source : pexels.com

Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

Cara Sukses Nggulawentah Putra

Ust. Sadmonodadi

 

اَلسَّـــلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُاللهِ وَبَرَكَاتُهُ.

اَلْحَمْدُ ِللهِ حَقَّ حَمْدِهِ وَنَشْكُرُهُ حَقَّ شُكْرِهِ. أَشْــهَدُ أَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِ يْكَ لَهُ, وَاَشْــهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًاعَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْهَادِىْ بِهِدَايَةِ اللهِ إِلَى صِرَاطِ اللهِ رَبِّهِ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَــلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍوَّعَلَى الِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.  أَمَّابَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ! أُوْصِيْكُمْ وَاِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.

 

Jama’ah Jum’at ingkang bagya mulya!

Mangga kita ngunjukaken syukur dhumateng Allah sesarengan kaliyan lumeberipun nikmat-Ipun Allah. Shalawat saha salam mugi tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW, dhumateng keluarganipun, dhumateng para sahabat lan sumrambahipun dhumateng para pendherekipun ngantos akhir zaman.

Kaum muslimin rahimakumullah!

Saben-saben tanggal 23 Juli masyarakat Indonesia mengeti dinten Anak Nasional. Pengetan punika ngemutaken perlunipun njamin hak-hakipun putra lan ngemutaken tanggel jawabibun tiyang sepuh kangge nyawisaken sedaya ingkang dipun perloaken kangge kesaenan masa depan para putra.  Pengetan punika ugi ngemutaken ngengingi kewajiban lan tanggung jawab anak dhumateng tiyang sepuh, masyarakat, bangsa lan negari. 

Jama'ah Jum'at rahimakumullah!

Ing dalem Islam, putra mujudaken rahmat-Ipun Allah dhumateng manungsa. Dipun sebat ing surah al-Kahfi ayat 46 bilih putra punika pepaes donya :

اَلۡمَالُ وَ الۡبَـنُوۡنَ زِيۡنَةُ الۡحَيٰوةِ الدُّنۡيَا‌ 

"Arta-bandha lan anak-anak iku mujudake pepaes urip ing donya".

Ing dalem ayat 74 saking surah al-Furqan kaserat bilih putra menggahing kulawargi mujudaken setunggal ingkang endah ing paningal (qurrata a'yun).

Mboten ngemungaken ngremenaken lan damel gumbira ing donya, putra ugi ndumugeaken kesaenan tumrap tiyang sepuh ing akherat samangke.  Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika :

إِذَا مَاتَ الْإِنْسَانُ انْقَطَعَ عَنْهُ عَمَلُهُ إِلَّا مِنْ ثَلَاثَةٍ إِلَّا مِنْ صَدَقَةٍ جَارِيَةٍ أَوْ عِلْمٍ يُنْتَفَعُ بِهِ أَوْ وَلَدٍ صَالِحٍ يَدْعُو لَهُ

"Menawa sawiji wong tinggal donya, mangka kabeh amale bakal pedhot kejaba telu perkara yaiku sedekah jariyah, ilmu kang manfaat lan anak shalih kang ndongaake wong tuwane". (HR. Muslim: 1631).

Ing dalem hadits riwayat Imam Ahmad dipun kabaraken bilih samangke ing akhirat wonten kawula-kawula ingkang ta'ajub amargi kapapanaken ing papan ingkang inggil kamangka rumaosipun amalipun mboten sepintena.  Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika :

إِنَّ اللَّهَ عَزَّ وَجَلَّ لَيَرْفَعُ الدَّرَجَةَ لِلْعَبْدِ الصَّالِحِ فِي الْجَنَّةِ فَيَقُولُ يَا رَبِّ أَنَّى لِي هَذِهِ فَيَقُولُ بِاسْتِغْفَارِ وَلَدِكَ لَكَ

“Saktemene Allah ta'ala bakal ngangkat drajate sawiji kawula kang shalih ing swarga. Sabanjure dheweka bakal pitakon, : Duh Rabb kawula, kados pundi ingkang makaten saged kedadosan tumrap kawula?. Mangka Allah paring pangandikan, "Kang mankono iku amarga do'a kang diaturake dening anakmu supaya salah lan luputmu diapura".

Lan mboten anamung do'a kemawon ingkang saged ndumugeaken kesaenan tumrap tiyang sepuh, malah-malah sedaya amal shalih putra kesaenanipun badhe ugi badhe dipun tampi dening tiyang sepuhipun. Ingkang punika amargi sedaya ingkang dipun amal shalihipun putra  punika wonten andil saking tiyang sepuhipun, 

Jama'ah Jum'at rahimakumullah!

