Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

Hukum Lan Tata Cara Qurban

Ust. Wismanto

 

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا

وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur sumangga tansah kita kunjukaken dhumateng Allah Ta’ala ingkang sampun paring kanikmatan dhumateng kita sedaya saengga wonten siang menika kita tansah manggih rahayu, widada nir ing sambekala. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang menika khatib wasiat sumangga kita tingkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi laranganipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah manggih kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Sekedap malih kita sedaya badhe lumebet wonten ing dinten riyaya qurban. Mragad qurban mujudaken tradisi bapak kita nabi Ibrahim a.s. ingkang dipun lestantunaken nabi Muhammad SAW. Nindakaken ibadah qurban menika kalebet sunnah muakad, tegesipun sanget dipun anjuraken. Kita dipun makruhaken nilaraken ibadah menika menawi kagungan kekiatan kagem nyawisaken kewan qurban. Nindakaken qurban wonten dinten kasebat langkung utami tinimbang sedekah sak reginipun kewan ingkang kita pragat. Amargi qurban menika amalan kagem nggesangaken sunnah para nabi lan rasul. Nabi Muhammad sampun ngendika:

عَنْ عَائِشَةَ أَنَّ النَّبِىَّ -صلى الله عليه وسلم- قَالَ « مَا عَمِلَ ابْنُ آدَمَ يَوْمَ النَّحْرِ عَمَلاً أَحَبَّ إِلَى اللَّهِ عَزَّ وَجَلَّ مِنْ هِرَاقَةِ دَمٍ وَإِنَّهُ لَيَأْتِى يَوْمَ الْقِيَامَةِ بِقُرُونِهَا وَأَظْلاَفِهَا وَأَشْعَارِهَا وَإِنَّ الدَّمَ لَيَقَعُ مِنَ اللَّهِ عَزَّ وَجَلَّ بِمَكَانٍ قَبْلَ أَنْ يَقَعَ عَلَى الأَرْضِ فَطِيبُوا بِهَا نَفْسًا »

Artosipun: “Ora ana amal sing ditindakake manungsa ing riyaya qurban sing luwih ditresnani dening Allah tinimbang nyembelih kewan. Sak temene kewan qurban bakal teka ing dina kiyamat kanthi sungu, wulu lan kukune. Sak temene ganjarane qurban iku wis ditampa dening Allah sakdurunge getih kurban  mili menyang lemah,.Mula, dadi ayem jiwa kanthi kurban”. (HR. Tirmidzi)

 Jamaah jumah rahimakumullah

Menawi kita badhe nindakaken ibadah qurban kedah nggatosaken 3 syarat:

Syarat ingkang sepindah, kewan ingkang badhe kita pragat kedah sampun genep umuripun. Menawi sapi kedahipun sampun umur 2 tahun, menawi mendho kedahipun umur 1 tahun lan menawi domba kedah sampun umur 6 wulan.

Syarat ingkang kaping kalih, kewan ingkang bade pun pragat kedahipun sehat mboten cacat. Cacat ingkang ndadosaken kewan menika mboten syah kagem qurban wonten 4: ingkang sepisan pincang, ingkang kaping kalih sakit, ingkang kaping tiga picak utawi wuta, ingkang kaping sekawan kuru sanget ngantos mboten wonten sumsumipun.

Syarat ingkang kaping tiga, kewan qurban kasebat kedah pun pragat wonten wekdal ingkang sampun dipun temtokaken syariat. Ewondene wekdal kagem mragat qurban inggih menika kawiwitan saking paripurna shalat idul adha wonten ing tanggal 10 Dzulhijjah ngantos dumugi dinten tasryik kaping 3 wonten tanggal 13 Dzulhijjah sakderengipun wekdal maghrib.

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Sinten ingkang saget lan wantun mragat kanti sae  prayogi pun pragat piyambak, ananging menawi mboten wantun mragat kewanipun, mila saget nyuwung tulung tiyang sanes. Menawi badhe mragat kewan qurban kedah mahos donga:”Bismillahi Allahu Akbar. Allahumma hadza minka wa laka. Allahumma hadzihi ‘an fulan . . .(nyebat asma shahibul qurban). Allah sampun dawuh:

وَلَا تَأْكُلُوْا مِمَّا لَمْ يُذْكَرِ اسْمُ اللّٰهِ عَلَيْهِ وَاِنَّهٗ لَفِسْقٌۗ

Artosipun: “Lan sira aja padha mangan sembelihan kang ora nganggo disebut asmaning Allah, jalaran kang mengkono iku duraka…”. (Al An’am:121)

Saklajengipun, daging qurban menika seperangan kita dahar piyambak, seperangan kita sedekahaken dumateng tangga tepalih lan seperangan malih pareng kita hadiahaken dhumateng mitra patepangan.

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Mekaten seperangan hukum lan tatacara qurban ingkang khatib aturaken wonten ing mimbar khutbah jumat siang menika. Mugi Allah tansah nampi ibadah qurban kita lan ndadosaken kita sedaya kawulanipun ingkang tansah pun tresani lan pun ridhai. Aamiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

 

Silahkan download dan sebarluaskan naskah khutbah jum'at bahasas jawa format PDF melalui tautan link berikut:



Download PDF 


Post a Comment

Lebih baru Lebih lama