Teks Khutbah Singkat Idul Adha 1443 H / 2022 M

 Bahasa Jawa

Nuladhani  Nabi Ibrahim Alaihissalam

Ust. Wismanto


 إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا

 وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ

 

h idul adha rahimakumullahMaasyiral muslimin jamaa

Puji syukur sumangga tansah kita kunjukaken dumateng Allah Ta’ala ingkang sampun paring kenikmatan dumateng sedaya umat ipun saengga wonten enjang puniko kita saget nindakaken ibadah shalat idul adha 1443 H kanti manggih rahayu, widada nir ing sambekala. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamat. Wonten kesempatan punka khatib berwasiat sumangga kita tansah njagi taqwa, amargi namung taqwa margi ingkang saget nylametaken panggesangan kita wonten dunya lan akhirat.

 

Maasyiral muslimin jamaah idul adha rahimakumullah

Dinten idul adha ngemutaken kita dumateng setunggal kawula lan utusanipun Allah subhanahu wata’ala ingkang utama, inggih punika nabi Ibrahim Alaihissalam.  Nabi Ibrahim Alaihissalam punika bapanipun para nabi lan rasul. Lampah gesangipun nabi Ibrahim katah kaserat wonten ing ayat al- quran. Asmanipun nabi Ibrahim ugi asring kita sebat wonten ing ibadah salat kita. Sedaya kala wau bukti bilih nabi Ibrahim mujudaken kawulanipun Allah subhanahu wata’ala ingkang kagungan katah kautaman. Allah subhanahu wata’ala paring pangandikan wonten ing al- quran:

قَدْ كَانَتْ لَكُمْ اُسْوَةٌ حَسَنَةٌ فِيْٓ اِبْرٰهِيْمَ وَالَّذِيْنَ مَعَه

Artosipun:” Yekti Ibrahim lan para pendereke iku dadi suri- tuladhan tumrap sira kabeh . . .(QS- Al Mumtahanah:4)

Maasyiral muslimin jamaah idul adha rahimakumullah

Mila wonten mimbar khutbah idul adha enjing punika khatib ngajak sumangga kita sesarengan mendet piwucal utama saking panggesanganipun nabi Ibrahim Alaihissalam

 

1.   Taat dumateng Allah subhanahu wata’ala

Nabi Ibrahim mujudaken kawula ingkang utama awit sanget anggenipun taat dumateng Allah subhanahu wata’ala. Sinaoso Ibrahim dipun lahiraken lan dipun gulawentah wonten ing kulawarga lan masyarakat ingkang mboten iman dumateng Allah subhanahu wata’ala ananging mboten saget ngalang-alangi iman lan ketaatanipun Ibrahim dumateng Allah subhanahu wata’ala. Allah subhanahu wata’ala ngendika wonten ing al-quran:

 قُلْ إِنَّ صَلَاتِى وَنُسُكِى وَمَحْيَاىَ وَمَمَاتِى لِلَّهِ رَبِّ ٱلْعَٰلَمِينَ

Artosipun: “Kandakna, satemene shalatku lan ibadahku, lan pati uripku iku mung ndak pasrahake marang Allah, Pangerane alam sakalir “ (QS Al Anam 162)

Miterat tafsir Al- Muyassar ayat punika ngisahaken nalikanipun Ibrahim ningali srengene ingkang rikala semanten srengege dados sesembahan warga masyarakatipun. Tegesipun Ibrahim tetep taat dumateng Allah lan tetep manembah, dedhepe sarta ngeggungaken lan ngluhuraken dawuh- dawuhipun Allah subhanahu wata’ala.