Ananging mboten saben-saben putra punika ujug-ujug badhe damel bagya lan gumbiranipun tiyang sepuh. Kathah putra ingkang ndumugeaken piawon lan panandhang dhumateng tiyang sepuh : donya lan akhiratipun.  Putra-putra makaten inggih punika putra ingkang duraka dhumateng Allah lan duraka dhumateng tiyang sepuh. Lare-lare wau langkung remen nindaaken maksiyat tinimbang niti margi thaat.  

 

Jama'ah Jum'at rahimakumullah!

Murih putra-putra saged dados lare shalih lan ndumugekaken kesaenan dhumateng tiyang sepuhipun, Allah paring dhawuh dhumateng sedaya tiyang sepuh supados nggulawentah putranipun kanthi sae. Allah ta’ala ngendikan ing surat At Tahrim ayat  6 :

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا قُوا أَنْفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَارًا وَقُودُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ

“He wong-wong kang padha iman, jaganen awakmu lan kulawargamu saka geni neraka kang urub-urube kedadeyan saka manungsa lan watu".

Shahabat Ali bin Abi Thalib radhiyallahu ‘anhu nalikanipun paring tafsir  quu anfusakum wa ahliikum naaran (jaganen awakmu lan kulawargamu saka geni neraka) ngendika :

عَلِّمُوْا أَنْفُسَكُمْ وَأَهْلِيْكُمْ خَيْرًا

 Ajarana awakmu lan keluargamu kanthi kebecikan". (Dipun riwayataken dening Al-Hakim)

Wigatosing pendidikan tumrap lare ugi dipun tandhesaken dening Rasulullah  shallallahu ‘alaihi wa sallam.  Ing dalem  hadits Al-Hakim Rasulullah ngendika :

مَا نَحَلَ وَالِدٌ وَلَدَهُ أَفْضَلَ مِنْ أَدَبٍ حَسَنٍ

“Ora ana paweh kang luwih utama saka wong tuwa marang anake kejaba penggulawentah kang becik".

 Kaum muslimin rahimakumullah!

Nggulawentah lare temtu mujudaken pedamelan ingkang awrat. Ing khutbah siang punika badhe kaaturaken sawatawis margi ingkang saged mbiyantu  murih kasilipun panggulawentah dhumateng lare. Ing antawipun margi wau inggih punika :

 

Sepisan, mucalaken  ilmu agami dan ilmu kadonyan.

Mucalaken ilmu agami mujudaken pendidikan utami menggahing lare. Kados ingkang sampun kita mangertosi, hukum nyinau ilmu agami (ilmu syar’i) punika mujudaken kewajiban tumrap sedaya muslim (fardhu ‘ain). Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam,

طَلَبُ الْعِلْمِ فَرِيضَةٌ عَلَى كُلِّ مُسْلِمٍ

”Ngudi ilmu agama iku wajib mungguhing saben-saben musli".(HR. Ibnu Majah) 

Nggulawentah lare kanthi sae lan sabar murih lare-lare wau mangertos lan nresnani Allah, Dzat ingkang nyipta lare-lare wau lan sedaya alam. Mucal lare murih kenal lan nresnani Rasulullah shallallaahu ‘alaihi wa sallam, ingkang ing dalem pribadhinipun Nabi wonten tuladha mulya. Mucal lare murih mangertosi lan faham agami perlunipun dipun amalaken : mucalaken tauhid, mucalaken sholat lan ibadah tuwin akhlaqul karimah

Sasanesipun ilmu syar'i, lare ugi kedah dipun sangoni kanthi ilmu donya. Ingkang makaten amargi ilmu-ilmu donya punika dipun betahaken kangge makmuripun manungsa lan nggampilaken gesangipun manungsa; sae gesang pribadi, kulawarga, umat Islam lan sedaya manungsa. Ingkang kedah dipun fahamaken inggih punika nalikanipun nyinau ilmu-ilmu donya punika kedah dipun niyati kangge ndumugeaken manfaat dhumateng muslimin lan kangge ningkataken derajatipun umat Islam.

 Jama'ah Jum'at rahimakumllah!

Kaping kalih, paring tuladha sae

Lare-lare punika remenipun tiru-tiru. Lare-lare wau ningali tiyang sepuh punika pinangka tuladha. Pramila murih lare-lare saged dados sae, tiyang sepuh kedah saged dipun tuladha kesaenanipun.

Nggulawentah kanthi paring tuladha langkung numusi tinimbang anamung wicantenan. Ingkang makaten nyocogi kaliyan ungel-ungel ing basa Arab "Lisanul hal, afdholu min lisanil maqal – tumindak iku luwih numusi tinimbang pangucap".

