ugi rahipun. Ngendika Allah  ing dalem surah al Hajj ayat 37 :

لَنْ يَنَالَ اللَّهَ لُحُومُهَا وَلَا دِمَاؤُهَا وَلَكِنْ يَنَالُهُ التَّقْوَى مِنْكُمْ …..

Daging-daging unta lan getihe ora bakal tumeka marang Ingsun, ananging taqwanira kang bakal tumeka . . . “

Kaum muslimin rahimakumullah

Mboten ngemungaken cumaket dhumateng Allah SWT. (habluminallah), ibadah qurban badhe nyaketaken pribadi muslim dhumateng asanes (hablumminannas). Daging-daging ingkang dipun dum-dumaken badhe nyaketan manah-manahipun mukmin-muslim ingkang kagungan kaliyan mukmin-muslim ingkang kekirangan. Tresna-tinresnan ing antawisipun mukmin-muslim badhe ngencengaken pasedherekan ingkang tundhon-ipun badhe mbekta dhumateng kawontenan ayem tentrem ing dalem masyarakat; sahengga badhe langkung nggampilaken nggayuh cita-cita gesang kemsyarakatan nun inggih masyarakat ingkang baldatun thayyibatun wa rabbun ghafur.

Allahu Akbar, Allahu Akbar Kabiira!

Jama’ah Ied rahimakumullah!

Piwucal ingkang kaping tiga, ibadah qurban punika nglatih kesabaran.

Nindaaken ibadah punika mbetahaken pangorbanan saking kawula ; tenaga wekdal lan ugi arta bandha. Sedaya punika merlokaken kesabaran. Sabar ing dalem thaat dhumateng Allah.

Makaten ugi  ibadah qurban. Ibadah qurban mbetahaken kesabaran.   Panci estu, nyisihaken arta bandha kangge perlunipun akathah mboten perkawis gampil. Sebabipun : sepisan, manungsa nggadhahi nafsu andarbeki arta bandha; kaping kalah wonten syetan ingkang tansah ngalang-alangi manungsa tumindak sae.  Amargi nafsu lan panggidhanipun syetan, kathah-kathahipun manungsa mboten  kersa dermaaken arta bandhanipun ing  marginipun Allah.

Panggodhanipun syetan samsaya awrat ing jaman ingkang materialistik punika. Nalika sukses gesangipun manungsa dipun ukur saking arta bandha ingkang saged dipun kempalaken, mangka kathah kathahipun manungsa gething ngedalaken derma. Sekedhik tiyang ingkang remen weweh, langkung kathah ingkang remen nyenyuwun lan langkung kathah malih ingkang remen ngrebat hakipun sanes.

Allahu Akbar Walillahilhamd.

Jama’ah Id Rahimakumullah.

Mungkasi khutbah punika kula mengemutaken dhumateng kula lan panjenengan jama’ah Id ingkang kula tresnani; estunipun swarga jannatun naim punika papanipun tiyang-tiyang ingkang remen weweh, sanes papanipun tiyang-tiyang ingkang remen nyuwun dhumateng asanes. Sanes ugi papanipun tiyang-tiyang ingkang remen ngrebat hakipun asanes.

Mangga kita sami ndedonga sesarengan :

بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيم, الْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ, اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى خَاتَمِ اْلأَ نْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا.

Duh Allah, Mugi kersa Paduka paring pitulungan dhumateng kawula sami, awit saestu Paduka punika sasae-sae Dzat ingkang paring pitulungan. Mugi kersa Paduka menangaken  kawula, awit saestu Paduka punika sasae-sae Dzat ingkang paring kemenangan. Mugi kersa Paduka paring pangapunten  dhumateng kawula sami, awit saestu Paduka punika sasae-sae Dzat ingkang paring panganpunten. Mugi kersa Paduka paring rahmat dhumateng kawula sami, awit saestu Paduka punika sasae-sae Dzat ingkang paring rahmat. Mugi kersa Paduka paring rizki dhumateng kawula sami, awit saestu Paduka punika sasae-sae Dzat ingkang paring rizki. Mugi kersa Paduka paring pitedah lan parig wreksa dhumateng kawula, saking kaum ingkang dzalim lan kafir.

Duh Allah, mugi panjengan kepareng nyaeaken agami kawula, amargi punika tameng sedaya urusan kawula.  Mugi panjengan kepareng nyaeaken donya kawula pinangka papan gesang kawula. Mugi panjengan kepareng nyaeaken akhirat kawula ingkang badhe dados papan kawula wangsul. Mugi panjengan kepareng ndadosaken gesang kawula ingkang taksih pinangka tambahan kesaenan tumrap kawula lan ndadosaken pejah kawula pinangka uwal kawula saking sedaya piawon.

Duh Allah, mugi Paduka kersa maringi kawula raos ajrih dhumateng Paduka ingkang saged nebihaken antawis kawula kaliyan tumindak maksiat dhumateng Paduka, lan gampilna kawula thaat dhumateng Paduka ingkang badhe nglantaraken kawula tumuju swraga Paduka. Mugi Paduka kerja paring kapitadosan manah ingkang badhe ndadosaken sedaya musibah donya karaos entheng tumrap kawula sami. Lan sampun Paduka dadosaken musibah tumrap kawula ing dalem urusan agama kawula lan sampun paduka dadosaken donya punika pinangka pepenginan  paling ageng lan puncak saking ilmu kawula. Lan sampun ndadosaken tiyang ingkang nguwaosi kawula saking tiyan-tiyang ingkang mboten melasi kawula.

Duh Allah, mugi kersa Paduka paring pangapunten dhumateng dosa-dosanipun muslim jaler lan estri, mu’min jaler lan estri sae ingkang taksi gesang lan ingkang sampun tilar dona.  Saestu paduka Dzat ingkang Maha Midhanget, Maha Caket lan Maha Ngabulaken do’a.

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ، وَسُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.

 

Silahkan download dan sebarluaskan naskah khutbah Idul Adha 1443 H ini melalui tautan link berikut:



Post a Comment

أحدث أقدم