Teks Khutbah Singkat Idul Adha 1443 H / 2022 M
Bahasa Jawa
Nuladhani Nabi Ibrahim Alaihissalam
Ust. Wismanto
وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ
اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ
إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى
نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ
الدِّيْنِ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ
آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ
أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ
h idul adha rahimakumullah
Puji syukur
sumangga tansah kita kunjukaken dumateng Allah Ta’ala ingkang sampun paring
kenikmatan dumateng sedaya umat ipun saengga wonten enjang puniko kita saget nindakaken ibadah
shalat idul adha 1443 H kanti manggih rahayu, widada nir ing sambekala. Shalawat ugi salam
mugi tansah katetepaken dumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamat.
Wonten kesempatan punka khatib berwasiat sumangga kita tansah njagi taqwa,
amargi namung taqwa margi ingkang saget nylametaken panggesangan kita wonten
dunya lan akhirat.
Maasyiral muslimin jamaah idul adha
rahimakumullah
Dinten idul adha ngemutaken kita dumateng
setunggal kawula lan utusanipun Allah subhanahu wata’ala ingkang utama,
inggih punika nabi Ibrahim Alaihissalam. Nabi Ibrahim Alaihissalam
punika bapanipun para nabi lan rasul. Lampah gesangipun nabi Ibrahim katah
kaserat wonten ing ayat al- quran. Asmanipun nabi Ibrahim ugi asring kita sebat
wonten ing ibadah salat kita. Sedaya kala wau bukti bilih nabi Ibrahim
mujudaken kawulanipun Allah subhanahu wata’ala ingkang kagungan katah
kautaman. Allah subhanahu wata’ala paring pangandikan wonten ing al-
quran:
قَدْ
كَانَتْ لَكُمْ اُسْوَةٌ حَسَنَةٌ فِيْٓ اِبْرٰهِيْمَ وَالَّذِيْنَ مَعَه
Artosipun:” Yekti Ibrahim lan para
pendereke iku dadi suri- tuladhan tumrap sira kabeh . . .(QS- Al
Mumtahanah:4)
Maasyiral
muslimin jamaah idul adha rahimakumullah
Mila wonten mimbar khutbah idul adha enjing punika khatib ngajak
sumangga kita sesarengan mendet piwucal utama saking panggesanganipun nabi
Ibrahim Alaihissalam
1. Taat dumateng Allah subhanahu wata’ala
Nabi Ibrahim
mujudaken kawula ingkang utama awit sanget anggenipun taat dumateng Allah subhanahu
wata’ala. Sinaoso Ibrahim dipun lahiraken lan dipun gulawentah wonten ing
kulawarga lan masyarakat ingkang mboten iman dumateng Allah subhanahu
wata’ala ananging mboten saget ngalang-alangi iman lan ketaatanipun Ibrahim
dumateng Allah subhanahu wata’ala. Allah subhanahu wata’ala
ngendika wonten ing al-quran:
قُلْ إِنَّ صَلَاتِى وَنُسُكِى وَمَحْيَاىَ
وَمَمَاتِى لِلَّهِ رَبِّ ٱلْعَٰلَمِينَ
Artosipun: “Kandakna, satemene shalatku lan ibadahku,
lan pati uripku iku mung ndak pasrahake marang Allah, Pangerane alam sakalir
“ (QS Al Anam 162)
Miterat tafsir
Al- Muyassar ayat punika ngisahaken nalikanipun Ibrahim ningali srengene
ingkang rikala semanten srengege dados sesembahan warga masyarakatipun.
Tegesipun Ibrahim tetep taat dumateng Allah lan tetep manembah, dedhepe sarta
ngeggungaken lan ngluhuraken dawuh- dawuhipun Allah subhanahu wata’ala.
2.