Wigatosing tiyang sepuh dados tuladha menggahing lare ugi dipun ngendikaaken  Allah ta’ala ing dalem  pangandikanipun :

ذُرِّيَّةً بَعْضُهَا مِنْ بَعْضٍ وَاللَّهُ سَمِيعٌ عَلِيمٌ

“Anak turun iku sabageyane mujudake turun saka liyane". (Q.S. Ali Imran: 34).

Tegesipun tiyang sepuh ingkang sae badhe ngasilaken  turun ingkang sae ugi.

 

Jama'ah Jum'at Rahimakumullah!

Kaping tiga, milihaken lingkungan ingkang sae.

Pepenget perlunipun milih lingkungan ingkang sae kanggenipun lare sampun dipun dhawuhaken dening Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ing dalem hadits ingkang dipun riwayataken Imam Abu Dawud, Imam At-Tirmidzi, Imam Ahmad dan Imam al-Hakim :

اَلرَّجُلُ عَلَى دِيْنِ خَلِيْلِهِ، فَلْيَنْظُرْ أَحَدُكُمْ مَنْ يُخَالِلُ

 Sawiji wong iku gumantung marang amaga kancane. Mula prayoga padha digateake karo sapa dheweke kekancan".

Lingkungan makaten nglimputi lingkungan kulawargi, lingkungan rerencang ugi lingkungan sekolah.

Jama'ah Jum'at rahimakumullah!

Kaping sekawan, tansah ndedonga kangge kesaenan putra.

Nggulawentah punika mujudaken ihktiaripun manungsa ndadosaken anak shalih. Ananging ingkang kuwaos ndadosaken kawontenan sae punapa mbotenipun inggih punika Allah subhanahu wa ta'ala. Mangka prayogi tiyang sepuh sami nyenyuwun dhumateng Allah murih dipun gampilaken. Saestu do'a tiyang sepuh kangge kesaenan putra punika mustajabah. Saking shahabat Anas bin Malik radhiallahu’anhu, Rasulullah Shallallahu’alaihi wa sallam ngendika:

ثَلاَثُ دَعَوَاتٍ لاَتُرَدُّ دَعْوَةُ الْوَالِدِ وَدَعْوَةُ الصَّائِمِ وَدَعْوَةُ الْمُسَافِرِ

Ana telu do'a tak ora ditolak :  doane  wong tua (kanggo anake), dongane wong pasa, lan  dongane wong kang lagi lelungan ” (HR. Al Baihaqi)

Ing antawisipun do'ado'a ingkang sae ingkang sinebat ing Qur'an inggih punika :

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

 “… Yaa Rabb kawula, mugi panjenengan kersa ndadosaken pasangan kawula lan anak turun kawula sami minangka panglipur manah kawula, lan dadosna kawula sami minangka pimpinan tiyang-tiyang ingkang taqwa" .[QS. Al-Furqaan ayat 74]

Jama'ah Jum'at rahimakumullah!

Estunipun putra punika investasi donya lan akhirat. Sok sintena sukses ing dalem ndidik putranipun, piyambakipun badhe pikantuk kabahagyan donya lan kesaenan geasang ing akhirat. Kosok wangsulipun sok sintena gagal ing dalem ndidik putranipun, tiyang wau ing donya badhe nampi kathahing pannandhang -  ing akhirat badhe pikantuk siksa awit lampah awon putranipun.

Mugi-mugi Allah kepareng ndadosaken putra-putri kula penjenengan sami sarta lare-lare bangsa Indonesia sae lair-batosipun.

أَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ الَّذِيْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ هُوَ الْحَيُّ الْقَيُّوْمُ وَأَتُوْبُ إِلَيْهِ.

Khutbah II

اَلْحَمْدُ ِللهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْـهَدُ أَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ  وَاَشْـهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى خَاتَمِ اْلأَ نْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.

 إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

 اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ. اللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنا دِيْنَنَا الَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنا   وَأَصْلِحْ لنا دُنْيَانا الَّتِي فِيهَا مَعَاشُنَا وَأَصْلِحْ لنا آخِرَتنا الَّتِي فِيهَا مَعَادُنا وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَّنَا فِي كُلِّ خَيْرٍ وَاجْعَلِ الْمَوْتَ رَاحَةً لنا مِنْ كُلِّ شَرٍّ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا.

اَللهُمَّ تَقَبَّلْ مِنَّا صَلاَتَنَا وَصِيَامَنَا وَأَعْمَالَنَا وَجَمِيِعَ عِبَادَاتِنَا بِرَحْمَتِكَ يَا أرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.   

رَبَّنا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الاخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ  النار.

سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. وَصَلَّى اللهُ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ. وَأَقِمِ الصَّلاَةَ.

 

Silahkan download dan sebarluaskan naskah khutbah jum'at singkat bahasa  Jawa format PDF melalui tautan link berikut:



Download PDF 

Post a Comment

أحدث أقدم