 

2.   Sabar nampi pacoben

Ibrahim a.s sampun wongsal- wangsul pikantuk pacoben saking Allah subhanahu wata’ala kawiwitan saking bapanipun ingkang mboten purun iman dumateng Allah subhanahu wata’ala. Ugi pacoben dangu sanget ing ndalem ngantu- ngantu lahiripun putra. Kalajenganken pacoben dipun dawuhi mragat putranipun, lan tasih katah pacoben sanesipun. Ananging sedaya kalau wau dipun tampi kanthi sabar lan ikhlas sahingga Allah maringi ganjaran ingkang agung dumateng nabi Ibrahim a.s injih punika dipun dadosaken “Khalilullah” kekasihipun Allah subhanahu wata’ala. Allah ngendika wonten ing al- quran:

سَلَٰمٌ عَلَىٰٓ إِبْرَٰهِيمَ ( 109) كَذَٰلِكَ نَجْزِى ٱلْمُحْسِنِينَ ( 110) إِنَّهُۥ مِنْ عِبَادِنَا ٱلْمُؤْمِنِينَ( 111)

Artosipun: “ Keslametan kaparingake marang Ibrahim. Kaya mengkono uga ingsun paring ganjaran marang wong wong kang becik tumindake. Satemene Ibrahim iku golongane kawulaningsun kang iman. “ (QS.As Shaffat: 109-111).

 

3.   Ngabdi wonten ing margi ingkang leres

Saksampunipun Ibrahim a.s pirsa margi ingkang leres, Ibrahim Alaihissalam mboten mendel kemawon, ananging lajeng ngajak kulawarga, sanak kadang lan sedaya warga masyarakatipun lumampah wonten margi ingkang leres kasebat. Ibrahim a.s ngajak sedaya warga nindakaken pangibadahan dumateng Allah subhanahu wata’ala. Ibrahim ngajak warganipun supados nindakaken sedaya dawuhipun Allah lan nilaraken sedaya laranganipun Allah. Ibrahim a.s ugi mimpin warga masyarakatipun tumuju tatanan masyarakat ingkang utama. Saengga masyarakat ingkang dipun pimpin Ibrahim estu saget dados masyarakat ingkang makmur sejahtera. Punika kados doanipun nabi Ibrahim ingkang kaserat wonten ing al- quran:

 وَاِذْ قَالَ اِبْرٰهٖمُ رَبِّ اجْعَلْ هٰذَا بَلَدًا اٰمِنًا وَّارْزُقْ اَهْلَهٗ مِنَ الثَّمَرٰ تِ مَنْ اٰمَنَ مِنْهُمْ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِۗ

Artosipun: “ Lan nalika Ibrahim munjuk nenuwun: “Dhuh Pengeran kawula, mugi Paduka karsa andadosaken nagari punika nagari ingkang tata- tentrem, saha mugi tansah paring sawarnining woh wohan dhumateng tetiyang ing ngriku sintena kemawon ingkang iman dumateng Allah lan dinten akhir. . . “ (QS Al- Baqarah: 126).

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ

Maasyiral muslimin jamaah idul adha rahimakumullah

Mugi kita sedaya kadadosaken kawula ingkang saget nuladhani kanjeng nabi Ibrahim Alaihissalam kawula ingkang taat dumateng Allah, sabar nalika nandang pacoben lan ugi kawula ingkang tansah ngabdi wonten ing masyarakat ngajak warga masyarakat tumuju margi ingkang leres, margi ingkang dipun ridhai Allah subhanahu wata’ala. Aamiin.

 

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ،

 إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللَّهُمَّ  اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ وُلَاةَ أُمُوْرِنَا، اَللَّهُمَّ وَفِّقْهُمْ لِمَا فِيْهِ صَلَاحُهُمْ وَصَلَاحُ اْلإِسْلَامِ وَالْمُسْلِمِيْنَ اَللَّهُمَّ أَبْعِدْ عَنْهُمْ بِطَانَةَ السُّوْءِ وَالْمُفْسِدِيْنَ وَقَرِّبْ إِلَيْهِمْ أَهْلَ الْخَيْرِ وَالنَّاصِحِيْنَ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

Silahkan download dan sebarluaskan naskah khutbah Idul Adha 1443 H / 2022 format PDF melalui tautan link berikut:



Post a Comment

أحدث أقدم