Sabar nampi
pacoben
Ibrahim a.s sampun wongsal- wangsul pikantuk pacoben
saking Allah subhanahu wata’ala kawiwitan saking bapanipun ingkang
mboten purun iman dumateng Allah subhanahu wata’ala. Ugi pacoben dangu
sanget ing ndalem ngantu- ngantu lahiripun putra. Kalajenganken pacoben dipun
dawuhi mragat putranipun, lan tasih katah pacoben sanesipun. Ananging sedaya
kalau wau dipun tampi kanthi sabar lan ikhlas sahingga Allah maringi ganjaran
ingkang agung dumateng nabi Ibrahim a.s injih punika dipun dadosaken
“Khalilullah” kekasihipun Allah subhanahu wata’ala. Allah ngendika
wonten ing al- quran:
سَلَٰمٌ عَلَىٰٓ إِبْرَٰهِيمَ ( 109) كَذَٰلِكَ نَجْزِى ٱلْمُحْسِنِينَ ( 110) إِنَّهُۥ مِنْ عِبَادِنَا ٱلْمُؤْمِنِينَ( 111)
Artosipun: “ Keslametan kaparingake marang Ibrahim.
Kaya mengkono uga ingsun paring ganjaran marang wong wong kang becik tumindake.
Satemene Ibrahim iku golongane kawulaningsun kang iman. “ (QS.As Shaffat:
109-111).
3. Ngabdi wonten
ing margi ingkang leres
Saksampunipun Ibrahim a.s
pirsa margi ingkang leres, Ibrahim Alaihissalam mboten mendel kemawon, ananging
lajeng ngajak kulawarga, sanak kadang lan sedaya warga masyarakatipun lumampah
wonten margi ingkang leres kasebat. Ibrahim a.s ngajak sedaya warga nindakaken
pangibadahan dumateng Allah subhanahu wata’ala. Ibrahim ngajak warganipun
supados nindakaken sedaya dawuhipun Allah lan nilaraken sedaya laranganipun
Allah. Ibrahim a.s ugi mimpin warga masyarakatipun tumuju tatanan masyarakat
ingkang utama. Saengga masyarakat ingkang dipun pimpin Ibrahim estu saget dados
masyarakat ingkang makmur sejahtera. Punika kados doanipun nabi Ibrahim ingkang
kaserat wonten ing al- quran:
وَاِذْ قَالَ اِبْرٰهٖمُ رَبِّ اجْعَلْ هٰذَا بَلَدًا
اٰمِنًا وَّارْزُقْ اَهْلَهٗ مِنَ الثَّمَرٰ تِ مَنْ اٰمَنَ مِنْهُمْ بِاللّٰهِ
وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِۗ
Artosipun: “ Lan nalika Ibrahim munjuk nenuwun: “Dhuh
Pengeran kawula, mugi Paduka karsa andadosaken nagari punika nagari ingkang
tata- tentrem, saha mugi tansah paring sawarnining woh wohan dhumateng tetiyang
ing ngriku sintena kemawon ingkang iman dumateng Allah lan dinten akhir. . . “
(QS Al- Baqarah: 126).
اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ
اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ
Maasyiral
muslimin jamaah idul adha rahimakumullah
Mugi
kita sedaya kadadosaken kawula ingkang saget nuladhani kanjeng nabi Ibrahim Alaihissalam
kawula ingkang taat dumateng Allah, sabar nalika nandang pacoben lan ugi kawula
ingkang tansah ngabdi wonten ing masyarakat ngajak warga masyarakat tumuju
margi ingkang leres, margi ingkang dipun ridhai Allah subhanahu wata’ala.
Aamiin.
اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ،
إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ وُلَاةَ أُمُوْرِنَا، اَللَّهُمَّ وَفِّقْهُمْ لِمَا فِيْهِ صَلَاحُهُمْ وَصَلَاحُ اْلإِسْلَامِ وَالْمُسْلِمِيْنَ اَللَّهُمَّ أَبْعِدْ عَنْهُمْ بِطَانَةَ السُّوْءِ وَالْمُفْسِدِيْنَ وَقَرِّبْ إِلَيْهِمْ أَهْلَ الْخَيْرِ وَالنَّاصِحِيْنَ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Posting Komentar